Lingkungan urip yaiku kesatuan panggonan karo sakabehing prakara, daya lan makluk kang urip, yaiku manungsa lan apa kang dilakokake kanggo mempengaruhi kelangsungan panguripan lan kasajahteraan manungsa sarta makluk kang urip liyané.[1] Undang-undang iku duwé ancas yaiku kanggo ningkatake kualitas urip, ncegah rusaking alas, lan awèh hukuman kanggo sapa waé kang gawé rusaking lingkungan.[2] Lingkungan kapérang dadi telu komponèn kang ambangun, yaiku biotik (manungsa, kéwan, lan tuwuhan), abiotik (banyu, lemah, lan angin), lan sosial (sosial, ékonomi, budaya, lan keséhatan masarakat).[3]

Lingkungan urip

Komponèn lingkungan hidup iku ana dua jinis, yaiku komponèn biotik lan komponèn abiotik. komponèn biotik yaiku makluk hidup kang meliputi kéwan, tumbuhan lan manungsa. Komponèn abiotik yaiku benda ora urip (banyu, tanah, watu, udara lan cahyo srengéngé. Kabèh komponèn kang ana ning lingkungan hidup minangka satu kesatuan kang ora bisa misahke lan mbentuk sistem panguripan kang karan ékosistem. Antarane komunitas lan lingkungan mesti dadi interaksi. Interaksi iki ndadèkaké kesatuan ékologi kang karan ékosistem. Ekosistem minangka suatu kesatuan fungsional antarané komponèn biotik lan komponèn abiotik.

Cathetan sikil

  1. Undang-Undang No. 23 taun 1977
  2. www.UNEP.org Environment (kaundhuh tanggal 14 Juli 2011)
  3. Situs Resmi Kementrian Lingkungan Hidup RI Archived 2011-08-11 at the Wayback Machine. Lingkungan Hidup (kaundhuh tanggal 14 Juli 2011)