Makutha Rama: Béda antara owahan
Tanpa ringkesan besutan |
Tanpa ringkesan besutan |
||
Larik 4: | Larik 4: | ||
==Piwucal Gunawan Wibisana Salebeting Makutha Rama== |
==Piwucal Gunawan Wibisana Salebeting Makutha Rama== |
||
Kejawi nyariosaken prekawis Hastha Brata, lampahan '''Makutha Rama''' ugi nyariosaken prekawis piwucal [[Wibisana|Gunawan Wibisana]] dhumateng putranipun nenggih Radèn [[Bisawarna]]. Rikala semanten ingkang putra nenggih Radèn [[Bisawarna]] dipunparingi keprabon negari Singgelapura.[[Wibisana|Gunawan Wibisana]] ngendika bilih satunggaling pamimpin kedah kagungan watak '''bawaleksana''', '''jejeg ing adil''', '''gumelaré wasésa''', '''gedhéning panguwasa'''. '''Bawaleksana''' tegesipun kedah netepi janji ingkang naté dipunandharaken. '''Jejeg ing adil''' ngemu suraos saget adil marang saksinten kemawon. Ampun pilih-pilih. Lajeng satunggaling pamimpin kedah kagungan watak '''gumelaré wasésa'''. Tegesipun anggenipun nglampahi panguwaos kedah saget dados pangayom tumrap sedaya tiyang, mboten ''mban cindhe mban siladan'' utawi mbènten-mbèntenaken. Piwucal salejengipun inggih menika '''gedhéning panguwasa'''. Liripun, satunggaling pamimpin kedah maringi pidana sakmurwat dhumateng tiyang ingkang nglampahi tumindak lepat. Déné maringi bebungah dhumateng tiyang ingkang sampun damel kesaénan.<ref name="internet2">{{id}}[http://www.ut.ac.id/html/suplemen/adpu4334/w2_5_jawa.htm.:''Piwucal Gunawan Wibisana-Makutha Rama''](dipunundhuh tanggal 11 Juni 2012)</ref> |
|||
Kejawi nyariosaken Hastha Brata, wonten ing salebeting lampahan '''Makutha Rama''' ugi nyariosaken prekawis piwucal [[Wibisana|Gunawan Wibisana]] dhumateng putranipun nenggih Radèn [[Bisawarna]]. Rikala semanten wonten ing Pertapan Candramanik, Raden [[Wibisana|Gunawan Wibisana]] dipunadhep ingkang putra nenggih Radèn [[Bisawarna]] saksampunipun dipunparingi keprabon negari Singgelapura kanthi jejuluk Prabu [[Bisawarna]]. Prabu [[Bisawarna]] lajeng nyuwun pitedah dhumateng ingkang rama [[Wibisana|Gunawan Wibisana]], supados saget ngreksa kedhaton Singgelapura kanthi sae. Wekasan Raden [[Wibisana|Gunawan Wibisana]] maringi ular-ular utawi piwucal ingkang awujud '''sapta prekawis''' ([[basa Indonesia|Indonesia]]: tujuh hal), ingkang kedah dipunlampahi dening satunggaling nalendra. Sapta prekawis menika inggih menika '''beciking kelakuwan/tumindak''', '''ngakehi kapinteran''', '''pakolehing kagunan''', '''sugih''', '''ngudi singgih''', '''buntasing seserepan''', sarta '''landheping panggraita'''. [[Wibisana|Gunawan Wibisana]] ngendika bilih lakuning urip satunggaling pamimpin pamoring pamardi lan pamarsudi mau dadiya pangudi. Ingkang sepisan '''beciking kelakuwan''', liripun kedah ngagem kanthi sarana hanggulang welas asih, nancepakén raos tresna asih. Ingkang kaping kalih nenggih '''ngakehi kapinteran'''. Prekawis menika werdinipun kedah saget nlateni anggenipun pasionan tuwin mboten ajrih pitaken marang tiyang sanes. Kaping tiganipun '''pakolèhing kagunan''', mengku suraos saksaget-sagetipun kedah ngulintenaken panggarap sarta nengkarakén pangupakara. Salejengipun angka sekawan '''sugih'''. Supados ngagem sarana kanthi ngagengaken panggaotan kanthi gemi, surtiti ngati-ati tuwin tumungkul pamikiripun. [[Wibisana|Gunawan Wibisana]] ngendika malih ingkang angka gangsal inggih menika '''ngudi singgih'''. Liripun kanthi sarana ingkang kedah manggung angudi seserepan tuwin kawruh pangreh praja, sarta nuntuni tata tentrem, tata patrape wong omah-omah tentrem jenjeming ati. Ingkang angka nem inggih menika '''buntasing seserepan'''. Buntasing seserepan menika werdinipun kanthi sarana kedah gegosokkan pamanggih, tuwin tansah anggilut dhumateng surasanipun basa. Lajeng ingkang pungkasan utawi angka pitu nenggih '''landheping panggraita'''. Suraosipun kanthi sarana kedah ngulataken cipta sasmita. Tegesipun mawas dhumateng raosipun patrap tumindak tuwin pangucap menapa dene kedhep sasmita miwah ulat liring ngantos saget anampeni raosipun tiyang sanes ingkang mboten kawedhar utawi nampekaken raosipun piyambak dhumateng tiyang sanes.<ref name="internet2">{{id}}[http://wayangprabu.com/2010/12/28/transkrip-pentas_makhutarama-ki-purbo-asmoro/:''Piwucal Wibisana-Makutha Rama''](dipunundhuh tanggal 11 Juni 2012)</ref> |
|||
Kejawi saking menika, [[Wibisana|Gunawan Wibisana]] ngendika malih bilih, wonten gangsal prekawis ingkang wajib dipunlampahi tuwin dipuntindakaken dhumateng satunggaling panguwaos. Antawisipun '''tata''', '''titi''','''titis''', '''tatag''',saha '''tutug'''. '''Tata''' suraosipun saget nata dhiri pribadhinipun piyambak menapa dene njawinipun dhiri pribadhinipun. Liripun, kagungan raos ''tepa slira'' ([[basa Indonesia|Indonesia]] :''menghargai kepada orang lain''). '''Titi''' tegesipun mboten bingung kaliyan satunggaling prekawis. '''Titis''', saget mendhet satunggaling kaputusan kanthi sarana ingkang leres. Lajeng '''tatag''', inggih menika kedah wantun mendhet wohing pakarti saking tumindakipun piyambak. Ingkang pungkasan '''tutug''', ngemu suraos saget ngrampungaken sedaya kewajibanipun minangka panguwaos.<ref name="internet2"/> |
|||
==Cariyos Gancaran Makutha Rama== |
==Cariyos Gancaran Makutha Rama== |
Révisi kala 11 Juni 2012 21.33
Makutha Rama inggih punika satunggaling lampahan wonten ing salebeting cariyos pewayangan. Makutha Rama kedadosan saking kalih tembung inggih punika Makutha tuwin Rama.[1] Makutha tegesipun ageman ratu ingkang mapan wonten mustaka, déné Rama punika kapendhet saking asma salah satunggaling naléndra saking negari Ayodya garwanipun Dèwi Shinta.[1] Saengga tembung Makutha Rama menawi dipujarwakaken ngemu suraos kados mekaten: Pakarti utama ingkang kedah dipuntindakaken déning ratu minangka pamimpin kados ingkang sampun dipunlampahi tuwin dipuntindakaken déning Prabu Sri Ramawijaya wonten ing Praja Ayodya.[1] Lampahan Makutha Rama saperangan ageng wosipun nyariosaken prekawis wejangan utawi piwucal kapamimpinan ingkang kapacak wonten ing Hastha Brata. [1]
Hastha Brata menika minangka wolu tumindak utawi pakarti ingkang kapendhet saking watakipun alam donya. Wolu kalawau antawisipun kisma (Indonesia: bumi, Inggris: earth), tirta (Indonesia: air, Inggris: water), samirana (Indonesia: angin, Inggris: wind), samodra (Indonesia: laut/samudra, Inggris: ocean), chandra (Indonesia: bulan, Inggris: moon), baskara (Indonesia: matahari, Inggris: sun), dhahana (Indonesia: api, Inggris : fire), kartika (Indonesia: bintang, Inggris: stars).[2] Piwucal Hastha Brata menika rumiyin naté dipunwucalaken déning Ramawijaya dhumateng ingkang rayi nenggih Radèn Bharata ing Ayodya ugi Radèn Gunawan Wibisana nalika badhe jumeneng nata ing Ngalengka.[1] Kejawi saking menika, wonten lampahan Makutha Rama, piwucal Hastha Brata dipunwucalaken déning Begawan Kesawasidi dhumateng satriya Madukara nenggih Radèn Janaka utawi Arjuna. Begawan Kesawasidi sejatosipun panjalmanipun saking Prabu Kresna.[2].
Piwucal Gunawan Wibisana Salebeting Makutha Rama
Kejawi nyariosaken Hastha Brata, wonten ing salebeting lampahan Makutha Rama ugi nyariosaken prekawis piwucal Gunawan Wibisana dhumateng putranipun nenggih Radèn Bisawarna. Rikala semanten wonten ing Pertapan Candramanik, Raden Gunawan Wibisana dipunadhep ingkang putra nenggih Radèn Bisawarna saksampunipun dipunparingi keprabon negari Singgelapura kanthi jejuluk Prabu Bisawarna. Prabu Bisawarna lajeng nyuwun pitedah dhumateng ingkang rama Gunawan Wibisana, supados saget ngreksa kedhaton Singgelapura kanthi sae. Wekasan Raden Gunawan Wibisana maringi ular-ular utawi piwucal ingkang awujud sapta prekawis (Indonesia: tujuh hal), ingkang kedah dipunlampahi dening satunggaling nalendra. Sapta prekawis menika inggih menika beciking kelakuwan/tumindak, ngakehi kapinteran, pakolehing kagunan, sugih, ngudi singgih, buntasing seserepan, sarta landheping panggraita. Gunawan Wibisana ngendika bilih lakuning urip satunggaling pamimpin pamoring pamardi lan pamarsudi mau dadiya pangudi. Ingkang sepisan beciking kelakuwan, liripun kedah ngagem kanthi sarana hanggulang welas asih, nancepakén raos tresna asih. Ingkang kaping kalih nenggih ngakehi kapinteran. Prekawis menika werdinipun kedah saget nlateni anggenipun pasionan tuwin mboten ajrih pitaken marang tiyang sanes. Kaping tiganipun pakolèhing kagunan, mengku suraos saksaget-sagetipun kedah ngulintenaken panggarap sarta nengkarakén pangupakara. Salejengipun angka sekawan sugih. Supados ngagem sarana kanthi ngagengaken panggaotan kanthi gemi, surtiti ngati-ati tuwin tumungkul pamikiripun. Gunawan Wibisana ngendika malih ingkang angka gangsal inggih menika ngudi singgih. Liripun kanthi sarana ingkang kedah manggung angudi seserepan tuwin kawruh pangreh praja, sarta nuntuni tata tentrem, tata patrape wong omah-omah tentrem jenjeming ati. Ingkang angka nem inggih menika buntasing seserepan. Buntasing seserepan menika werdinipun kanthi sarana kedah gegosokkan pamanggih, tuwin tansah anggilut dhumateng surasanipun basa. Lajeng ingkang pungkasan utawi angka pitu nenggih landheping panggraita. Suraosipun kanthi sarana kedah ngulataken cipta sasmita. Tegesipun mawas dhumateng raosipun patrap tumindak tuwin pangucap menapa dene kedhep sasmita miwah ulat liring ngantos saget anampeni raosipun tiyang sanes ingkang mboten kawedhar utawi nampekaken raosipun piyambak dhumateng tiyang sanes.[3]
Cariyos Gancaran Makutha Rama
Wonten ing Kedhaton Negari Ngastina, Prabu Duryudana dipunadhep dening warangka nata nenggih Patih Arya Sengkuni, Nata Mandura Prabu Baladewa, Nata Ngawangga Adipati Karna, Pandhita Durna, miwah ingkang rayi kadang Kurawa. Salebeting pepanggihan kasebat sami pirembagan prekawis wahyu ingkang badhe mandhap wonten ing Marcapada(Indonesia: dunia, Inggris: world). Wahyu kasebut aran Wahyu Makutha Rama. Sang nata Ngastina, Prabu Duryudana sanget kumacelu kagungan raos kepengen pikantuk wahyu kasebat. Wekasan Prabu Duryudana nyuwun dhumateng Adipati Karna supados ngupadi wahyu kasebat kagem Prabu Duryudana. Adipati Karna lajeng nyagahi menapa ingkang dados dhawuh Prabu Duryudana. Kalawan Patih Sengkuni tuwin kadang sata Kurawa, Adipati Karna bidhal badhe ngupados dumunungipun wahyu Makutha Rama.[4].
Salebeting Pertapan Kutharunggu, Kresna madeg dados satunggaling brahmana asmanipun Begawan Kesawasidhi. Wonten dinten menika, sang Begawan Kesawasidhi nembe dipunadhep kaliyan Anoman, Resi Maenaka, Yaksendra tuwin Gajah Setubanda. Anoman ngandharaken bilih, sowanipun wonten Pertapan Kutharunggu menika badhe nyuwun seserepan miwah pitedah menggah margining kayuwanan ugi sampurnaning sangkan paran. Kejawi saking menika sang Anoman nyuwun dipununtabaken kamukswanipun. Anoman ngrumaosi bilih sampun sungkan tinitah wonten ing madyapada (Indonesia: dunia, Inggris: world) ingkang anggung sinandhangan cuwa suka wirang gambira papa mulya sapanunggalanipun. Begawan Kesawasidhi lajeng paring wangsulan dhumateng sang Anoman. Begawan Kesawasidhi ngendika dhumateng Anoman menawi wonten mapinten-pinten titah Hyang Widhi ingkang kataman rogarda sami sekung ngupaya usada supados waluya dinirgakipun keng yuswa, ananging sira ingkang pikantuk nugraha yuswa dangu malah sami nggresula. Begawan Kesawasidhi ugi njarwakaken menawi pati tuwin gesang menika muhung purpa wasesanipun Hyang Widhi. Dawa cendhekipun yuswa tumrap satunggaling titah menika, mungguhing Hyang Widhi, sejatosipun mengku karsa ingkang wigatos tumrapipun jagad raya. [5].
Dereng rampung anggenipun sami pirembagan ing antawisipun Anoman kaliyan Begawan Kesawasidhi, dumadakan rawuh Adipati Karna, Patih Sengkuni ngadhep sang Begawan Kesawasidhi. Adipati Karna matur sejatosipun rawuhipun wonten Pertapan Kutharunggu menika, badhe ngupados wahyu ingkang sinebat Makutha Rama. Begawan Kesawasidhi wekasan paring wangsulan dhumateng Adipati Karna menawi wahyu menika mboten nggadhahi wujud, mboten nggadhahi warni, mboten manggon, ananging namung minangka anugrah saking Hyang Widhi dhumateng tiyang ingkang katarima anggenipun nglampahi tapa brata. Midhanget pangandikanipun Begawan Kesawasidhi, Adipati Karna tuwin Patih Sengkuni wusana nduga menawi wahyu Makutha Rama mapan wonten angganipun Begawan Kesawasidhi.Salajengipun Begawan Kesawasidhi badhe dipunasta lumarap wonten negari Ngastina dipunaturaken Prabu Duryudana. Begawan Kesawasidhi mboten purun, nampik niat sae Adipati Karna tuwin Patih Sengkuni. Wekasan Adipati Karna duka lajeng kedadosan perang. Rikalanipun sami perang, Adipati Karna mboten kuwawa nrenggalangi kridhanipun Begawan Kesawasidhi. Adipati Karna wekasan ngedalaken panah Kyai Kunto Wijayadanu. Rikala pusaka kalawau sampun dipundalaken, Anoman tanggap lajeng nyaut Kunto Wijayadanu saha dipunasta. Adipati Karna rumaos getun ing penggalaih wekasan mlajar kaliyan Patih Sengkuni tuwin Kurawa.[6]
Cathetan Suku
- ↑ a b c d e (ing basa Indonésia)"wahyu-makutharama".:tembung Makutha Rama(dipunundhuh tanggal 6 Juni 2012)
- ↑ a b (ing basa Indonésia) Siswoharsojo,Ki. Pakem Pedhalangan Lampahan Makutha Rama.Toko Buku SG.Ngayogyakarta.Cap-capan kaping VI (1982), halaman 107-108
- ↑ (ing basa Indonésia)Piwucal Wibisana-Makutha Rama(dipunundhuh tanggal 11 Juni 2012)
- ↑ (ing basa Indonésia)Gancaran Makutha Rama(dipunundhuh tanggal 10 Juni 2012)
- ↑ (ing basa Indonésia) Siswoharsojo,Ki. Pakem Pedhalangan Lampahan Makutha Rama.Toko Buku SG.Ngayogyakarta.Cap-capan kaping VI (1982), halaman 37
- ↑ (ing basa Indonésia)Cariyos-Makutha Rama(dipunundhuh tanggal 11 Juni 2012)