Menyang kontèn

Déwa Ruci

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Dewa Ruci yaiku lakon wayang sing disenengi karo masyarakat Jawa. [1] Dewa Ruci kuwi nyeritakake babagan lelampahan Wrekodara sing didhawuhi gurune Resi Drona supaya golek Tirta Pawitra sing bisa nambahi ngelmune sing luwih dhuwur, nanging Resi Drona duwé karep sing ora becik. Dheweke arep merjaya Wrekodara, nanging dheweke percaya karo gurune sing dhawuhi supaya golek Tirta Pawitra kuwi.

Ceritane

Wrekodara pamit karo para sedulure ing Amarta, banjur dheweke lunga menyang Gunung Candramuka. Satekanne ing Gunung Candramuka, Wrekodara ketemu loro raksasa, yaiku Rukmukadan Rukmakala, raksasa kuwi sejatine jelmaan Bathara Indra lan Bathara Bayu sing dikutuk karo Bathara Guru. Banjur keprungu swara, sing wenehi ngerti supaya Wrekodara bali menyang Ngastina amarga Bathara Indra lan Bathara Bayu njlenterekake yen Tirta Pawitra kuwi ora ana ing Gunung Candramuka, amarga kuwi Wrekodara mulih menyang Ngastina. [2]


Cathetan sikil