Menyang kontèn

Basa Kammǔ-ang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.

Basa Kammǔ-ang (Northern Thai: ᨣᩴᩤᨾᩮᩬᩥᨦ (Lanna-khammeuang.png), pronounced [käm˧.mɯa̯ŋ˧] Thai: คำเมือง, pronounced [kʰām.mɯ̄a̯ŋ]) utawa basa T'hay Lor ya iku basa wong T'hay Lor saka laladan Lannà, T'hay. Basa iki saemper basa Tay Kidulkulon kang kanthi fonotagtil cedhak banget karo basa Law. Basa Kammŭ-ang kocap dening kurang luwih 6 yuta wong kang akeh-akehe urip ing laladan T'hay Lor. Saperangan pariklumpuk pamocap basa iki uga manggon ana ing laladan Laos Lorkulon.

Aksara

Basa Kammŭ-ang wiwitane katulis nganggo aksara Lannà. Ananging, basa iki uga bisa katulis nganggo aksara T'hay utawa aksara Law. Amarga angkatan anom ing T'hay Lor ora akeh kang bisa nganggo aksara Lannà kamangka akeh pamocap kang nulis basa Kammŭ-ang ing aksara T'hay.