Madu
Madu (basa Sansekreta: madhu), ya iku cuwèran legi kentel kang digawé tawonTawon.[1] Saka sarining kembang-kembang sing uga diarani néktar. Néktar iki bisa diowahi déning tawon-tawon dadi madu sawisé ditambahi énzim-énzim.[1] Madu akèh banget mupangaté.[1] Kajaba kena kanggo ombènan, uga kena kanggo tetamba.[1] Yèn kanggo tetamba kudu milih madu Asli.[1]
Kanggo niténi madu iku asli apa palsu, carané gampang:
- Madu ditetesaké ing kertas. Yèn nganti dirubung semut, tegesé palsu.[1]
- Madu ing gendul, manawa dikocok banjur munthuk, tegesé uga palsu.[1]
- Nyelupaké rek ing madu; nuli dijresaké. Manawa bisa murub, iku madu asli.[1] Yèn ora murub tegesé uga palsu.[1]
Tawon lumrahé nggawé omah ing wit-wit kang nggrembuyeng.[1] Madu rasané legi lan nyéhataké, amarga madu asalé saka kembang-kembang kang alami sing dipangan tawon.[1]
Tawon
Tawon kang nagsilaké madu kang paling éféktif ya iku Tawon alas utawa Apis Dorsata.[2] Tawon iki kalebu tawon madu Asia kang paling apik maduné.[2] Tawon iki nggawé omah mung siji sisiran kang nggantung ing pang wit, ing langit-langit kang bukaan lan ing tebing jurang.[2] Apis dorsata durung bisa dibudidayakake ing papan kang tertutup.[2] Sisiran sarang ukurane 2 x 2 m lan tawon iki bisa ngasilaké sarang nganti 20 kg saben sarang.[2]
Apis doesara iki awaké gedhé yèn dibandingaké spesiés tawon madu liyané.[2] Tawon iki urip ing tlatah sub-tropis lan tropis Asia kaya ta Indonésia, Filipina, Indi, Népal lan ora tinemu ing saliyané tlatah Asia.[2] Ing Indonesia tawon alas bisa tinemu ing Sumatra, Kalimantan, Sulawesi lan NTB utawa NTT. Tawon iki arang tinemu ing Pulo Jawa.[2]
Dasa nama
Ing Indonésia tawon iki nduwé dasanama kaya ta manye/muanyi (Kalimantan Barat-tlaga Sentarum), tawon gong (Jawa), tawon odeng (Sunda), labah gadang, labah gantuang, labah kabau, labah jawi (Sumatera Barat), harinuan (Tapanuli),lan ing basa Inggris diarani giant hone bee.[2]
Murni
Ajiné nutrisi saben 100 g (3.5 oz) | |
---|---|
Ènergi | 1,272 kJ (304 kkal) |
82.4 g | |
Gula | 82.12 g |
Serat panganan | 0.2 g |
0 g | |
0.3 g | |
Vitamin | |
Riboflavin (B2) | (3%) 0.038 mg |
Niasin (B3) | (1%) 0.121 mg |
Asem pantotènik (B5) | (1%) 0.068 mg |
Vitamin B6 | (2%) 0.024 mg |
Folat (B9) | (1%) 2 μg |
Vitamin C | (1%) 0.5 mg |
Mineral | |
Kalsium | (1%) 6 mg |
Wesi | (3%) 0.42 mg |
Magnésium | (1%) 2 mg |
Fosforus | (1%) 4 mg |
Potasium | (1%) 52 mg |
Sodhium | (0%) 4 mg |
Sèng | (2%) 0.22 mg |
Komponèn liyané | |
Banyu | 17.10 g |
Shown is for 100 g, roughly 5 tbsp. | |
| |
Persèntase sadarma pangira-ira sarana pamrayoga ing AS tumrap wong diwasa. Sumber: Sasana Dhata Gizi USDA |
Madu asli utawa kang diarani madu asli ya iku cuwèran nektar kembang kang diisep tawon madu lan dilebokaké ing kantong madu ing njero awaké tawon.[3] Néktar kembang kang wis diisep mau banjur diolah ing awak tawon kanthi dicampur karo enzim tartamtu banjur ditokaké ing panggonan kanggo nyimpen madu ya iku ing tholo utawa sarang tawon.[3]
Komposisi madu murni nduwéni gizi kang lengkap.[3] Nanging komposisiné uga gumantung karo sumber néktar kang diisep tawon.[3] Madu murni ngandhut Vitamin-Mineral, Protéin, Zat hidrat arang, Hormon, Antibiotik lan trace Elemen.[3]Vitamin A,kabèh jinis vitamin B kompléks, beta caroten, Vitamin C,D,E dan K.Mineral kang wujud uyah: Mg, S, Fe, Ca, Cl, K, Y, Na, Cu, lan Mn.[3] Madu murni ngandhut énzim aktif kang ora bisa diprodhuksi manungsa.[3] Enzim iki kanggo reaksi kimia biologis lan sistem metabolisme ing awak.[3] Enzim ing madu kalebu enzim kang paling apik saka kabéh panganan.[3]
Khasiat
Madu dimanfaatké kanggo kaséhatan lan kanggo nambani lelara.[4] Ora mung wong Timur kang nggunakaké madu nanging wong Barat uga nggunakaké madu kanggo tamba.[4]
Campuran madu lan kayu legi uga dipercaya bisa nambani warna-warna lelara.[4] Madu pancen diasilaké méh kabéh nagara ing dunya.[4] Ayurverdic (nambani lelara kanthi metode ayurveda) lan pangobatan Yunani wis nggunakaké madu kanggo obad wiwit pirang-pirang abad kapungkur.[4]
Para ilmuwan uga wis njléntréhaké yèn madu bisa dadi obat kang éféktif kanggo kabéh lelara.[4] Madu bisa dadi obat kang ora ana éfék sampingé.[4] Sanajan rasané legi, madu uga apik kanggo wong kang nandang diabétes.[4]
Madu yèn dicampur kayu legi bisa kanggo obat kang mujarab.[5] Miturut Weekly World News madu bisa nambani lelara kaya ta Arthritis (radang sendi), rambut rontok ing rambut, infeksi kandung kemih, lara untu, pilek, mandhul, lara weteng, kembung, lara jantung, njaga kekebalan awak, gangguan pencernaan, influenza,ncegah penuaan, jerawat, inféksi kulit, keselen, obesitas, bau nafas[5]
Saliyané kena kanggo obat, madu uga bisa kanggo perawatan kecantikan.[6]
Informasi saka laman Times of India madu nduwéni akèh kagunan.[6]
- Madu bisa dadi penggantiné gula kang séhat.[6]
- Madu kena kanggo diét[6]
- Madu duwé sipat anti-baktéri kang bisa njaga pencernaan. Madu bisa diombé bocah cilik lan ora ana éfék sampingé.[6]
- Madu uga nduwé karsinogen kang bisa ncegah tumor amarga duwé sipat anti-tumor lan bisa ncegah kanker.[6]
- Madu bisa ditambahaké ing wedang jaé kanggo nambani lara gorokan.[6]
- Madu duwé sipat antisèptik kang bisa ncegah inféksi bakteri.[6]
- Madu uga bisa ngurangi rasa lara lan aboh, amarga madu nduwéni sipat antibakteri kang ncegah inféksi lan nduwéni fungsi agén anti-inflamasi.[6]
- Madu bisa kanggo masker rai.[6]
Wektuné kurang luwih 10 nganti 15 menit sadurungé rai diraupi nganggo banyu anget.[6] Iki ndadèkaké kulit rai dadi lentur lan katon seger.[6]
- Madu bisa nggawé rambut katon ireng lan kemilau[6]
- Nambahaké siji nganti rong cendhok tèh madu ing tèh chamomile sadurungé turu bisa nglenturaké saraf kang tegang lan bisa turu angler.[6]
Gladri
-
es degan campur madu
-
sarang lebah madu
-
madu murni
-
madu asli
-
tholo
-
omah tawon
-
ekstrak madu
-
madu kentel
-
madu disaring
-
madu didol ing toko
Cathetan suku
- ↑ a b c d e f g h i j k www.maduhutan.com(dipunundhuh tanggal 3 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e f g h i www. madu hutan.com/informasi/lebah hutan(dipunundhuh tanggal 3 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e f g h i http://health.kompas.com(diundhuh tanggal 3 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e f g h http://health.kompas.com/read/2010/08/24/0824337/20.Khasiat.Madu.Plus.Kayu.Manis.I.(dipunundhuh tanggal 3 Mèi 2011)
- ↑ a b http://health.kompas.com/read/2010/08/24/09125830/20.Khasiat.Madu.Plus.Kayu.Manis.II(dipunundhuh tanggal 3 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n http://kosmo.vivanews.com Archived 2010-11-24 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 3 Mèi 2011)
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Honey. |