Abu Thalib
|
Abū Thālib bin ‘Abdul-Muththalib (Basa Arab: أبو طالب بن عبد المطلب) (539/540-619) inggih punika ramanipun Ali bin Abi Thalib sarta paman saking Muhammad. Jeneng aslinipun Imran (Arab: عمران), nanging ingkang misuwur dipunnamani Abu Thalib, ingkang tegesipun ramanipun Thalib.[1] Minangka pamarsa Bani Hasyim sasampunipun ramanipun pejah Abdul Muththalib, piyambakipun dados pengasuh Muhammad saha pandukung utami nabi kanggé dakwah, Abū Thālib nggarwa Fatimah binti Asad saha gadhah nem putra.
Kulawarga
[besut | besut sumber]Abu Thalib bin Abdul Muthalib gadhah sekawan laré jaler saha kalih laré éstri, inggih punika:
- Thalib bin Abu Thalib
- Ja'far bin Abu Thalib
- Ali bin Abu Thalib
- Aqil bin Abu Thalib
- Fakhtihah binti Abu Thalib
- Jumanah binti Abu Thalib (Ummi Hani)
Masa sadèrèngipun Islam
[besut | besut sumber]Abū Thālib punika putra saking Abdul Muththalib saha Fatimah bin Amr sarta gadhah sanga sadhérèk, ingkang salah satunggaling punika Abdullah bin Abdul Muthalib minangka ramanipun Muhammad. Piyambakipun minangka pengasuh nabi sapaninggalipun Abdul Muthalib saha Aminah binti Wahab ngantos Muhammad garwa kaliyan Khadijah binti Khuwailid.[1]
Sasampunipun Kenabian Muhammad (570-632)
[besut | besut sumber]Sasampunipun Muhammad dipunangkat minangka rasul saha nabi, piyambakipun dados tiyang ingkang nglindungi kulawarga Bani Hasyim saking serangan masarakat Mekah saha sakitaripun. Abū Thālib pejah wonten ing taun kang sami kaliyan Khadijah binti Khuwailid, inggih punika taun 619 M.[1]
Abū Thālib Pejah
[besut | besut sumber]Abū Thālib pejah wonten ing kaanan kafir sasampunipun Muhammad usaha kanggé ngucap kalimat tauhid.[2] Pinten-pinten bab ingkang saged dipunpundhut saking kawruh punika:
- boten kepareng nyuwunaken ampun kanggé tiyang musrik, ugi boten kepareng ndongakaken supados angsal ampunan, rahmat, mlebet suargi saha slamet saking neraka.
- sajatosipun syafa’at Muhammad kanggé Abu Thalib kadadosan sasampunipun ayat-ayat Allah kang mulya ngandhap ugi ngandharaken babagan dipungampilaken azab punika.
- kesirikan boten maringi mupangat satunggal punapa.
- Syafa’at tiyang ingkang maringi Syafa’at boten wonten mupangataipun kanggé tiyang ingkang nyekutukaken Allah.
- waspada rikala reréncangan kaliyan réncang ingkang boten saé.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c (ing basa Arab)Kaluwarga Abu Thalib Archived 2012-10-31 at the Wayback Machine. (dipununduh 10 nopember 2012)
- ↑ a b Abū Thālib Pejah (dipununduh 10 nopember 2012)