Ageng Tirtayasa
Sultan Ageng Tirtayasa | |
---|---|
Lair | 1631 Banten |
Pati | 1692 (yuswa 60–61) Banten, Indonésia |
Jalaran pati | Shot |
Jawa Kulon | |
Pakaryan | Pajuang Pulo Jawa |
Sultan Ageng Tirtayasa yaiku pahlawan Indonésia kang asalé saka Banten.[1] Jeneng asline Sultan Ageng Tirtayasa yaiku Abu'l Fath Abdulfattah.[1] Sultan Ageng Tirtayasa lungguh ing tahta lan dadi raja Banten wonten taun 1651.[1] Sultan kang umur 20 taun sampun boten seneng kaliyan Walanda amarga Walanda ditingali namung dadi pengrusak padodolan ing tlatah Banten.[1] Nalika Walanda teka ana Banten, Sultan Ageng njalin kerjasama karo Bengkulu, Cirebon, lan Mataram.[2] Sultan Ageng ngupayaake ngalang-ngalangi padodolan Walanda.[1] Saliyané iku, wong-wong Banten uga kautus kanggo ngrewangi nglancarake serangan gerilya marang Walanda ing Jakarta, bisa liwat jalur dharat utawa laut.[1]
Sultan Agung Tirtayasa lair ing Serang taun 1631 lan tinggal donya ing Serang uga taun 1692[3] Sultan Agung Tirtayasa yaiku anaké Abu al-Ma'ali Ahmad.[3] Ibune Sultan Agung Tirtayasa yaiku Ratu Martakusuma.[4] Nalika cilik dhèwèké duwé gelar Pangeran Surya.[3] Nalika Bapake tinggal donya,Sultan Ageng diangkat dadi Sultan Mudha kanthi gelar Pangeran Dipati.[3] Jeneng Tirtayasa diolehi nalika yasa kraton anyar ing désa Tirtayasa (ing Kabupatèn Serang).[3] Nalika mangsa pemerintahane ing Kesultanan Banten (1651-1682, dhèwèké nggalang perlawanan marang VOC lan nggawé Banten minangka Kesultanan Islam kang makmur.[3]
Nalika cilik,Ageng Tirtayasa duwé gelar pangeran Surya.[5] Nalika bapake sedho, dhèwèké diangkat dadi sultan Muda kang digelari Pangeran Ratu utawa Pangeran Dipati.[5] Sawisé simbahe sedho donya, dhèwèké diangkat dadi sultan kanthi gelar Sultah Fathi Abdul Fattah.[5] Sultan Ageng Tirtayasa nguwasai ing kesultanan Banten ing periode 1651-1682.[5] Dhèwèké mimpin akèh perang lawan Walanda.[5] Mangsa iku, VOC nerapke kesepakatan monopoli dagang kang ngrugike kesultanan Banten.[5] Terus Tirtayasa nolak maring kesepakatan iku lan gawé Banten supaya dadi Pelabuhan kang terbuka kanggo umum.[5] Mangsa iku, Sultan Ageng Tirtayasa pengen wujudake Banten dadi karajan Islam kang gedhé dhéwé.[5]
Ing babagan ékonomi, Tirtayasa ngupayakake bisa ningkatke kesejahteraane rakyat kanthi cara mbukak sawah-sawah anyar lan ngembangke irigasi utawa pengairan.[5] Ing babagan Keagamaan, dhèwèké ngangkat syekh Yusuf dadi mufti karajan lan penasehat sultan.[5] Nalika ana sengketa antarané putra lorone, Sultan Haji lan Pangeran Purbaya, Walanda mèlu campur tangan yaiku sekuthu karo Sultan Haji kanggo nyingkirke Sultan Ageng Tirtayasa.[5] Nalika Tirtayasa ngepung wadyabala Sulta[ Haji ing Sorosowan (Banten), Walanda ngrewangi sultan Haji yaiku kanthi cara ngirimake wadyabala kang dibawahi Kapten Track lan de Saint Martin.[5]
Silsilah Sultan Agung Tirtayasa[6]
[besut | besut sumber]- Sultan Haji
- Pg. Arya Abdul ‘Alim
- Pg. Arya Ingayudadipuna
- Pg. Anya Punbaya
- Pangenan Sugiri
- Tubagus Rajasuta
- Tubagus Rajaputna
- Tubagus Husen
- Raden Mandaraka
- Raden Saleh
- Raden Sum
- Raden Mesir
- Reden Muhammad
- Raden Muhsin
- Tubagus Wétan
- Tubagus Muhammad Athif
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f www.tokohindonesia.com Archived 2017-04-16 at the Wayback Machine. Melawan Monopoli Walanda (diundhuh 28 Me 2011)
- ↑ books.google.com(diundhuh 5 Juni 2011)
- ↑ a b c d e f www.kidnesia.com Sultan Ageng Tirtayasa (diundhuh 28 Mèi 2011)
- ↑ openlibrary.org Pahlawan Nasional Sultan Ageng Tirtayasa (diundhuh 28 Me 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l [1] Archived 2011-08-21 at the Wayback Machine. Pahlawan Nasional Sutan Ageng Tirtayasa (diundhuh 25 Juni 2011)
- ↑ archive.kaskus.us Archived 2010-10-24 at the Wayback Machine.(diundhuh 5 Juni 2011)