Rokok

linthingan kertas isi tembako kanggo udud

Rokok utawa sigarèt utawa udud yaiku linthingan kang digawé saka kertas, dawané 70–120 mm (akèh variasiné miturut nagara prodhuksi) kanthi dhiamèter 10 mm kang isiné cacahan saka godhong tembakau.[1] Cara migunakaké rokok yaiku kanthi mbakar salah siji pucuké nganti metu mawané supaya keluké bisa diisep nganggo lambé ing pucuk kang liyané.[1] Rokok lumrahé dibungkus kanthi wujud bungkusané kothak lan dibungkus ing kertas supaya gampang anggoné nggawa.[1] Ing bungkus rokok lumrahé ana tulisan kang kuduné dadi wigatiné para naraguna rokok, kaya déné bahaya kangker lan serangan jantung, nanging saiki tulisan iku mung dadi rerenggan ing bungkusané thok tanpa digatèkké kanthi tenanan.[1]

Rokok

Rokok duwé kandhungan kimia kang asipat mbahayani kanggo kasarasan awak.[2] Rokok duwé kandhungan kimia kang cacahé punjul 4.000 zat kimia kang mbahayani kanggo kasarasan awak.[3] Kandungan kimia kang mbahayani kanggo kasarasan awak yaiku acroelin, karbon moniksida, nikotin, amonia, formic acid, hydrogen cyanida, nitrous oksida, phenol, formaldehida, acetol, hydrogen sulfida, phyridin, metanol, methyl klorida, lan tar.[2][4] Zat-zat iku mau ora mung mbahayani kanggo naraguna rokok, nanging uga mbahayani kanggo prokok kang pasip.[3]

Carané nggawé rokok yaiku tembakau kang wis dicacah utawa dirajang, dipépé dhisik sagaringé.[2] Sawisé garing, banjur dilinthing utawa digulung nganggo kertas kang wis dicakakeé.[3] Ing gulungan kang pungkasan, kertasé dilèlèti lém supaya bisa rapet.[2] Carané nglinthing bisa nganggo tangan utawa piranti kang isih sedherhana.[4] Cara kang kaya ngono dianggo nalika nggawé rokok sigarét krètèk tangan.[2] Ana uga kang nggawè rokok sigarét krètèk nganggo mesin, bédané yèn nganggo mesin asil prodhuksiné bisa luwih akèh amarga luwih rikat kerjané.[2] Bahan kang dianggo nggawé rokok akèh macemé, kaya ta klobot utawa sarung jagung, kawung utawa godhong aren, sigaret saka kertas, lan cerutu saka godhong tembakau.[4]

Masalah bab rega rokok

besut

Rokok utawa udud iki ana kabijakan ingkang ngatur lan ngudhari bab rega. Salah sawijiné aturan Pamarintah Indonésia bab rega udud lajeng diundhakaké nganti larang

Cathetan suku

besut
  1. a b c d (kajupuk tanggal 15 Maret 2011)
  2. a b c d e f (kaundhuh tanggal 15 Maret 2011)
  3. a b c "(kajupuk tanggal 15 Maret 2011)". Diarsip saka sing asli ing 2011-06-18. Dibukak ing 2011-03-15.
  4. a b c "(kajupuk tanggal 15 Maret 2011)". Diarsip saka sing asli ing 2011-03-10. Dibukak ing 2011-03-15.

Pranala njaba

besut