Gunung Wayang
Gunung Wayang | |
---|---|
Èlevasi | 2,182 metres (7,159 ft) |
Gunung wayang yaiku gunung sing manggon ana ning Pulo jawa, Indonésia.[1] Dhuwure gunung iki yaiku 2181 mèter.[1]. Gunung wayang duwé kawah sing jembare 750 m ning sisih kulan ana 4 fumarol laladan.
Teges Gunung Wayang
[besut | besut sumber]Tembung "wayang' wonten ing nama Gunung Wayang ingkang manggèn wonten ing sisih kidul Bandung sajatosipun sanès kapundhut saking kata "Wayang". Wayang wonten ing ngriki kapundhut skaing tembung "wa" kaliyan "yang". "wa" ngemu teges angin utawi angin lembut, kaliyan "yang" ingkang ngemu teges déwa. Dados miturut etimologi kata, gunung punika tegesipun "Angin Surgawi" utawi "ANgin Dewata ingkang Lembut", minangka nggambaraken kaendahan alam ingkang wonten ing sakiwa tengenipun gunung.[2]
Sajarah Gunung Wayang
[besut | besut sumber]Gunung Wayang sampun dangu dipuntepang kaliyan masarakat, wonten ing taun 1914 Dr. N.J. Krom ngandharaken bilih wonten ing pucuking Gunung wonten arca ingkang kadamel saking watu cadas ingkang prosès pandamelanipun kasar lan wonten ugi 40 arca sanèsipun. Wonten ing salah satunggaling pasarean wonten pecahan-pecahan tembikar, kapak batu kaliyan tembikar.
Pupuh Sinom
[besut | besut sumber]Wonten ing godhong lontar, Pujangga manik nyerat:
- “…
- Sacunduk ka Gunung Sembung,
- Eta huluna Ci Tarum,
- Di inya aing ditapa,
- Sambian ngeureunan palay,
- Tehering puja nyanghara,
- Puja nyapa pugu-pugu,
- Tehering nanjeurkeun lingga.
- …”
- “…
- Sadari aing ti inya
- Leumpang aing ngidul-ngetan,
- Meuntasing di Ci Marijung,
- Meuntasing di Ci Carengcang,
- Meuntas aing di Ci Santi,
- Sananjak ka Gunung Wayang.
- …”
wosipun pupuh punika ngandharaken bilih gunung wayang sampun dipuntepang lami kaliyan masarakat.
Papan Wisata
[besut | besut sumber]Nalika wonten ing taun 1930-an Pangalengan sampun dados objek wisata ingkang misuwur amargi kaendahaning alam ingkang permai. Apel kaliyan kapas mutunipun saé, papan punika ugi kathah dipunyasa hotèl. Nji Anah, Zangeres-Dichteres wonten ing Tjiandjoer, nyerat pupuh ingkang salajengipun dados buku panduan wisata, Beschrijving van Pangalengan en Omstreken ingkang dipunjangkepi kaliyan foto-foto, peta ingkang ukuranipun rinci sanget. pupuh sinom ingkang dipunserat déning Nji Anah kasebat, inggih punika:
- Tanah ma’mur Pangalengan
- Mun ku urang dikuriling
- Atawa ditingalian
- Palih ti wétan ngadingding
- Watesna Gunung Bedil
- Gunung Wayang Gunung Windu
- Ngantay jadi sajajar
- Jiga nu pairing-iring
- Cek urang teh bade arangkat ka mana?
- Tanah Makmur Pangalengan
- Jika kita kelilingi
- Atau sekadar dilihat
- Sebelah timur mendinding
- Batasnya Gunung Bedil
- Gunung Wayang Gunung Windu
- Seperti beriring-iring
- Kata kita mau berangkat ke mana?
Ginanipun Gunung Wayang
[besut | besut sumber]Gunung wayang sapunika dipun-ginakaken ènergi panas buminipun (Geotermal), satemah saged nambah cadangan ènergi kanggé Pulau Jawa kaliyan Bali. Nanging kawontenanipun ènergi panas bumi punika gayut kaliyan air ingkang ngresep wonten ing lebetipun lemah. Kawontenanipun geotermal punika ugi gayut kaliyan kawontenanipun hutan.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b [1](dipunundhuh tanggal 15 Juli 2012) Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; jeneng "internet 1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda - ↑ Dari Gunung Wayang, Angin Dewata Berembus(dipunundhuh tanggal 29 September 2012)