Hermann Staudinger
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Hermann Staudinger (lair ing Worms, 23 Maret 1881 – pati ing Freiburg im Breisgau, 8 Sèptèmber 1965 ing umur 84 taun) inggih punika salah satunggaling kimiawan Jerman ingkang nedahaken wontenipun makromolekul ingkang dipunsebut minangka polimer. Staudinger minangka pamenang Nobel Kimia rikala taun 1953. Piyambakipun ugi dipunkenal amargi penemuan ketena lan reaksi Staudinger.[1]
Pagesangan awal
[besut | besut sumber]Hermann Staudinger miyos wonten ing Worms, caket Kali Rhein. Amargi ngremeni tetuwuhan , piyambakipun sinau botani kaliyan Georg Klebs wonten ing Universitas Halle sabibaripun lulus saking sekolah inggil wonten ing 1899. Bapakipun ngendika supados staudinger sinau wulangan kimia saperlu mangertosi babagan botani. Nindakaken dhawuh bapakipun, Hermann ngangsu kawruh babagan kimia wonten ing Universitas Halle, Darmstadt, lan München. Kimia dados minat ingkang utama, lan nalika taun 1903, nalika yuswanipun ngancik angka 22 taun, piyambakipun pikantuk gelar PhD wonten ing sangandhapipun bimbingan saking Daniel Vorländer wonten ing Universitas Halle.[2]
Karier panalitén
[besut | besut sumber]Pyambakipun nglajengaken panaliténipun babagan kimia organik wonten ing laboratorium Johannes Thiele ing Universitas Strasbourg. Sadangunipun panalitén babagan senyawa asem karbol, Hermann manggihaken ketena ingkang reaktif sanget. Nalika taun 1907, sasampunipun mungkasi karya pascadoktoralipun babagan ketena, Staudinger, nalika yuswanipun 26 taun, dipunangkat minangka profesor wonten ing Universitas Karlsruhe, nggantosaken Roland Scholl. Wonten ing Karlsruhe, piyambakipun kapanggih kaliyan sajumlah kimiawan ingkang misuwur kados ta Carl Engler lan Fritz Haber, bapak kimia tekanan tinggi. Wekdal punika, panalitén Hermann Staudinger fokus babagan kimia ketena, reaksi oksalil khorida, senyawa diazo alifatik, lan preparat butadiena lan isoprena.[3]
Nalika taun 1912, Richard Martin Willstatter, tokoh kimia organik, dipunangkat minangka direktur Kaiser-Wilhelm-Gesellschaft kanggé kimia wonten ing Berlin-Dahlem. Eigenössische Technische Hochschule wonten ing Zürich nawakaken kursinipun ingkang kosong dhumateng Staudinger, ingkang nembé kémawon nerbitaken bukunipun ingkang kapisanan Die Ketene. Wonten ing Zurich, Staudinger nglajengaken panaliténipun babagan sintesis organik. Kaliyan Leopold Ruzicka (ingkang samangké menangaken Bebungah Nobel Kimia nalika taun 1939), Staudinger ngenali struktur piretrin alami lan ngembangaken jalur sintesis wonten ing insektisida alami ingkang wigati mau. Sadangunipun Perang Donya II, Staudinger ugi ngawontenaken panalitén babagan senyawa ersatz, minangka gantosipun produk alami ingkang sadangunipun perang sakedhik maringi pambiyantu. Kajawi pengembangan lada sintesis, Staudinger lan Tadeusz Reichstein ugi damel analisis ganda kopi alami ingkang awrat. Pungkasanipun, kekalihipun medal kanthi ganda ersatz ingkang saged dipunpitadosi (furfuril merkaptan kanthi jejak metil merkaptan), ingkang dipunéwahi wonten ing prosès indhustri.[4]
Karya
[besut | besut sumber]Panalitén Staudinger dipunterbitaken langkung saking 800 terbitan ingkang cacahipun langkung saking 10.000 kaca cetak. Piyambakipun ngringkes panaliténipun wonten ing otobiografinipun, Arbeitserinnerungen (Saking Kimia Organik dhateng Makromolekul) ingkang dipunterbitaken nalika taun 1970. Karya kempalanipun, ingkang judhul Das Wissenschaftliche Werk von Hermann Staudinger (Sumbangan Ilmiah Hermann Staudinger), dipunsunting déning Magda Staudinger lan dipunterbitaken antawis taun 1969 lan 1976.
sadangunipun pinten-pinten taun, buku teks Staudinger, ingkang judhul Die hochmolekularen organischen Verbindungen Kautschuk und Cellulose (Senyawa Organik Berbobot Molekul Tinggi Karet lan Selulosa), ingkang dipunterbitaken nalika taun 1932 déning Springer ing Berlin, dados "kitab suci" kanggé kathah ilmuwan akademik lan indhustri. Nalika taun 1947, Staudinger medalaken jurnal akademik énggal Makromolekulare Chemie kaliyan Wepf & Company, penerbit wonten ing Basel. Sadangunipun 50 taun, jurnal punika sampun nyamektakaken forum unggul bagi pertukaran ilmiah lan majengaken ngèlmu polimer.[5]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ http://www.nobelprize.org/nobel_prizes/chemistry/laureates/1953/staudinger-bio.html
- ↑ http://www.nobelprize.org/nobel_prizes/chemistry/laureates/1953/
- ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-02-11. Dibukak ing 2013-01-28.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ http://www.nndb.com/people/452/000100152/
- ↑ http://www.britannica.com/EBchecked/topic/564304/Hermann-Staudinger
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Staudinger’s Life and Careeer Archived 2011-09-28 at the Wayback Machine.