Kulawarga basa Turk
Turk | |
---|---|
Pasebaran | Saka Éropah Wétan tekan Cina Kulon lan Sibèri |
Pepanthaning basa | Salah siji kulawarga basa pokok ing jagat |
Basa purwa | Purwa Turk |
Turun | |
ISO 639-5: | trk |
Glottolog | turk1311[1] |
Kidul-kulon (Oghuz)
Kidul wétan (Uyghur) Khalaj (Arghu) Lor-kulon (Kipchak) Chuvash (Oghur) Lor-wétan (Siberian) |
Kulawarga basa Turk iku kulawarga basa mawa anggota basa cacah telung puluh lima[2] kang dicaturaké wong-wong Turk saka Éropah Wétan lan Madya Bawana tekan Sibèri lan Cina Kulon. Kulawarga basa Turk asalé saka sawijining tlatah ing Asiah Wétan kang jembaré saka Cina Kulon tekan Mongol. Tlatah mau dinuga dadi panggonané wong-wong kang ngendikan basa purwa Turk watara 2.500 taun kapungkur.[3] Ing tembé, wong-wong mau banjur ngelar jajahan tekan Asiah Tengah lan terus mengulon dhèk milénium kapisan.[4]
Turkic basa kang dipocapake minangka native basa déning sawatara 170 yuta wong, lan nomer total Turkic pamicara, kalebu liya-basa pamicara, iku liwat 200 yuta.[5][6][7] Ing Turkic basa karo nomer paling saka pamicara punika turki, ngandika mligi ing Anatolia lan Balkan, native speakers kang akun kanggo bab 40% saka kabèh Turkic pamicara.
Fitur-fitur kang dadi titikané basa Turki kaya ta laras-swara (vowel harmony), aglutinasi, lan tanpa jèndher ing paramasastra (grammatical gender) ana kabèh ing basa-basa anggotané kulawarga basa Turk. Sawenèh basa ing kulawarga basa Oghuz uga banget isih padha silih sumurup kaya ta basa Turki, basa Azerbaijan, basa Turkmén, basa Qashqai, basa Gagauz, basa Turki Gagauz Balkan, lan Tatar-Krim kang kadayan basa Oghuz.[8] Sanajan anggoné nggolongaké basa-basa anggotané ana warna-warna, kulawarga basa Turk lumrahé dipantha dadi pang utawa golongan cacah loro: (1) kulawarga basa Oghur, kang anggotané saiki mung kari basa Chuvash, lan (2) kulawarga basa Turk Lumrah, kang anggotané mono kabèh basa saliyané kang karan mau, kalebu kulawarga basa Oghuz.
Titikané kulawarga basa Turk sawenèhé uga sairib karo titikané kulawarga-kulawarga basa kiwa-tengené ing Asiah Wétan kaya déné kulawarga basa Mongol, kulawarga basa Tungus, kulawarga basa Koréa, lan kulawarga basa Jepang. Kabèh kulawarga basa mau biyèn tau ditunggalaké dadi kulawarga basa Altai. Irib-iriban kang cetha karo kulawarga basa Ural mandar tau njalari tuwuhé hipotèsis anané kulawarga basa Ural-Altai.[9][10][11] Mangkonoa, ora ana yekti kang cukup kanggo gawé dudutan mungguh anané kulawarga-kulawarga basa kang gedhé-gedhé mau. Mungguh anané irib-iriban, kang mangkono saiki mung ingaran tembé-buriné gegepokan basa (language contact) kang rowan-rowan (èstènsif) dhèk jaman prasajarah.
Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ Hammarström, Harald; Forkel, Robert; Haspelmath, Martin, èd. (2017). "Turkic". Glottolog 3.0. Jena, Jerman: Max Planck Institute for the Science of Human History.
{{cite book}}
: Unknown parameter|chapterurl=
ignored (pitulung) - ↑ Dybo A.V., "Chronology of Türkic languages and linguistic contacts of early Türks", Moskow, 2007, p. 766, [1] Archived 2005-03-11 at the Wayback Machine. (In Russian)
- ↑ Janhunen, Juha (2013). "Personal pronouns in Core Altaic". Ing Martine Irma Robbeets; Hubert Cuyckens (èd.). Shared Grammaticalization: With Special Focus on the Transeurasian Languages. kc. 223.
- ↑ Katzner, Kenneth (March 2002). Languages of the World, Third Edition. Routledge, an imprint of Taylor & Francis Books Ltd. ISBN 978-0-415-25004-7.
- ↑ Brigitte Moser, Michael Wilhelm Weithmann, Landeskunde Türkei: Geschichte, Gesellschaft und Kultur, Buske Publishing, 2008, p.173
- ↑ Deutsches Orient-Institut, Orient, Vol. 41, Alfred Röper Publushing, 2000, p.611
- ↑ http://www.zaman.com.tr/iskander-pala/turkceyi-kac-kisi-konusuyor_480993.html
- ↑ "Language Materials Project: Turkish". UCLA International Institute, Center for World Languages. February 2007. Diarsip saka sing asli ing 2007-10-11. Dibukak ing 2007-04-26.
- ↑ Sinor, 1988, p.710
- ↑ George van DRIEM: Handbuch der Orientalistik. Volume 1 Part 10. BRILL 2001. Page 336
- ↑ M. A. Castrén, Nordische Reisen und Forschungen. V, St.-Petersburg, 1849