Ula weling
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Weling | |
---|---|
Ular weling, Bungarus candidus dari Tamanmekar, Pangkalan, Karawang | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Subfilum: | Vertebrata |
Klas: | Reptilia |
Ordho: | Squamata |
Subordho: | Serpentes |
Famili: | Elapidae |
Génus: | Bungarus |
Spésies: | B. candidus |
Jeneng binomial | |
Bungarus candidus (Linnaeus, 1758) | |
Sinonim | |
Coluber candidus Linnaeus, 1758[2] |
Weling utawa ula weling (Bungarus candidus) ya iku sejinis ula kang duwé upas saka suku Elapidae; nyebar ing Asia Tenggara nganti ing Jawa lan Bali. Ing pira-pira panggonan dikenal minangka ula belang, jeneng kang uga diwènèhaké kanggo ula welang (B. fasciatus). Ula warakas saka laladan Cirebon-Indramayu lan sekitaré ya iku wujud ireng (melanistik) saka weling. Sajeroning basa Inggris dikenal minangka Blue krait utawa Malayan krait.
Pangenalan
[besut | besut sumber]Ula kang ramping lan ora rodok dawa; saka ndas nganti buntut sakiwa-tengené 100 cm, kanti dawa maksimal sakiwa-tengené 155 cm[4] Buntuté sakiwa-tengené 15% dawa total.
Siséh dorsal (geger) belang ireng lan putih, ana sakiwa-tengené 30-an belang ireng saka éndas nganti buntut. Lumrahé ana titik keirengan utawa kecoklatan ing pérangan putihé. Belang kang pertama paling amba, nyakup uga ndasé kang wernané ireng, lan luwih amba daripada belang putihé. Selot memburi, belang irengé selot ciut lan selot padha, sebanding utawa luwih ciut saka putihé.[5] Werna irengé kandang rodok kecoklatan utawa kebiruan, lan putihé kadang rodok kekuningan. Siséh ventral (weteng) wernané putih sekabèhané utawa rodok kekuningan.
Ula kang isih cilik ora ana titik-titik ireng ing pérangan putihé, lan duwé corak lekukan putih ing kiwa-tengené gulu.[5]
Sisik ventral 209-219, anal tunggal (ora kapérang), subkaudal 40-50, kabèh tunggal. Sisik dorsal sajeroning 15 deret, sisik-sisik vertebral ukurané luwih gedhé; perisai labial nduwur 7 iji, kang kaping-3 lan kaping-4 ngemèk mata. Buntuté cilik normal, nganti ing pucuké kang lancip.[5]
Panyebaran
[besut | besut sumber]Weling dingertèni nyebar ing Thailand, Kamboja, Vietnam, Ujung Malaya, Singapura, Sumatera, Jawa, Bali lan Sulawesi[4][6].
Ékologi lan pakulinan
[besut | besut sumber]Ula iki tinemu ing dataran endèk nganti wewengkon pagunungan ing elevasi 1.200 m dpl. Weling urip ing alas-alas dataran endèk kang lembab utawa garing, alas pagunungan, alas mangrove, semak belukar, perkebunan, lahan pertanian, lan ing kiwa-tengené omah-omah. Lumrahé jinis iki ditemoni ana panggonan kang relatif kabukak, kerep ing cepaké banyu, nanging uga ing pérangan kang garing.[4]
Ula weling sifaté terestrial, urip ing sakduwuré lemah, lan lumrahé nokturnal, lan metu sawisé peteng saka bolongan-bolongan umpetané, utawa saka ngisor tumpukan kayu, watu, utawa vegetasi kang rapet. Ing wayah awan ula iki cenderung alon lan wedian.[4] Yèn diganggu, weling kerep ngumpet ing ngisor gulungan awaké.
Mangsa mligi ya iku jinis ula liyané; saliyané iku uga mangan kadal lan kodok. Weling sifaté ovipar, saben ngendog sakiwa-tengené 10 iji.[4]
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ Wogan, G., G. Vogel, L. Grismer, T. Chan-Ard, & T.Q. Nguyen (2012). "Bungarus candidus". IUCN Red List of Threatened Species. Version 2012.1. International Union for Conservation of Nature. Dibukak ing 27 Sèptèmber 2012.
{{cite web}}
: CS1 maint: uses authors parameter (link) - ↑ Austria 1758. Systema Naturae 10th edition
- ↑ Austria 1932. Herpetologische Notizen V. Bungarus javanicus, eine neue Giftschlange von Java. Treubia, 14: 73–77.
- ↑ a b c d e Austria. 1997. The Snakes of Sumatra: an annotated checklist and key with natural history notes. Edition Chimaira, Frankfurt am Main. Pp. 142-143. ISBN 3-930612-08-9
- ↑ a b c Austria 1983. The Snakes of Malaya. 3rd Ed. Singapore Nat. Printers. Pp. 108-109.
- ↑ Austria. 1997. Amphibien & Reptilien Südostasiens. Natur und Tier – Verlag, Münster. Pp. 416-417. ISBN 3-931587-12-6