Salafiyah
|
Salafiyah utawi Salafy inggih punika salah satunggalipun ilèn wonten ing agami Islam ingkang mbekta utawi ngajaraken syariat Islam ingkang murni boten mawi tambahan lan pangirangan, adhedhasar syariat utawi ngèlmu kang bangsa agami Islam kados ingkang wonten nalika generasinipun Muhammad lan para kanca-kancanipun, sasampunipun kanca-kancanipun (tabi'it), lan tiyang-tiyang sasampunipun (tabi'in).[1] Aliran punika wiwitanipun dipunajaraken déning Muhammad bin Abdul Wahhab. Klompok punika asring sinebat Wahabi, ingkang dipunnisbataken dhateng pangarsaning ilèn punika.
Pokok utawi intinipun Salafiyah, inggih punika:
- Tansah ngugemi Kuran lan As Sunnah kanthi pamahaman salafush sholih (kanca-kanca nabi ingkang saé/sholeh),
- Tansah ngicalaken utawi nebihi prakara bid'ah lan ugi ahli/pandemen bid'ah,
- Ngutamakaken pangajak-ajak dhateng dakwah tauhid,
- Ngudi ngèlmu ingkang mangfaat,
- At-Tashfiyah (nyucikaken syariat) lan at-Tarbiyah (pendidikan),
- Merangi perpecahan umat.[2]
Etimologi
Tembung salafiyah dipunpendhet saking tembung "Salaf" inggih punika cekakan saking "Salaf al-Ṣāliḥ" (Arab: السلف الصالح), ingkang tegesipun "ingkang ngrumiyini". Miturut terminologi Islam, umumipun dipunangge kanggé nedahaken dhateng tigang génerasi paling saé umat Islam, inggih punika shohabat, tabi'in, tabi'ut tabi'in. Tigang génerasi punika dipunanggep minangka patuladhan paling saé kanggé praktek agami Islam.