Menyang kontèn

Steven William

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Stefan William
Stefan William
LairStefan William Umboh
(1993-08-11) Agustus 11, 1993 (umur 31)
California, USA
BangsaIndonesia, USA
PakaryanArtis, Penyanyi
BojoCeline Evangelista (o. 2016; peg. 2021)
AnakLuccio Otthild Avery Bin William (2016)
Eadred Koa Lewis Miguel Avery Bin William (2019)

Stefan William Umboh kondhang kanthi jeneng Steven William utawa Stefan William (lair ing California, Amérika Sarékat, 11 Agustus 1993; umur 31 taun).[1] Stefan William iku juru main filem kang asalé saka Indonésia.[2] Stefan William duwé katurunan saka Indonésia ya iku ibuné lan bapaké saka Amérika Sarékat.[2] Stefan William iku anak lanang kang sepisanan saka Clinton Avery (Amérika Sarékat) lan Ellen Thelma Umboh (Indonésia, Manado).[2] Stefan William duwé adhik wadon kang jenenge Jennifer Avery.[2] Jennifer Avery saiki manggon ing nagara (Australia) bareng karo bapak lan ibuné.[2] Stefan William iku juru main sinétron kang akting dadi tokoh Yudha ing sinétron kang judhulé Arti Sahabat.[2] Sinetron iki disiyaraké ing salah sijiné stasiun tivi swasta kang jenengé Indosiar.[2] Ing sinétron iki Stefan William main karo Yuki Kato kang main dadi tokoh Ajeng.[2] Raine kang mirib karo Justin Bieber ndadeaké Stefan William dadi rikat misuwur lan dadi idola para rumaja.[2] Stefan William biyasa diundang kanthi jeneng Stefan.[2] Stefan William ngugemi agama Kristen.[2] Saliyané iku bintang sinétron iki duwé hobi ulah raga.[2]

Filmografi

[besut | besut sumber]

Film kang dibintangi Stefan William.[2]

Serial Televisi

[besut | besut sumber]

Serial tivi kang dibintangi Stefan William.[2]

Prestasi

[besut | besut sumber]

Prestasi kang ditampa Stefan William.[2]

  • Aktor Ingkang maragani Utama Terfavorit Gaulteenment Award (2010)
  • Aktor Drama Remaja Terfavorit Berpasangan karo Yuki Kato
  • Aktor Tweet Terfavorit ABI (2010)
  • Juara 1 Aktor Terfavorit Gaulteenment Award (2011)

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. vivanews.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 9 Agustus 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o lintasberita.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 9 Agustus 2011)