Menyang kontèn

Vidi Aldiano

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Vidi Aldiano
LairOxavia Aldiano
(1990-03-29) Maret 29, 1990 (umur 34)
Jakarta, Indonesia
PakaryanMusisi, Penyanyi, Artis
Taun aktif2008 - saiki
PasanganDiva (Adik) Vadi Akbar (Adik)
Wong tuwaHarry Kiss lan Besbarini
Sana jaringanhttp://www.vidialdiano.com/

Vidi Aldiano (lair ing Jakarta, 29 Maret 1990; umur 34 taun; kanthi jeneng lair Oxavia Aldiano), ya iku penyanyi solo pendatang anyaran ing jagad musik Indonésia.[1] Penyanyi iki wus kenal musik kawit cilik.[1] Wong tuwané mantan panatacara acara musik ing stasiun TV TVRI.[1] Vidi, uga nyinaoni piano kawit umuré nembé 3 taun.[1]

Nalika isih bujang, mahasiswa Univèrsitas Pelita Harapan jurusan Tèknik Elektro iki kesengsem karo piranti musik piyul.[1] Bebarengan karo grup band-né, Vidi wis duwé pangalaman kang cukup kang bisa dipétungaké kanggo tampil ing Java Jazz taun 2005.[1] Ing sasi November 2008, Vidi ngetokaké dhebut album kang pisanan kang judhulé Pelangi Di Malam Hari kanthi single jagoané Nuansa Bening.[1] Suksès ing single pisanané Vidi ngrilis kang kaping loroné ya iku, Status Palsu.[1] Manawa sadurungé dhèwèké ngrilis single recycle, saiki dhèwèké percaya dhiri manawa ngrilis tetembangan anyar.[1]

Salah sijining ritual kang dilakoni Vidi, sadurungé manggung ya iku mesthi kudu menyang kamar mandhi sadurungé tampil.[1]

Lumebu sasi Ramelan 2009, Vidi umiluni ngramèkaké kanthi ngrilis album religi, Lelaki Pilihan.[1] Album iki isiné 6 tetembangan, tetembangan kang dinyanyèkaké déning Vidi ya iku Keagungan Tuhan, Rindu Rasul (dhuét karo Sam Bimbo), lan Surga di Bawah Telapak Kaki Ibu. 3 tembangan liyané ditembangaké déning adhiné, Vadi Akbar Kalamata.[1]

Sanadyan kagolong penyanyi anyaran, nanging Vidi kang dikabaraké cedhak karo pesinétron Putri Titian iki, patut dipétungaké.[1] Amarga ing ajang MTV Indonésia Awards 2009, kang digelar nalika tanggal 25 November, dhèwèké kasil nyabet 'Most Favorite Male'.[1]

Ing umuré kang wus 21 taun, Vidi isih santai kanggo mutusaké kanggo palakrama.[2] Dhèwèké malah duwé pepénginan palakrama ing umur 30 taun.[2] Dhèwèké nerusaké S2né ndhisik, lan kerja ndhisik.[2] Dhèwèké ngakoni manawa dhèwèké durung péngin pacaran, anangng kanggo njalin gayutan karo wanita, Vidi luwih seneng njalin gayutan tanpa status.[2] Dhèwèké ngakuoni manawa dhèwèké pancèn ora patiya seneng pacaran, apa manèh manawa kudu lunga bareng karo pacar.[2] Vidi luwih seneng mangan ing ngomah, nonton DVD bareng ing ngomah.[2] Santai ing ngomah bebarengan karo wong tuwa loro lan adhi-adhiné, dadi dhèwèké ngrasa uripé dikontrol.[2]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]