Puspa Rinonce
KEPALA BALAI BAHASA
PROVINSI DIY
Salah satu visi Balai Bahasa Provinsi DIY adalah menjadi pusat informasi yang lengkap dan menjadi pelayan prima di bidang kebahasaan dan kesastraan di Daerah Istimewa Yogyakarta khususnya dan di Indonesia pada umumnya. Oleh karena itu, salah satu misi yang dilakukan adalah mengembangkan bahan informasi kebahasaan dan kesastraan baik Indonesia maupun daerah (Jawa). Dengan visi dan misi yang demikian, Balai Bahasa Provinsi DIY beharap agar bahan informasi kebahasaan dan kesastraan itu dapat dimanfaatkan oleh masyarakat dalam rangka pembinaan, pengembangan, dan pelindungan bahasa dan sastra di Indonesia seperti yang diamanatkan di dalam Undang-Undang Nomor 24 Tahun 2009.
Berkenaan dengan hal itulah, seperti dilakukan pula pada tahun-tahun sebelumnya, Balai Bahasa Provinsi DIY tahun ini (2012) kembali menerbitkan sejumlah buku kebahasaan dan kesastraan. Buku-buku yang diterbitkan itu antara lain ada yang berisi kajian atau ulasan ilmiah di bidang kebahasaan dan kesastraan, ada yang berisi esai tentang cara bagaimana proses kreatif berbahasa dan bersastra, dan ada pula yang berisi karya-karya kreatif (puisi atau cerpen). Buku berjudul Puspa Rinonce karangan para tenaga teknis/peneliti Balai Bahasa Yogyakarta ini, salah satu di antaranya, berisi persoalan bahasa Jawa. Sekali lagi, Balai Bahasa berharap agar buku [ iv ]ini dapat dipergunakan dan bermanfaat bagi masyarakat dan pendidik bahasa Jawa.
Ucapan terima kasih kami sampaikan kepada seluruh tim kerja, baik penulis, penilai, penyunting, maupun panitia penerbitan sehingga buku ini siap dipublikasikan dan dibaca oleh khalayak (masyarakat). Harapan lainnya mudah-mudahan buku ini mengisi ruang perpustakaan dan ruang pengetahuan serta pikiran kita.
Yogyakarta, November 2012
Drs. Tirto Suwondo, M. Hum.
Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Ingkang Mahaasih déné Puspa Rinoncé ingkang suwau medal awujud lembar komunikasi abasa Jawi punika, sapunika kababar malih kanthi wujud buku.
Buku Puspa Rinoncé punika isi katrangan-katrangan bab tembung-tembung Jawi sarta panganggénipun ingkang asring dipunanggé ing padintenan déning masyarakat umum utawi para pamedhar sabda, ingkang sok-sok kirang trep lan boten dipunmangertosi déning ingkang sami mirengaken.
Sanèsipun punika, Puspa Rinoncé ugi ngewrat bab kasusatran lan bab pamilihing tembung Jawi ingkang kirang trep panganggénipun lan katerangaken kados pundi trepipun supados para sutresna basa Jawi, sasampunipun maos Puspa Rinoncé punika lan mangertos étimologi utawi asal-usuling tembung wau, sami saged ngginakaken basa Jawi kanthi laras lan leres.
Kababaripun buku Puspa Rinoncé ingkang awujud buku punika kanthi ancas tujuan makaten.
- Lembar Komunikasi abasa Jawi Puspa Rinoncé ingkang medal saben tigang wulan sepisan wau cacahipun winates sanged temah kathah sutresna basa Jawi, mliginipun para guru, ingkang boten komanan.
- Tumrapipun para guru basa Jawi ing pawiyatan dhasar saha manengah, Puspa Rinoncé, sajakipun, saged mewahi seserepanipun para guru wau ing bab tembung-tembung utawi kosakata Jawi. Kanthi makaten kababaring lembar komunikasi abasa Jawi ingkang awujud buku punika gampil dipunrawat lan sinimpen (boten gampil ical) lan sangsaya kathah guru ingkang kagungan lan ngginakaken buku punika minangka tambahing seserepan basa Jawi.
Seratan kanthi irah-irahan ingkang awujud basa Jawi ingkang pinacak ing Puspa Rinoncé punika minangka pisumbangipun Sdr. Gina (suwargi), Sri Widati, Sukardi Mp, Wedhawati, Suwadji, lan Wiwin Erni S.N.
Mugi-mugi kanthi kababaripun buku Puspa Rinoncé punika sangsaya kathah ingkang sami kepéngin nggegilut basa Jawi ingkang samangké minangka mata pelajaran wajib ing pawiyatan dhasar saha manengah ing Ngayogyakarta punika. Panyaruwé amrih sangsaya saénipun buku punika, redhaksi ngaturaken agenging panuwun. Nuwun.
Yogyakarta, Januari 2006
Redhaksi
- KATA PENGANTAR KEPALA BALAI BAHASA PROVINSI DIY
iii - PRAWACANA
v - DAFTAR ISI
vii BASA - Wis Suwé Abu Ninggalaké Désané
1 - Ayat Punika Artosipun Makaten
2 - Konco Apa Kanca?
2 - Wening Diwarahi Njogèd Karo Agung
4 - Panulisé Tembung Peprenahan
5 - Prastawa
6 - Supados Tewah Saé, Taneman Pupapa Kémawon Kedah Dipunrabet
8 - Panambang –Aké
9 - Nglenggana
11 - Sumawana
12 - Gudhek Apa Gudheg?
13 - Nggèr, Apa Kita Durung Mangerti Ulun?
14 - Kula Suwun Apa Kulasuwun?
16 - Dipun Suwun Apa Dipunsuwun
17 - Ing Désaku Ngedegaké Lumbung Paceklik
19 - Nami Kula Temen, Pak
20
- Panulisé Tembung : Sigeg Aksara B Apa P?
21 - Tembung Éntar
23 - Basa Jawa Kang Baku
25 - Kunarpa, Kuwanda, Layon
28 - Tetanèn Ing Mriki Sampun Majeng
29 - Terutami
31 - Penulisé Araning Kutha Kang Mengku Pakecapan /D/, /Dh/, /T/, /Th/
32 - Kula Saréncang Nyuwun Pamit
33 - Jagat Raya
34 - Ngentas Pitulus
35 - Jumblahipun Sedanten Wonten Tigang Atus
37 - Tembung-tembung Kang Lumrahé Kanggo Nyebut Para Tamu
38 - Para Tamu…, Keparenga Kula Ngadeg (Jumeneng) Sawatawis…
40 - Dipendhem, Dikubur, Dimakamaké
42 - Roh-arwah
44 - Nimbali-ngaturi
45 - Keranten Wekdal … Pepanggihan Dipunmilai
46 - Nyaosi-maringi
47 - Suwargi-almarhum
50 - Panca Dasa Warsa: “Sèket Taun” Apa “Limalas Taun”?
51 - Endi Kang Bener: “Kiyambak” Apa “Piyambak”?
53 - Tegesé Tetembungan “Wiwararukmi”
56 - Dalem – Adalem
59 - Resèpsi – Pasamuwan – Pawiwahan — Pista
61 - Kula – Kawula
64 - Kérata Basa
65 - Tembung Krama Inggilé Apa?
67 - Lungguh-linggih-lenggah-pinarak
70 - Andana Warih-andanawari
72 - Ngombé-ngunjuk
74 - Mriki-ngriki
74 - Inggih – Injih
75
- Ganjaran, Nugraha, Bebana
77 - Nindita-anindita
79 - Kupiya, Tegesé Apa?
80 - Ati: Manah, Galih, Prana, Wardaya, Nala
82 - Mangké-samangké
86 - Krama Inggil Lan Krama Andhap
88 - Kinabektèn—Binektènan—Kabinektènan
91 - Tembung Krama, Ngoko, Lan Krama Inggil
94 - Basa Krama Inggil Kang Ora Pener Panganggoné
97 - Kanyata – Kabukti
98 - Mujudaké
100 SASTRA - Crita Cekak Satléraman
103 - Geguritan
105 - Suparto Brata: Pangarang Jawa Kang Mandhiri
108 - Ki Padmasusastra Linguis Jawa
110 - Sastra Jawa Jaman Jepang
110 - Novèl Jawa Modhèrn Pascakamardikan (1945-1965)
113 - Sandi Asma Lan Sandi Karsa
115 - Golèk Geni Adedamar
118 - Paribasan, Bebasan, Saloka
119 - Parikan
123 - Suluk
125 - Kawindra
127 - Babad
128
WIS SUWÉ ABU NINGGALAKÉ DÉSANÉ
Tembung ninggalaké ing ukara iku kadhapuk saka tembung dhasar ninggal kawuwuhan panambang –aké (ora langsung saka tembung lingga tinggal kawuwuhan ater-ater anuswara lan panambang –aké). Tembung ninggal iki kalebu ewoning tembung kriya tanduk, asalé saka tembung lingga tinggal kawuwuhan ater-ater anuswara. Kanthi mangkono, pandhapuking tembung andhahan ninggalaké iku ana rong tataran. Sapisan, tembung lingga tinggal kawuwuhan ater-ater anuswara dadi ninggal. Kapindho, tembung ninggal, nuli didadèkaké tembung dhasar, kawuwuhan panambang –aké dadi ninggalaké.
Padha-padha tembung andhahan kang anasiring ater-ater anuswara lan panambang –aké, padhapuking tembung ngulihaké, upamane, béda karo tembung ninggalaké mau. Tembung ngulihaké kadhapuk saka tembung lingga ulih kawuwuhan ater-ater anuswara lan panambang –aké, ora saka tembung dhasar ngulih kawuwuhan panambang –aké.
Panambang –aké kang kawuwuhan ing tembung kriya tanduk, kaya kang dumadi ing tembung ninggalaké, iku lumrahé mengku teges nindakaké pakaryan kang kasebut ing dhasaring tembung kanggo wong liya utawa kanggo lésané. Upamané, Agung ninggalaké pagawéan kanggo Wening. Ukara iki mengku teges [ 2 ]‘Agung nindakaké pakaryan ninggal pagawéan kanggo Wening (lésan)‘.
Banjur kepriyé tembung ninggalaké ing ukara Wis suwé Abu ninggalaké désané? Panganggoné tembung iku nyata ora laras karo isining ukara kasebut. Jalaran, pakaryan‘ninggal‘ ing kono ora kanggo sapa-sapa. Tegesé, désané ing ukara iku ora ditinggalaké marang sapa waé. Kanthi mangkono, ukara iku sing bener Wis suwé Abu ninggal désané. Utawa, yèn ora nganggo tembung ninggal lan tegesé ukara iku isih padha, ukara mau bisa diowahi dadi Wis suwé Abu lunga saka désané.
AYAT PUNIKA ARTOSIPUN MAKATEN
Tembung artosipun ing ukara iku kanggo ngramakaké tembung artinya utawa artinipun. Tembung arti iku isih kapétung tembung Indonesia, durung mlebu ing basa Jawa. Déné ing basa Jawa tembung arti bisa diganti nganggo tembung teges, makna, utawa surasa. Tembung teges lan makna iku kalebu éwoning tembung krama ngoko, temah ora perlu dikramakaké. Tembung surasa kalebu tembung ngoko, kramané dadi suraos. Teges lan surasa utawa suraos iku tembung Jawa tulèn, déné tembung makna asalé saka basa Arab. Kanthi mangkono, ukara mau bisa diowahi mangkéné.
- (a) Ayat punika tegesipun makaten.
- (b) Ayat punika maknanipun makaten.
- (c) Ayat punika suraosipun makaten.
KONCO APA KANCA?
Ana wong sing nulis kanca (kanthi aksara swara /T/) lan ana uga sing nulis konco (kanthi aksara swara /o/). Wong sing nulis konco kanthi aksara swara /o/ iku mengku karep amrih laras karo pakecapané amarga pakecapan aksara swara ing tembung mau mèh padha karo pakecapaning aksara swara ing tembung, kaya ta bosok, blorok, lombok, pojok, tombok. [ 3 ]Nulis tembung utawa tetembungan kang mung ngelingi pakecapan thok kaya mengkono iku durung mesthi bener lan pener. Yèn nulis konco kanthi aksara swara /o/, banjur kepriyé anggoné mbédakaké nulis tembung loro sing kramané sakit lan loro sing kramané kalih? Ana cara kanggo nyumurupi tembung sing kudu ditulis kanthi aksara swara /T/. Carané mangkéné.
Yèn tembung linggané diwuwuhi panambang warna-warna (panambang thok utawa ana ater-ateré) nuli pakecapané aksara swara ing tembung mau lumrahé dadi /T/, panulisé tembung mau (lingga lan andhahané) kudu kanthi aksara swara /T/.
Conto : | lara: laraku, laramu, larané, dilarani, nglarani |
tamba: tambané, ditambani, ditambakaké, tambanana | |
lunga: lungané, lungamu, dilungakaké, nglungani |
Kanthi mangkono, nulis konco (kanthi aksara swara /o/) iku luput lan sing bener kudu kanthi aksara swara /T/, yaiku kanca. Buktiné tembung iki yèn dipanambangi dadi kancamu, kancaku, kancanana.
Conto ukara:
Luput | Bener |
- Aku ngajak konco limo. | - Aku ngajak kanca lima. |
- Koncoku sing loro dumadakan loro. | - Kancaku sing loro dumadakan lara. |
-Dino Seloso wingi aku ora sido lungo. | - Dina Selasa wingi aku ora sida lunga. |
Conto liyané:
Luput | Bener | Luput | Bener |
acoro | acara | garwo | garwa |
agomo | agama | gelo | gela |
bolo | bala | gito-gito | gita-gita |
bopo | bapa | godo | gada |
boto | bata | gogo | gaga |
cidro | cidra | gono-gini | gana-gini |
ciloko | cilaka | goro-goro | gara-gara |
dhodho | dhadha | gowo, digowo | gawa, digawa |
dino | dina | gulo jowo | gula jawa |
doro | dara | guno | guna |
éco | éca | guwo | guwa |
Tembung karo iku bisa mengku teges warna–warna, gumantung kapriyé ukarané. Tembung karo ing ukara ‘Agung karo Wening ditimbali Pak Guru’ mengku teges `lan, lan uga`. Tembung karo ing ukara ‘Wening nuli wiwit nembang karo njogèd ing ngarsané para tamu’ mengku teges `bebarengan anggoné nindakaké`.
Panganggoné tembung karo ing ukara–ukara kang kanggo conto iku wis laras karo tegesé. Ananging panganggoné tembung karo ing ukara ‘Wening diwarahi njogèd karo Agung’ durung pas tenan. Jalaran, tembung karo ing ukara iku bisa mengku teges rangkep. Sepisan, tembung karo ing kono bisa ditegesi, `bebarengan, lan uga` lan ukarané bisa ditegesi `Wening njogèd bebarengan lan Agung` (kang marahi njogèd wong liya). Kaping pindhoné, tembung karo ing ukara iku bisa ditegesi `déning` temah ukara mau nduwèni teges `Wening diwarahi njogèd déning Agung`.
Katrangan iku suka pepéling yèn panganggoné tembung karo ing ukara ‘Wening diwarahi njogèd karo Agung’ iku bisa nuwuhaké salah tampa utawa klèru anggoné negesi. Amrih ora makéwuhi, ukara iku bisa diowahi manut apa kang dikarepaké, upamané, mangkéné.
- (1) Wening diwarahi njogèd déning Agung.
utawa - (2) Wening lan Agung diwarahi njogèd
- (3) Wening karo Agung diwarahi njogèd.
Kejaba tembung karo mengku teges kaya kang wis dibèbèraké mau, isih ana tembung karo kang mengku teges ‘nganggo piranti‘ utawa ‘srana‘ iki, upamané, Abu dithuthuk karo garisan. Sanajan ora luput, panganggoné tembung karo kaya ing ukara iki asipat nggon–nggonan. Amrih bisa ditampa ing akèh, ukara iki beciké diowahi kanthi nglironi utawa ngganti tembung karo, upamané mangkéné.
Abu dithuthuk nganggo garisan. [ 5 ]PANULISÉ TEMBUNG PEPRENAHAN
Tembung-tembung sing nélakaké peprenahan, kaya ta, ibu, bapak, bibi, paman, bakyu, kakang, kangmas, dhimas, uwa, éyang, simbah, lan sapituruté, kang minangka tembung sesulih utawa panyapa (kanggo nyapa), panulisé diwiwiti nganggo aksara murda.
Contoné:
- Kala wingi Ibu tindak dhateng Surabaya piyambakan.
- Lajeng karsanipun Bapak sapunika kados pundi?
- Minggu wingi Paman uga tindak Semarang.
- Wah, Kakang wis mulih,… olèh–olèhé apa Kang?
Panulisé tembung ibu, bapak, paman,lan kakang utawa kang ing ukara–ukara iki kudu diwiwiti nganggo aksara murda jalaran tembung–tembung mau minangka tembung sesulih (sesulih madyama purusa) utawa minangka tembung panyapa. Ananging peprenahan sing ora dianggo tembung sesulih utawa panyapa, panulisé diwiwiti nganggo aksara cilik, ora perlu nganggo aksara murda.'
Contoné:
- Kala wingi ibunipun laré punika ugi tindak mriki.
- Tiyang wau èstunipun taksih kaprenah paman kalihan laré punika.
- Kowé wis tampa layang saka bapakmu durung, Ti?
- Sésuk aku arep mboncèng kakangmu waé kok.
Tembung ibunipun, paman, bapakmu, lan kakangmu ing ukara–ukara iki dudu tembung sesulih lan uga dudu tembung panyapa, ananging mung minangka araning peprenahan. Mulané, panulisé tembung–tembung mau ora perlu diwiwiti nganggo aksara murda.
Sebanjuré, tembung peprenahan sing dikanthèni jeneng utawa araning uwong, drajat, pangkat, kalungguhan, utawa sesebutan sing dikanthekaké ing saburiné tembung peprenahan mau uga diwiwiti nganggo aksara murda. [ 6 ]Contoné:
- Sajengkaringsun, katentremaning praja mangsa borong Kakang Patih!
- Laré punika putranipun Pak Marta ingkang pambajeng.
- Mat, layang iki aturna marang Ibu Lurah!
- Adhik arep takdadahaké Mbah Dhukun, kowé mèlu ora?
Panulisé kakang lan patih, pak lan Marta, ibu lan lurah, mbah lan dhukun ing ukara–ukara iki kudu diwiwiti nganggo aksara murda.
PRASTAWA
Tembung prastawa ing jaman saiki asring dianggo kanthi teges kaya déné tegesing tembung peristiwa ing basa Indonesia. Malah ing kéné bisa diarani yèn tembung prastawa kuwi saiki dianggo nggantèni tembung peristiwa. Upamané, ing tetembungan prastawa perang Iraq lan Iran ing wektu kepungkur, prastawa 10 November 1945 ing Surabaya, prastawa udan awu dina Jumuwah Legi taun 1951, prastawa tibané montor mabur ing Deli Serdang kang nggawa kurban 234 wong setaun kapungkur, lan sapituruté. Prastawa ing tetembungan iki mau bisa ditegesi ‘kedadéan‘, ‘kedadéan kang dudu sabaéné‘, ‘kedadéan kang nyata (kelakon) temenan‘, ‘bab‘, utawa ‘prakara (apa-apa kang kelakon)‘.
Ana panganggep yèn panganggoné tembung prastawa kanthi teges kaya ngono mau ora bener utawa ora pener. Panganggep utawa panemu iki ana dhasaré, yaiku bausastra utawa kamus. Ing sawetara bausastra utawa kamus Jawa, kayata, kamus anggitané C.F. Winter, J.F.C. Gericke lan T. Roorda, R.Ng. Pradjapoestaka (Ki Padmasoesastra), S. Prawiroatmodjo, lan W.J.S. Poerwadarminta, tembung prastawa kang mengku teges kaya kang wus kasebut mau ora ana. Tembung prastawa ing sajroné kamus mau ditegesi ‘awas‘, ‘waspada‘, ‘waskitha‘, ‘wicaksana‘, ‘padhang trawangan‘, ‘sebab mula‘. Upamané, ing Baoesastra Djawa anggitané W.J.S. Poerwadarminta tembung prastawa ditegesi ‘waspada‘, ‘waskitha‘: diprastawakaké ‘diwaspadakaké‘ . Yèn ngono, [ 7 ]tembung prastawa kang dianggo kanthi teges kaya tegesing tembung peristiwa ing basa Indonesia iku apa banjur luput utawa klèru temenan?
Satemené tembung prastawa kuwi dudu tembung anyar. Tembung mau ing basa Jawa Kuna wis ana. Tembung prastawa asalé saka basa Sanskerta, saka wod stu oleh wuwuhan pra-. Miturut paramasastra Sanskerta wod stu kuwi bisa dadi stuté, stuta, stutva, stuyaté, lan sapituruté. (Tembung astuti, astawa kang banjur bisa dadi pangastuti lan pangastawa kang ateges ‘pamuji, pangalem, pangabekti‘ iku yen ditlusur asalé saka wod stu. Semono uga tembung pangèstu kang ateges ‘berkah‘utawa ‘pamuji, pandonga‘ asalé ya saka wod stu). Wod stu sing olèh wuwuhan pra- mau sabanjuré bisa dadi tembung prastawa (mriksanana, upamané, A Sanskrit Reader anggitané C.R. Lanman). Déné tembung prastawa iku mengku teges warna-warna, kaya ta (1)‘kidung pamuji (kidung kanggo memuji)‘, ‘kidung pujian‘, (2) ‘sabab, jalaran, lantaran‘, (3) ‘lajering rembug, lajering perkara‘, (4) ‘wektu kang trep (pas)‘, (5) ‘purwaka, kawitan‘, (6) ‘kadadéan‘, lan sapituruté. Ing kéné cetha yèn tembung prastawa kang tegesé padha karo tembung peristiwa, yaiku ‘kedadéan‘ lan sapituruté kaya kang disebut mau pancèn ana. Mung waé, teges utawa makna‘ kadadéan‘ tumrap tembung prastawa kuwi tau dilalèkaké. Malah tembung prastawa kang tegesé ‘waspada‘ utawa ‘waskitha‘ uga wis mèh dilalèkaké. Nyatané, ing jaman saiki ora tau keprungu tetembungan, upamané, sing prastawa, dalané ramé banget ; kula lan panjenengan sadaya kedah prastawa, ampun ngantos” anut grubyug ora ngerti rembug”, lan sapituruté.
Mulur mungkred utawa owah gingsiring tegesé tembung kaya kang dumadi ing tembung prastawa iku wis lumrah ing basa apa waé. Dadi, panganggoné tembung prastawa kanthi teges kaya tegesing tembung peristiwa ing basa Indonesia kuwi ora luput, ora klèru, lan ora gawé ruginé basa Jawa. Kajaba panganggoné tembung kaya mangkono mau kanthi gegaran kang gumathok (tembung) prastawa kanthi teges ‘kedadéan‘ kuwi pancèn [ 8 ]ana wiwit ing basa Jawa Kuna), bab iki malah bisa ndadèkaké basa Jawa saya luwih cancingan, ora kaku. Upamané, supaya ora njuwarèhi, tembung prastawa lan tembung kedadéan banjur bisa dianggo bebarengan kanthi pilah. Contoné:
- Ing prastawa mau ana kedadéan kang ora tinemu ing nalar.
Upama emoh nganggo tembung prastawa, ukara iki rak banjur dadi:
- Ing kedadéan mau ana kedadéan kang ora tinemu ing nalar. (njuwarèhi)
- utawa
- Ing kedadéan mau ana kaanan kang ora tinemu ing nalar. (wis beda surasané)
SUPADOS TEWAH SAÉ, TANEMAN PUPAPA KÉMAWON KEDAH DIPUNRABET
Tembung tewah ing ukara iki kanggo ngramakaké tembung tuwuh lan dipunrabet kanggo ngramakaké tembung dirabuk. Ngramakaké tembung kanthi cara kaya ngéné iki, yaiku tuwuh dadi tewah lan rabuk dadi rabet, pancèn ana pola lan conto liyané. Ngramakaké tembung kanthi cara kaya ngéné iki, yaiku tuwuh dadi tewah lan rabuk dadi rabet, pancèn ana pola lan conto liyané. Ngramakaké tembung tuwuh dadi tewah kanthi pola “tembung rong wanda kang mengku u-u dadi e (pepet) –a” kaya ing tembung tuduh -> tedah, dhukuh -> dhekah, wutuh -> wetah, butuh -> betah, buruh -> berah. Déné tembung rabuk dadi rabet kanthi pola “wanda pungkasan bu, buh, utawa bung dadi bet” , kaya ing tembung ambu -> ambet, jambu -> jambet, imbuh -> imbet, sambung -> sambet.
Sanajan ana pola lan conto-contoné, satenané ora sadhéngah tembung kuwi kena dikramakaké kanthi pola-pola mau. Tembung juruh, luluh, dan susuh, upamané, ora dikramakaké dadi jerah, lelah, dan sesah. Lan manèh, upamané, tembung bumbu, subuh, lumbung, ora kena dikramakaké dadi bumbet, subet, lumbet. Jalaran, tembung-tembung iku mau klebu éwoning tembung krama [ 9 ]ngoko, yaiku tembung ngoko kang wis kena dianggo tembung krama tanpa ngowahi utawa nyalini wujudé. Tembung krama ngoko kuwi yèn dikramakaké malah ora lumrah lan sok dadi basa dhagelan, cengèngèsan, utawa sembranan.
Tembung tuwuh lan rabuk iku uga klebu éwaning tembung krama ngoko. Dadi, tembung mau ora perlu dikramaké, ora perlu diowahi utawa disalani wujudé. Beneré, ukara ing dhuwur mau cukup mangkéné.
- Supados tuwuh saé, taneman punapa kémawon perlu dipunrabuk.
PANAMBANG –AKÉ
Panambang –aké yèn karaketaké ing tembung kriya, tembung kriya mau bisa awujud tembung lingga utawa tembung andhahan. Tembung kriya kang awujud tembung lingga (tembung kriya lingga) kang kawuwuhan panambang –aké asring tinemu ing ukara pakon utawa ukara (h)agnya. Panambang –aké kang karaketaké ing tembung kriya lingga mau wujudé sok dadi –ké.
Contoné, mangkéné:
- Yu, jupukké banyu saèmbèr!
- Sri, sésuk aku tukokké jeruk sekilo, salaké rong kilo, ya!
- Tulung wacakké layang iki, Man!
Ukara-ukara kaya mangkéné iki lumrahé mung kanggo ing basa padinan utawa basa pocapan. Ing basa Jawa kang baku, yaiku basa Jawa kang tinata adhedhasar paramasastra kang wis diakoni beneré ing akèh, tembung kriya ing ukara pakon kaya mangkono mau mesthiné (beneré) nganggo panambang –na. Ing basa kang baku, ukara-ukara mau mesthiné mangkéné.
- Yu, jupukna banyu saèmbèr!
- Sri, sésuk aku tukokna jeruk sekilo, salaké rong kilo, ya!
- Tulung wacakna layang iki, Man!
Panambang –aké iku lumrahé panganggoné mèh padha karo panambang –kan ing basa Indonesia. Upamané, mangkéné. [ 10 ]
- -Ali nukokaké buku adhiné.
- ‘Ali membelikan buku adiknya’.
- -Yu Sri njupukaké banyu Pak Marta.
- ‘Kak Sri mengambilkan air Pak Marto’.
- -Mas Tana nulisaké layang Yu Inem.
- ‘Mas Tana menuliskan surat Kak Inem’.
Ananging perlu disumurupi manawa ana sawenèhing tembung kriya kang tanpa panambang –aké yèn dijarwakaké ing basa Indonesia kudu nganggo panambang –kan. Contoné, mangkéné.
- -Bab iki kudu dipikir bebarengan.
- Hal ini harus dipikirkan bersama-sama.
- -Yèn ditandhing karo aku, luwih dhuwur dhèwèké.
- Jika dibandingkan dengan saya, lebih tinggi dia.
- -Poto mau nuli didokok ing dhuwur méjané.
- Foto tadi kemudian diletakkan di atas mejanya.
- -Saben montor sing liwat diendheg lan dititi priksa.
- Setiap motor yang lewat diberhentikan dan diperiksa.
Dhapukaning tembung kriya mawa panambang –kan ing basa Indonesia kaya ing tembung diberhentikan mau sok dianggep padha karo dhapukaning tembung kriya mawa panambang –aké ing basa Jawa. Mula ora mokal yèn ing basa Jawa asring tinemu ukara, upamané, Pak Marta tansah mikiraké anaké. Tembung mikiraké ing ukara mau cukup mikir waé, tanpa panambang –aké, jalaran tembung mikir iku wis klebu éwoning tembung kriya tanduk mawa lésan (verba transitif). Ananging tembung memikir ing basa Indonesia ora klebu tembung kriya tanduk mawa lésan. Mulané, tembung mikir (Jawa) yen dijarwakaké ing basa Indonesia dadi memikirkan (mawa panambang –kan). Bokmanawa ya amarga saka pangaribawané basa Indonesia iku ing basa Jawa banjur ana dhapukaning tembung mikiraké kaya ing ukara Pak Marto tansah mikiraké anaké mau. Kajaba saka iku, ing basa Indonesia sok tinemu uga ukara, kaya ta, Dia dipindah ke Surabaya. Ukara iki satemené dudu ukara baku. Mesthiné ing basa kang [ 11 ]baku ukara kasebut dadi Dia dipindahkan ke Surabaya (tembungé kriya kudu mawa panambang –kan). Bokmanawa bab iki kena pangaribawané basa Jawa.
NGLENGGANA
Tembung nglenggana iku asalé saka tembung lingga lenggana olèh wuwuhan ater-ater anuswara. Tembung lenggana mengku teges ‘emoh’, ‘suthik’, ‘ora manut’, (a)ndaga’, ‘mbadal prentah’. Tuladhané ing ukara, mangkéné.
- Kumbakarna tan nglenggana mring dhawuhing rakanira.
Tembung tan nglenggana ing ukara iki tegesé ‘ora mbadal (prentah)’, ‘ora mingkuh’, ‘ora suthik’. Dadi, tan nglenggana kuwi padha karo ‘manut’, ‘miturut’.
Tembung lenggana (langgana ing basa Jawa Kuna) iku asalé saka basa Sansekerta, saka tembung wod langh. Tembung wod iki bisa didhapuk tembung-tembung, upamané, langhayati, langhita, langhya. Tembung langhya ing basa Jawa Kuna mengku teges meh padha karo tembung langgana (langghana), yaiku ‘nolak (préntah)’, ‘mbadal (dhawuh)’.
Ing jaman saiki tembung lenggana (nglenggana) sok dianggo kanthi teges kosok balèn karo tegesing tembung kang sakawit. Contoné, mangkéné. Awit nglenggana dados titah sawantah ingkang mboten kalis ing kalepatan, pramila keparenga kula nyadhong lumunturing sih pangaksama. Tembung nglenggana ing ukara iki tegesé ‘ngrumangsani’, ‘rumangsa’ utawa ‘ngakoni’. Owah gingsiré tegesé tembung kaya mangkéné iki pancèn ana tunggalé. Upamané, tembung wara (basa Jawa Kuna) ing sakawit tegesé ‘ana’. Tembung wwara iku saiki dadi tembung ora kang mengku teges ‘kosok balèn karo kang kasebut’, kaya ta kaya tetembungan ora ana, ora larang, ora teka, lan sapanunggalé. Tetembungan tan ora tegesé ‘kudu’, ‘ mesthi kudu’. Ing basa Indonesia, upamané, tembung acuh tegesé ’perduli’, ‘migatèkaké, nggatékaké’. Ananging tembung acuh iki asring dianggo kanthi teges kosok balèn karo teges kang sakawit. [ 12 ]Panganggoné tembung kang kanthi teges kosok balèn karo teges baku utawa teges kang sakawit iki kawiwitan saka ora pener, sanajan wis kebanjur kaprah. Beneré, tembung lenggana (nglenggana) iku tegesé ‘ora gelem, suthik, emoh, ora manut, (a)ndaga, mbadal (préntah)”. Kanthi mangkono, ukara kang wus kasebut mau beneré mangkéné. Awit tan nglenggana dados titah sawantah … Utawa diganti mangkéné. Awit ngrumaosi dados titah sawantah ingkang mboten kalis ing kalepatan, …
SUMAWANA
Tembung sumawana iku kalebu tembung racikan anyar, kadhapuk saka tembung lingga sawana olèh wuwuhan seselan –um. Tembung lingga sawana minangka ingsedaning tembung swana, yaiku tembung Kawi utawa Jawa Kuna sing asalé saka basa Sanskerta. Amarga saka owah gingsiring pakecapan, kajaba bisa mulur dadi sawana, tembung swana bisa owah wujudé dadi sona. Déné tembung sona, swana, utawa sawana kuwi dasa namané tembung asu.
Tembung asu dumadi saka anasir a-‘ora’ lan wod su (suk) ‘mlebu’. Dadi kapirid saka sejarah tegesing tembung, asu kuwi kéwan sing ora olèh mlebu omah. Jalaran tembung sawana kuwi tegesé padha karo tembung asu, mula tembung sumawana banjur ditegesi ‘kalebu’ (padha karo tembung termasuk ing basa Indonesia).
Tembung sumawana iku minangka tembung panggandhèng kang ateges gabungan wuwuhan. Tembung iki lumrahé dianggo ing basa susastra, basa pacakan, utawa basa rinengga. Ing basa padinan tembung mau mèh ora tau dianggo.
Panganggoné tembung sumawana kuwi, upamané, mangkéné.
- Tindakira Radén Dananjaya angayam-ayam wana, tumurun jurang, minggah arga, kadhèrèkaken punakawanira Semar, Garèng, Pétruk, sumawana Bagong. [ 13 ]Miturut sejarah padhalangan, punakawan iku biyèn-biyèné mung telu, yaiku Semar, Garèng, lan Pétruk. Bagong kuwi punakawan ciptan utawa gawéan anyar (jaman dhalang Nyi Panjang Mas). Supaya cetha yèn punakawan sing dikarepaké iku cacahé papat, ora mung telu kaya biyèn, Bagong banjur disebut kanthi tembung panggandhèng sumawana kang tegesé ‘kalebu’ (mratélakaké yèn Bagong iku punakawan wuwuhan). Kanthi mangkono, panganggoné tembung sumawana ing ukara iku trep utawa laras karo maknané.
Ana manèh panganggoné tembung panggandhèng sumawana, upamané, mangkéné.
- Para tamu kakung sumawana putri, …
Kapirid saka maknané, panganggoné tembung sumawana ing ukara iki ora trep utawa ora laras. Jalaran, jejer kalenggahané tamu kakung lan putri iku padha utawa sejajar. Yèn panyebuté nganggo tembung sumawana ‘kalebu’, bisa dianggep yèn sing pokok iku tamu kakung tamu putri kaya-kaya mung wuwuhan. Supaya laras, ukara mau bisa didandani, upamané, mangkéné.
- Para tamu kakung putri,…..
- Para tamu kakung saha (lan, tuwin, miwah,lsp.) putri,….
GUDHEK APA GUDHEG?
Ing jaman saiki sok ana bocah sing nulis tembung gudhek (wanda pungkasan sigeg aksara k) lan ana uga sing nulis tembung gudhek (wanda pungkasan sigeg aksara g). Tumrapé tembung iki ditulis gudhek utawa gudheg pancèn ora njalari bédané tegesing tembung. Tetembungan tuku gudhek ora béda tegesé karo tuku gudheg. Ananging yèn ana tembung siji (satembung) ditulis kanthi cara warna loro kaya mangkono mau mesthi ana salah siji sing ora bener, sing nyebal saka paugeran. Banjur endi cara sing bener?
Panulisé tembung gudhek (wanda pungkasan sigeg aksara k) iku bokmanawa amarga kadadéan saka cara panulising tembung [ 14 ]ing basa Indonesia. Ing basa Indonesia tembung ing wandané pungkasan ditulis kanthi sigeg aksara g iku mèh ora ana. Yèn ana tembung utawa tetembungan sing mula bukané ditulis kanthi sigeg aksara g ing pungkasaning wandané, panulisé kudu dilarasaké karo paugeran panulisé basa Indonesia, yaiku sigegan aksara g diganti sigegan k. Mulané ing basa Indonesia tembung guhek, godok, goblok, rontok, cocok, upamané, ditulis kaya mangkono kuwi, ora ditulis gudeg, godog, goblog, rontog, cocog.
Paugeran panulising tembung ing basa Jawa iku ora kabèh padha karo paugeran panulising tembung ing basa Indonesia. Ing basa Jawa ana sawetara tembung sing béda tegesé yèn ditulis kanthi sigeg aksara g lan aksara k ing pungkasaning wandané. Tembung sisig ‘ngireng untu ngango banyon’ béda tegesé karo sisik ‘kuliting ula, iwak loh, lan sapanunggalané kang lelingkapan’, popog ‘ajeg’ béda tegesé karo popok ‘lèmèk utawa tapihing bayi’, kecocog ‘kecubles barang lancip’ béda tegesé karo kecocok ‘kelebon pangan kang disirik’. Conto-conto iki minangka bukti yèn g lan k ing kono asipat distingtif utawa mbédaké tegesing tembung. Kanthi mangkono, panganggoné aksara g lan k ing basa Jawa iku ora kena digebyah uyah. Sing bener, panulisé tembung gudheg iku sigeg aksara g (dudu sigeg aksara k) ing pungkasaning wandané amarga pakecapan kang dumunung ing pungkasaning wanda mau anteb. Tembung-tembung liyané kang wandané pungkasan kudu ditulis kanthi sigeg aksara g, kayata, budheg, judheg, wareg, kreteg, gribig, gudhig, gedhig, nggobig, grobag, blabag, bedhag, bedhug, gubug, gludhug, godhog, goblog, rontog, gogrog.
NGGÈR, APA KITA DURUNG MANGERTI ULUN?
Ukara kang migunakaké tembung kita lan ulun mangkéné iki lumrahé diucapaké déning para déwa, kayata Bathara Guru, Bathara Narada, Bathara Bayu, utawa Bathara Kumajaya, marang sapepadhaning déwa utawa marang titah marcapada ing crita wayang utawa kethoprak. Ing basa padinan ukara kaya mangkono iku ora kelumrah utawa ora ana. Saupama ing basa padinan [ 15 ]ana wong kang migunakaké ukara mangkono mau mesthi malah digeguyu.
Bab kang njalari ukara béda karo ukara kang kalumrah ing basa padinan satemené mung dumunung ing panganggoné tembung kita lan ulun, déné panganggoné racikané ukara lan tetembungan liyané lumrah. Tembung kita lan ulun ing ukara kasebut kalebu golonganing tembung Kawi utawa Jawa Kuna. Tembung kita mau padha karo tembung kowé utawa sliramu, yaiku minangka tembung sesulih madyama purusa (kata ganti orang kedua). Tembung ulun utawa hulun iku ing sakawit mengku teges ‘kawula’’ ‘abdi’, utawa ‘batur’ minangka éntaré tembung sesulih utama purusa éntaré tembung aku. Dadi, tembung ulun (hulun) mau padha karo tembung aku, yaiku minangka tembung sesulih utama purusa (kata ganti orang pertama). Pribadiné wong kang guneman, yaiku utama purusa, kang dipindhakaké kawula, abdi, utawa batur iku minangka leléwaning basa (gaya bahasa) kanggo ngesoraké awaké dhéwé lan ngajari marang wong kang diajak guneman. Leléwaning basa kaya mangkéné iki uga ana ing basa Jawa saiki, upamané, utama purusa (aku) diganti utawa dikramakaké kula, kawula, abdi dalem, kawula dalem, utawa abdi dalem kawula kang kabèh mau ing sakawit mengku teges ‘abdi’, ‘batur’, utawa ‘kawula’.
Ing jaman saiki tembung kita sok dianggo (malah panganggoné wis kepara kaprah) kanthi teges padha karo tegesing tembung kita ing basa Indonesia. Upamané, mangkéné.
- (1) Kita, bangsa Indonesia, wis mardika wiwit taun 1945.
- (2) Para lenggah, sumangga kita ngunjukaken pandonga sesarengan.
Tembung kita ing ukara (1) lan (2) iku dudu tembung sesulih madyama purusa kaya tembung kita ing ukara kang dadi irah-irahaning tulisan iki, ananging minangka tembung sesulih utama purusa inklusif (jamak) kaya tembung kita ing basa Indonesia. Dadi, tembung kita ing ukara (1) lan (2) iku mengku teges ‘aku lan kowé kabeh’ utawa ‘kula lan panjenengan sedaya’. [ 16 ]Cundhuk karo bab panganggoné tembung kita kaya kang tumrap ing ukara (1) lan (2) iku satemené durung sadhéngah wong gelem nampa. Ana panganggep yèn tembung kita ing basa Jawa iku tegesé ‘kowé’ utawa ‘sliramu’ lan kanggoné mung ing basa padhalangan utawa kethoprak. Tembung kita kang mengku teges ‘aku lan kowé kabeh’ utawa ‘kula lan panjenengan sedaya’ kuwi isih dianggep tembung Indonesia, dudu tembung Jawa.
Satemené tembung kita kang mengku teges ‘aku lan kowé kabèh’ iku dudu mung darbèké basa Indonesia. Tembung kita kaya mangkono mau ing basa Jawa uga ana (pirsanana Baoesastra Djawa anggitané W.J.S. Poerwadarminta, kaca 225), malah wis ana basa Jawa Kuna (pirsanana, upamane, Kamus Jawa Kuna-Indonesia anggitané L. Mardiwarsito, kaca 146). Kanthi mangkono, tembung kita kang ateges ‘aku lan kowé kabeh’ kaya kang tumrap ing ukara (1) lan (2) mau ora luput. Bab isih ana rasa durung sreg, isih nggronjal yèn mrangguli panganggoné tembung kita kaya ing ukara kasebut, mung gumantung pakulinan.
KULA SUWUN APA KULASUWUN?
Ukura, “Dhimas takjaluk aja grusa-grusu anggoné ngudhari prakara iki”, bisa dikramakaké dadi, “Dhimas kula suwun ampun grusa-grusu anggènipun ngudhari prakawis punika.” Tembung takjaluk ing ukara iki minangka tembung tanggap utama purusa, temah panulisé tak- kudu digandhèng karo tembung lingga jaluk. Jalaran, tak- ing kono kalebu ater-ater, yaiku ater-ater tanggap utama purusa. Tembung takjaluk mau yèn dikramakaké dadi kula suwun. Sanajan kula suwun iku mengku teges padha karo takjaluk, ananging panulisé kula ora digandhèng karo suwun amarga tembung kula ora kalebu golonganing ater-ater. Buktiné, tembung kula iku bisa ditulis ing purwaning ukara, pungkasaning ukara, ing sangareping tembung, ing saburining tembung, lan saterusé, kang beda karo ater-ater salumrahé. Contoné, mangkéné.
- Kula pendhet barang punika, awit kula pitados yèn barang wau saestu gadhahan kula. [ 17 ]DIPUN SUWUN APA DIPUNSUWUN
Tembung-tembung Jawa kang isih wungkul, kang durung olèh wuwuhan apa-apa, sing akèh, adhapur ngrong wanda (sanajan ana uga mung sawanda utawa luwih saka rong wanda). Manut pranatan, anasiring basa kang diarani tembung iku yèn ditulis nganggo aksara Latin kudu dipisah-pisah antarané siji lan sijiné, ora digandhèng kaya yèn ditulis nganggo aksara Jawa. Amarga dipun kuwi adhapur rong wanda lan suwun uga rong wanda, mula banjur ana wong kang nulis dipun dipisah karo suwun, dadi dipun suwun, kanthi penganggep yèn anasiring basa kuwi adhapur rong tembung. Ananging, ana uga wong kang nulis dipun digandhèng utawa diraketaké karo suwun, dadi dipunsuwun, kanthi panganggep yèn anasiring basa iki mung adhapur satembung. Banjur endi sing bener?
Satemené titikané tembung iku ora dumunung ana ing cacahé wandané. Ana tembung kang mung adhapur sawanda, upamané, dom, bom, suh, lan, ta, ya, sing, wah, ananging ana anasiring basa kang wis dhapur rong wanda durung bisa diarani tembung, kayata, -ipun, -ana, -aké, dom, bom, suh, lan sapituruté iku diarani tembung jalaran wis awujud rimbagan utawa pasatuaning basa kang cilik dhéwé kang wis diucapaké minangka anasir sing bébas, mardika, ora kaiket déning anasir liyané. Sanajan wis adhapur ngrong wanda, -ipun, -ana, -aké durung bisa diarani sawijining tembung jalaran durung bisa diucapaké minangka anasir sing bébas. Panganggoné anasir-anasir iki mesthi diwuwuhaké marang anasir dhasar utawa linggané lan banjur diarani anasir wuwuhan, upamané ing tembung bukunipun, seratipun, jupukana, cedhakana, nulisaké, nemokaké. Anasir kang diwuwuhaké ing saburiné anasir dhasar utawa linggané kaya mangkono iku diarani panambang.
Kajaba panambang, ana anasir wuwuhan kang diarani ater-ater, yaiku anasir wuwuhan kang mapané dumunung ing sangarepé anasir dhasar utawa lingga. Lumrahé, ater-ater ing basa Jawa iku mung adhapur nyawanda (sawanda), kayata, dak-, kok-, [ 18 ]di-, ka-, pa-, sa-, pra-, a-, pi-, nanging ana uga kang adhapur ngrong wanda, kayata, dipun-, kapi-, kami-, kuma-. Déné dipun- kang kalebu éwoning ater-ater ing basa Jawa iku mung adhapur nyawanda (sawanda), kayata, dak-, kok-, di-, ka-, pa-, sa-, pra-, a-, pi-, nanging ana uga kang adhapur tembung krama kriya tanggap pratama purusa (verba pasif persona ketiga). Manut paugeran, panulising ater-ater iku kudu digandhèng, disambung, utawa diraketaké karo anasir dhasar utawa linggané. Kanthi mangkono, panulisé ater-ater dipun- kuwi sing bener kudu diraketaké karo suwun, dadi dipunsuwun (béda karo panulisé kula suwun ing Puspa Rinoncé, 04/II/1999). Conto panulisé tembung kang mawa ater-ater dipuntumrap ing ukara, mangkéné.
- (1) Bu, buku kula dipunsuwun Dhik Sita.
- (2) Pak, lampu ingkang dipunanggé sinau Dhik Sita boten saged dipungesangaken.
- (3) Anggénipun nyerat dipunanggé punapa dipunpisah, Bu?
Ana panemu yèn panulisé ater-ater dipun- iku diraketaké karo linggané bisa njalari klèru anggoné maca utawa nyurasa karo tembung kang mawa ater-ater di-. Upamané, mangkéné.
dipunji diwaca/disurasa : dipun/ji ‘disinau temenan’ utawa : di/punji ‘dipanggul (tumrap bocal, lsp)’ dipuntir diwaca/disurasa : dipun/tir ‘di cèt nganggo tir’ utawa : di/puntir ‘diuntir’ dipunthuki diwaca/disurasa : dipun/thuk/i ‘dianthuki, diathungi’ utawa : di/punthuk/i ‘digawé pepunthukan’
Satemené wong bisa klèru anggoné maca (nyurasa) tembung-tembung kaya mangkono kuwi mung yèn tembung-tembung mau ditulis pisah saka ukarané. Ananging, yèn tembung-tembung mau ditulis ing sajroné ukara, mesthiné ora ana pakéwuhé. Wong ora bakal klèru anggoné maca utawa nyurasa jalaran tembung kang mawa ater-ater di- kuwi ngoko. Éwa semono, yèn bab iki isih disumelangaké lan mung kanggo nggampangaké anggoné maca (nyurasa), panulisé tembung-tembung mau bisa [ 19 ](ora kudu) diwuwuhi tandha panggandhèng (-) ing antarané ater-ater lan linggané. Contoné, mangkéné.
- (1) Kitab-kitab wau kedah dipun-ji déning para santri.
- (2) Anaké dipunji ngalor ngidul.
- (3) Supados langkung awèt, usukipun dipun-tir rumiyin!
- (4) Tangané Ali dipuntir Amat.
- (5) Cobi, kagunganipun sawung punika dipun-thuki sawung kula!
- (6) Lemahé aja dipunthuki ngono kuwi!
- (7) Sitinipun ampun dipun-punthuki mekaten punika!
ING DÉSAKU NGEDEGAKÉ LUMBUNG PACEKLIK
Manut paugeran, saben ukara iku saora-orané kudu mengku anasir warna loro, yaiku jejer (subjek) lan wasésa (predikat). Tumrap ukara ing basa sing resmi, luwih-luwih ukara mau minangka ukara carita lan adhapur ukara tanduk (aktif), anasir loro iku kudu ana lan kudu diwahyakaké (diwedharaké), ora kena dicelet.
Ukara sing kapacak ing dhuwur iku mengku anasir warna telu, yaiku ing désaku katrangan papan, ngedegaké wasésa, lan lumbung paceklik lésan. Kapirid saka ing isiné, ukara mau kalebu ukara carita. Yèn kapirid saka wasésané, ukara kasebut kalebu ukara tanduk amarga tembung kang dadi wasésaning ukara, yaiku ngedegaké, kalebu éwoning tembung kriya tanduk.
Sanajan wis mengku anasir telu, ukara ing dhuwur iku kena diarani ukara gothang, ukara sing ora genep, jalaran ora ana jejeré. Tembung désaku ing ukara iku dudu jejer. Manut pranatan, tembung sing dadi jejering ukara iku ora kena diwuwuhi tembung ancer-ancer ing sangarepé. Tembung sing diwuwuhi tembung ing ngarepé kuwi lumrahé mung minangka tembung katrangan kang nuduhaké papan utawa panggonan. Manawa tembung désaku ing ukara kasebut pancèn dikarepaké minangka jejering ukara, mesthiné tembung ancer-ancer ing sing dumunung ing ngarepé tembung mau diilangi. [ 20 ]Ukara ing dhuwur mau bisa didandani, upamané, mangkéné.
- Ukara iku diwuwuhi tembung utawa tetembungan kang bisa dadi jejering ukara.
Conto: Masyarakat (wong-wong, bapak-bapak, warga tani) ing désaku ngedegaké lumbung packlik. - Tembung ancer-ancer ing kang dumunung ing sangarepé tembung désaku diilangi supaya tembung désaku bisa dadi jejering ukara (éntar).
Conto: Désaku ngedegaké lumbung paceklik. (ukara entar)
Conto liyane:
Ukara Gothang Jejer | Ukara Ganep |
1. Ing rapat mau ngrembug koprasi | 1a. Ing rapat mau bocah-bocah (wong-wong, ibu-ibu) ngrembug koprasi. |
1b. Rapat mau ngrembug koprasi. | |
2. Ing dalan iki mbingungaké | 2. Dalan iki mbingungaké |
3. Ing saben masyarakat duwé adat dhéwé-dhéwé. | 3. Saben masyarakat duwé adat dhéwé-dhéwé. |
NAMI KULA TEMEN, PAK
Ukara ing dhuwur iki awujud ukara krama. Yèn dingokokaké, ukara iku dadi “Jenengku Temen, Pak”. Dadi, tembung nami ing ukara mau ngramaké tembung jeneng.
Manut paugeran unggah-ungguhing basa, tembung ngoko jeneng (utawa aran) iku yèn di kramakaké dadi nama (krama lugu utawa krama lumrah) lan asma (krama inggil). Ananging ana sapérangan warganing masyarakat sing duwé panganggep yèn tembung nama kuwi tembung krama sing luput, sing durung bener, temah banjur didandani utawa dibeneraké dadi nami.
Satemené tembung nama kuwi minangka tembung krama sing wis bener, malah kalebu tembung krama sing baku. Yèn tembung sing wis bener iki diowahi kanthi ancas ndandani (awit dianggep luput), asilé malah dadi ora bener. Ndandani tembung sing wis bener, sing malah ngasilaké tembung kang dianggep luput, iku diarani hypercorrect (ndadani kang keliwat ing kad [ 21 ]utawa keliwat ing wates). Dadi, tembung nami kuwi kena diarani tembung krama hipercorrect (bener sing kladuk, sing kliwat saka ing wates).
Kajaba nami, tembung krama kang kalebu hipercorrect iku ana manèh liyané. Contoné, tembung udan (ngoko) dikramakaké dadi jawah, tembung jawah (krama lugu sing baku) dikramakaké manèh dadi jawuh, jawoh, utawa jaweh; bisa (ngoko) dikramakaké dadi saged, tembung saged (krama lugu sing baku) dikramakaké manéh dadi waged; ésuk (ngoko) dikramakaké dadi énjing (krama baku), tembung énjing dikramakaké manèh dadi énjang; jaran (ngoko) dikramakaké dadi kapal, tembung kapal (krama lugu sing baku) dikramakaké manéh dari kèpèl. Kanthi mangkono, tembung jawuh, jawoh, jaweh, waged, énjang, lan kèpèl kalebu golonganing tembung krama hipercorrect.
Ing sajroné buku parama sastra Jawa tembung krama hpercorrect kuwi diarani krama désa. Ananging, jeneng “krama désa” iku satemené ora trep awit wong ing kutha uga ana sing nganggo tembung kaya mangkono kuwi. Sing cetha, dumadiné tembung sing kaprah diarani “krama désa” iku awit ana sapéranganing warga masyarakat sing ora ngerti endi tembung krama sing bener lan sing luput. Jalaran tembung krama kaya mangkono kuwi nyebal saka paugeran, beciké tembung-tembung mangkono mau ora dianggo ing basa Jawa sing resmi.
PANULISÉ TEMBUNG : SIGEG AKSARA B APA P?
Pakecapané sigegan b lan p kang tumrap ing pungkasaning wanda (wanda sapisan, pungkasan, utawa wanda tengah) sok-sok keprungu padha utawa mèh padha, yaiku dadi /p/. Tembung sabtu, bab, sabab, kitab, upamané, pakecapané asring kaprungu /saptu/, /bap/, /sabap/, /kitap/. Pakecapané sigegan p ing tembung, kayata, sapta/sapto/, kécap/kecap/, dhadhap/dadap/, cap/cap/. Bab iki luwih cetha manèh yèn sigegan b mau dumunung ing pungkasaning tembung lan banjur olèh panambang, kayata, sababé, sababipun, kitabé, kitabipun, lan sapituruté. [ 22 ]tembung-tembung iki asring diucapaké /sabapé/, /sabapipun/, /kitapé/, kitapipun/. Jalaran kadayan saka pakecapan, mula banjur ana wong (bocah-bocah) kang kèwuhan anggoné mbédakaé endi tembung kang ditulis nganggo sigegan aksara b lan endi tembung kang mesthiné ditulis nganggo sigegan aksara p. Ora mokal yèn ing jaman saiki sok tinemu tulisan , upamané, ateb, klilib, manteb (nganggo sigegan aksara b) lan bab, kitab, lepda (nganggo sigegan aksara p) tulisan-tulisan kaya mangkéné ora bener.
Panulisé tembung iku ora mung adhedhasar pakecapané thok. Yén panulisé tembung iku mung adhedhasar pakecapan, mesthi ana pakèwuhé. Jalaran, pakecapané tembung ing papan siji lan sijiné iku sok ora padha. Ing wilayah Tegal, Banyumas, Kebumen, lan sakiwatengené, upamané pakecapané tembung-tembung kang mawa sigegan b bèda karo tembung kang mawa sigegan p (pakecapané sigegan b luwih mantep lan cetha). Ananging ing wilayah Yogyakarta, Surakarta, lan sakiwatengené, pakecapané sigegan b lan p kang tumrap ing pungkasaning wanda iku mèh padha, yaiku dadi /p/ kaya kang wis dibèbèraké ing dhuwur mau. Éwa samono, anasir pakecapan uga perlu digatékaké ing babagan panulisé tembung. Upamané, yèn kang dikarepaké ing pakecapan kuwi /punik /, tembung iki ya ditulis punika. Ananging yèn dikarepaké ing pakecapan iku /m nik /, tembung mau ya ditulis menika.
Panulisé tembung nganggo sigegan b utawa nganggo sigegan p iku perlu ngèlingi teges utawa maknané. Jalaran, ana sawenèhing tembung Jawa manawa ditulis nganggo sigegan aksara b béda tegesé karo yèn ditulis nganggo sigegan aksara p. tembung anteb, upamané, tegesé béda karo antep. Tembung anteb tegesé ‘abot banget’, antep tegesé ‘setya tuhu’, ‘tetep nggegegi panemuné’.
Kajaba bab kang dibèbèraké mau, panulisé tembung uga perlu ngèlingi asalé tembung. Yèn tembung mau asalé saka basa manca lan asliné ditulis nganggo sigegan aksara b, tembung mau ya kudu ditulis nganggo sigegan aksara b semono uga yèn [ 23 ]tembung mau ditulis nganggo sigegan aksara p panulisé tembung kaya mangkènè iki murih wujudé tembung Jawa mau isih bisa ditandhing-tandhing karo wujudé tembung kang asli. Kagem lelimbangan, ing ngisor iki conto sawatara tembung kang kudu ditulis nganggo sigegan aksara b lan p.
abab | apsari ‘widadari’ |
abdi | aplala ‘linuwih’ |
abjad | ajap |
absah | alap-alap |
anteb ‘abot banget’ | antep ‘setya tuhu’ |
bab | baptis |
kitab | klilip |
surup | |
sebab | sap ‘lapisan’ |
tatab, ketatab | tutup |
TEMBUNG ÉNTAR
Basa iku kena diarani sawijining piranti kanggo mahyakaké utawa medharaké cipta, rasa, lan karsaning manungsa marang sapepadhané. Carané migunakaké basa kanggo medharaké cipta, rasa, lan karsa mau warna-warna, ana kang mung cekak aos, ana kang ngandhar-andhar, ana kang migunakaké tembung-tembung lumrah, ana kang migunakaké tembung-tembung éndah, lan sapituruté, temah wujud wetuning basa iku uga warna-warna contoné, mangkéné.
- (1) Cah kuwi cèn lantip tenan.
- (2) Bocah kuwi pancèn lantip tenan.
- (3) Bocah kuwi pancèn landhep pikirané tenan.
Ukara telu iki surasané padha. Bedané, ukara (1) migunakaké tembung wancahan (cekakan), yaiku cah (wancahané tembung bocah) lan cèn (wancahané tembung pancèn), déné ukara (2) lan (3) migunakaké tembung-tembung kang wutuh. Bédané manèh, ukara (1) lan (2) migunakaké tembung lantip, ukara (3) [ 24 ]migunakaké tetembungan landhep pikirané kang padha waé karo lantip.
Tembung lantip iku tegesé ‘gathèkan’ utawa ‘gampang mangertiné’. Teges iki diarani teges kang saluguné. Tembung kang mengku teges saluguné iku diarani tembung lumrah. Tembung landhep ing tetembungan landhep pikirané iku mengku teges sing ora saluguné. Tegesé tembung landhep kang saluguné, yaiku ‘mempan, ora kethul, bisa tumama yèn digunakaké (tumrap gegaman)’. Déné landhep pikirané tegesé ‘gampang mangertine, pikirané bisa cepet nampa lan ngolah ilmu (ngudhari sawijining bab, lan sapanunggalané). Kanthi mangkono, tegesing tembung landhep kang dumunung ing tetembungan landhep pikirané iku adoh saka teges kang saluguné. Jalaran adoh saka teges kang pokok utawa kang saluguné, mula tetembungan mau banjur diarani (tembung) éntar.
Sesipatané pikiran kang bisa cepet nampa lan ngolah ilmu iku diarani lantip. Ananging ing tetembungan mau lantip diganti nganggo tembung landhep. Ing mangka, tembung landhep iku minangka sesipataning gegaman, kayata, pedhang, péso, pethèl, lan sapituruté. Kanthi mangkono, landhep kang kanggo mènèhi sesipatané pikiran ing tetembungan landhep pikirané iku kena diarani silihan. Mulané, tembung éntar uga diarani tembung silihan.
Tembung éntar iku dianggo ora mung winates ing basa susastra, ananging uga sok dianggo ing basa padinan. Tembung éntar kang dianggo ing padinan iku lumrahé tembung éntar kang wis kerep kanggo utawa wis bola-bali dianggo temah wis ora krasa teges éntaré minangka bumbu amrih basané katon nges, ora njuwarèhi. Cotoné tembung éntar, upamané, mangkéné.
- pingget atiné ‘serik’
- perih atiné ‘susah, nlangsa banget’
- entèk atine ‘ora duwé pangarep-arep’
- cilik atiné ‘sumelang, jirèhan, gampang wedi, gampang susah’
- gedhé atiné ‘mongkog, manteb’ [ 25 ]
- lobok atiné ‘sabar, ora gampang nesu’
- nggadho ati ‘gawé susah’
- mambu ati ‘rumangsa disenengi, rumangsa disiri, rumangsa ditresnani’
- merak ati ‘nengsemaké, nyenengaké’
- woding ati ‘kekasih, (bocah, wong) kang ditresnani’.
- gantilaning ati ‘kang ditresnani (kekasih, anak, lan sapiturute)’
BASA JAWA KANG BAKU
Basa Jawa kang baku iku basa Jawa kang bisa ditampa lan dipahami déning sadhéngah warganing masyarakat Jawa ing Yogyakarta, Surakarta, Madiun, Malang, Surabaya lan sapituruté. Basa Jawa kang baku iku lumrahé dianggo ing swasana resmi, kayata, ing pahargyan dhauping pangantèn, perepatan dhusun, kotbah ing masjid-masjid utawa gréja, layang ulem, lan sapanunggalané. Titikané basa baku iku, ing antarané, (1) cetha (gegayutan karo teges utawa maknané), (2) winahya (gegayutan karo anasir parama sastrané), (3) pas (gegayuhan karo pamilihing tembung), lan (4) lugas (ora mengku tembung-tembung éntar lan ora dawa-dawa).
Basa baku iku kudu cetha teges utawa maknané. Liré, tembung utawa tetembungan kang dianggo kudu tembung-tembung kang tegesé cetha ora mangro. Tembung karo, upamané, bisa mengku teges ‘lan’, ‘lan uga’, ‘marang’, ‘tumrap marang’, tinimbang’, ‘srana’, ‘déning’, sinambi’, ‘bebarengan anggoné nindaké, lan sapituruté. Jalaran darbé teges utawa dasa nama pirang-pirang, panganggoné tembung karo banjur sok nuwuhaké kléruning panyurasa. Ukara Siti ora olèh mulih karo Suta, upamané, bisa disurasa (a) ‘Siti ora olèh mulih dèning Suta’ utawa (b) ‘Siti ora olèh mulih bebarengan Suta’. Tembung karo ing ukara iku bisa diarani mengku teges mangro, ora cetha, temah perlu disalini nganggo tembung kang luwih cetha supaya trep karo kang [ 26 ]dikarepaké ing ukara mau. Conto ing ngisor iki bisa kanggo lelimbangan sawatara.
Maknané ora cetha: | Maknané luwih cetha: |
1. Ali karo Amad uga wedi. | 1a. Ali marang Amad uga wedi. |
1b. Ali lan Amad uga wedi (marang x). | |
2. Ali luwih dhuwur karo Amad. | 2. Ali luwih dhuwur tinimbang Amad. |
3. Butané mati karo Radèn Janaka. | 3. Butané mati déning Radèn Janaka. |
Titikan kang angka loro, anasiring paramasastra tumrap basa baku iku kudu winahya (diwedharaké, dilairaké), ora kena dicelet. Kanthi mangkono, ing basa baku iku tembung-tembung kang dianggo kudu diwedharaké wutuh (ora dicekak), ater-ater utawa panambangé (yèn ana) uga kudu dilairaké. Semono uga anasiring parama sastra ing tataran ukara, kayata, jejer, wasésa, lésan, katerangan (yèn ana) kudu diwedharaké.
Contoné, mangkéné.
Ora baku: | Baku: |
1. Aku ra dé dhit. | 1a. Aku ora duwé dhuwit. |
2. Kodhoké pangan ula. | 2a. Kodhoké dipangan ula. |
3. Ali ing Jakarta wis suwé. | 3a. Ali manggo n (nyambut gawé, sekolah, bebakulan) ing Jakarta wis suwé. |
Tembung utawa tetembungan kang dianggo ing basa baku iku kudu dipilih kanthi tlesih amrih trep utawa pas karo leléwaning basané, laras karo swasanané. Tetembungan ahli waris, upamané, bisa dianggo nyebut keluwarga nalika sesorah ing upacara sripah, nanging ora laras yèn dianggo ing sesorah pahargyan dhauping pangantèn. Kajaba iku, ing basa baku sebisa-bisa aja nganti ketrocoban (kecampuran) tembung-tembung kang mung kaprah dianggo déning masyarakat tertamtu inyong ‘aku’, brug ‘kreteg’, belih ‘ora’, ‘beda’, ‘sejé’, kaderan ‘apa iya, apa bener’, upamané, kaprah dianggo déning masyarakat Tegal lan sakiwatengené, ananging mèh ora tau dianggo dèning masyarakat Jawa [ 27 ]liyané. Tembung embyah ‘simbah’, kisang, ‘gedhang’, kethowok-kethowok, ‘krowok-krowok’, blungki, ’tunggak pring’, upamané, kaprah dianggo déning masyarakat Banyuwangi (Osing), ananging uga mèh ora dianggo dèning masyarakat Jawa ing papan liya. Tembung-tembung enggon-enggonan kaya mangkono mau ing basa baku perlu disalini nganggo tembung-tembung kang umum.
Basa baku iku kudu asipat lugas. Kang dikarepaké lugas ing kéné (a) tembung-tembung kang dianggo dudu tembung-tembung éntar lan (b) dhapukaning ukara ora dawa-dawa. Ananging perlu disumurupi yèn tembung éntar iku satemené bisa dipérang dadi rong golongan, yaiku (1) tembung éntar kang isih cetha teges éntaré lan wis dianggep tembung lumrah. Tembung éntar golongan (2) iku bisa dianggo ing basa baku. Kagem lelimbangan sawatara bisa dipriksani ukara ing ngisor iki.
- 1. Kanggo nyumurupi sepira abot ènthèngé barang, kaya-kaya ora ana dalan liya kang prayoga diliwati kajaba mung nimbang barang mau.
- 1a. Kanggo nyumurupi boboté barang, carané kudu nimbang barang mau.
- 2. Pak Lurah, wong kang dadi pangarep utawa kepalaning désa, kang kagungan tanggung jawab tumrap maju munduring désa, kang ngasta pimpinaning rapat, banjur nothok méja kanggo narik kawigatèné kabèh wong kang nekani rapat wektu kuwi padha omong-omongan dhéwé-dhéwé ora nggatèkaké apa kang lagi dirembug ing rapat mau.
- 2a. Pak Lurah kang mimpin rapat mau banjur nothok méja kanggo narik kawigatèné wong kang padha mèlu rapat.
Ukara 1a luwih ringkes katimbang ukara 1 lan ukara 2a luwih ringkes katimbang ukara 2. Kajaba kuwi, ukara 1 mengku tembung éntar kang isih cetha teges éntaré, yaiku dalan kang prayoga diliwati minangka éntaré cara kang becik ditindakaké. Ukara-ukara kaya kang sebut ing 1 lan 2 iku ora prayoga dianggo ing basa baku. [ 28 ]KUNARPA, KUWANDA, LAYON
Juru sesorah, rasa pangrasa, lan pangandika (leléwaning basané) kudu laras karo swasana ing nalikané sesorah. Sesorah ing pahargyan dhauping pangantèn upamané, bèda karo sesorah ing upacara sripah. Ing pahargyan dhauping pangantèn juru sesorah diajap bisaa gawé wuwuh semuwaning pasamuan, ing upacara sripah juru sesorah diajap bisaa njaga tidhem temtreming swasana.
Ana sawatara bab kang perlu olèh kawigatèn mirunggan tumrap sesorah ing upacara sripah. (1) sesorah ing upacara sripah prayoga sing ringkes, ora nglantur ngandhar-andhar, amrih para tamu anggoné jumeneng ora kesuwèn. (2) papaning sripah ora prayoga kanggo pamèr basa. Cundhuk karo bab iki, basa kang dianggo beciké basa sing lugas, barès, ora kakèhan rerenggan. Kanggo ngawékani amrih aja ana seling suruping panggrahita utawa klèruning panyurasa, tetembungé prayoga dipilih sing mengku teges lan surasa kang trep. (3) lagu lagèhaning wacana (kedaling pangucap) prayoga kang sarèh pakolèh, ora kesusususu, ora perlu sora makantar-kantar.
Sawenèhing wong ana kang darbé panganggep yèn sesorah kang becik kuwi mesthi utawa kudu migunakaké basa kang dakik-dakik, basa kang direngga nganggo tembung-tembung éndah, upamané, tembung saka basa Kawi utawa Sanskerta. Amarga ana panganggep kaya mangkono kuwi, sanajan sesorah ing upacara sripah, ana sawenèhing pamedhar sabda (panatacara) kang banjur emoh nganggo tetembungan sing wis dianggep angsaran, sing wis kulina dianggo déning wong akèh. Amrih diarani basané becik, wong mau banjur mbudidaya nyalini tembung sing dianggep éndah tur sing durung kaprah dianggo déning wong akèh (sanajan durung mengerti surasané tembung mau sing sanyatané). Tembung layon, upamané, dianggep tembung sing wis angsaran. Tembung iki banjur sok disalini nganggo tembung kunarpa utawa kuwanda. Apa teges utawa surasané tetembungan iki sing sanyatané?. [ 29 ]- (a) Tembung kunarpa, kalebu éwoning tembung Kawi utawa Jawa Kuna, tegesé ‘bangké’, bathang’. Tembung iki asal saka tembung Sanskerta kunapa ‘mayit’.
- (b) Tembung kuwanda, uga kalebu éwoning tembung Kawi utawa Jawa Kuna, tegesé ‘awak’, ‘bada’, ‘bangké’. Tembung iki asal saka tembung Sanskerta kuwandha, tegesé ‘ gembung’ (blegeré awak tanpa sikil, tangan lan sirah).
- (c) Tembung layon kalebu éwoning tembung krama inggil, yaiku kanggo ngramakaké tembung mayit utawa jisim kang ateges ‘wong kang wis mati’ utawa ‘ragané’ wong sing wis ora ana nyawané’. Satemené tembung layon iku mengku teges ‘(kembang) kang wis alum’ utawa ‘aluming kembang’. Kanthi mangkono, tembung layon kanggo ngganti nyebut mayit utawa jisim kuwi kena diarani eufimisme (tembung kang luwih alus minangka gantining tembung kang mengku surasa kasar, ora nyenengaké).
Kapirit saka asalé, tembung layon iku dumadi saka tembung layu ‘alum, mati’ olèh panambang –an. Tembung layu kuwi kalebu uga tembung Kawi. Ing basa asalé, yaiku basa Kawi, tembung layu + -an kuwi dadi laywan. Déné laywan banjur dadi layon, ana owah-owahan /wa/ dadi/o/, minangka owah-owahan sing lumrah tumrap tembung-tembung Kawi sing banjur dadi tembung Jawa saiki, kayadéné tembung larwan (Kawi) dadi laron, unggwan (Kawi) dadi enggon, takwan (Kawi) dadi takon.
Kanthi andharan iki bisa disumurupi yèn tembung layon iku kalebu tembung alus, tembung kang mengku surasa mati. Menawa tembung iki disalini nganggo tembung kunarpa utawa kuwanda, satemené surasané malah dadi ora trep.
TETANÈN ING MRIKI SAMPUN MAJENG
Tembung mriki kalebu éwoning tembung krama, yaiku kanggo ngramakaké tembung mréné. Tembung mriki lan uga mréné mengku teges ‘menyang ing kéné. Kanthi mangkono, [ 30 ]ukara kang kapacak ing dhuwur iku yèn dingokokaké adhedhasar tembung-tembungé banjur dadi ‘Tetanèn ing mréné wis maju’. Ing mangka, ngokoné ukara mau kang dikarepaké mesthiné dadi ‘Tetanén ing kéné wis maju’. Cethané, ukara ing dhuwur mau luput amarga tembung kéné dikramakaké dadi mriki.
Tembung kéné iku kalebu tembung ngoko. Tembung mau yèn dikramakaké dadi ngriki, ora dadi mriki. Mula, amrih ukara ing dhuwur mau bener, tembung mriki kudu disalini nganggo tembung ngriki temah ukarané banjur dadi ‘Tetanèn ing ngriki sampun majeng’. Supaya luwih cetha, ing ngisor iki kapacak conto sawatara ukara kang luput lan kang bener tumrap panganggoné tembung mriki lan ngriki.
Ukara kang luput:
- 1. Ing lèpèn mriki kathah saweripun.
- 2. Tiyang mriki kathah ingkang nyambut damel ing kitha.
- 3. Bénjing malih yèn ngriki kedah mruput!
- 4. Sinten ingkang ngriki kala wau, Bu?
Ukara kang bener:
- 1a. Ing lèpèn ngriki kathah saweripun (krama).
- 1b. Ing kali kéné akèh ulané (ngoko).
- 2a. Tiyang dhusun ngriki kathah ingkang nyambut damel ing kitha (krama).
- 2b. Wong désa kéné akèh sing nyambut gawé ing kutha (ngoko).
- 3a. Bénjing malih yèn mriki kedah mruput (krama).
- 3b. Bésuk manèh yèn mréné kudu mruput (ngoko).
- 4a. Sinten ingkang mriki kala wau, Bu? (krama)
- 4b. Sapa sing mréné mau, Bu? (ngoko)
Kajaba tembung mriki lan ngriki, ana tembung kang nunggal misah karo tembung loro mau kang panganggoné uga kudu ngati-ati jalaran sok cawuh. Tembung mrika, upamané, panganggoné sok cawuh karo tembung ngrika, tembung mriku panganggoné sok cawuh karo ngriku. Tembung mrika (krama) kuwi padha karo mrana (ngoko) tegesé ‘menyang ing kana’. Tembung mriku (krama) padha karo mrono (ngoko) tegesé ‘menyang ing kono’. Déné [ 31 ]tembung ngrika (krama) padha karo (ing) kana (ngoko) lan ngriku (krama) padha karo (ing) kono (ngoko).
TERUTAMI
Ing sajroning pasrawungan saben dinané, kajaba migunakaké basa Jawa, masyarakat Jawa asring uga migunakaké basa Indonesia. Malah tumrap marang nom-noman, basa Indonesia kuwi dianggep luwih cancingan minangka piranti srawung tinimbang basa Jawa. Jalaran luwih kulina migunakaé basa Indonesia, mula ora mokal yèn ana sapérangan warganing masyarakat Jawa nalika migunakaké basa Jawa ora krasa manawa ing sajroné basané mau ketrocoban sawatara tembung Indonesia. Contoné, mangkéné.
- Ingkang terutami dipunrembag inggih punika bab tetanèn.
- Pamedaling warga dhusun ngriki punika terutami saking tetanèn.
- Margi punika sepen sanget, terutami yèn wanci dalu.
- Gendhing punika dipunkintunaken déning Mas Yanto terutami kagem Bapak Béndot.
Tembung terutami ing sajroné ukara-ukara iki kanggo ngramakaké tembung terutama. Tembung terutama kuwi satemené isih kalebu éwoning tembung Indonesia, durung kalebu wargané tembung Jawa. Liré, tembung terutama iku kadhapuk saka tembung lingga utama olèh wuwuhan ater-ater ter-. Ing mangka, ater-ater ter- iku ing sajroné basa Jawa ora kaprah utawa ora ana. Amrih dadi ukara-ukara kang becik, prayogané tembung terutami ing sajroné ukara-ukara mau perlu disalini nganggo tembung-tembung Jawa kang trep karo surasané.
Nyalini tembung Indonesia nganggo tembung Jawa kuwi kudu ngélingi pirang pirang bab, kayata, jinising tembung, tegesing tembung perlu disumurupi, upamané, (1) tembung siji iku ana kang mengku teges warna-warna, (2) tembung siji ora kudu disalini nganggo tembung satembung, lan (3) sanajan tegesé padha, surasané tembung siji lan sijiné iku sok béda-béda. Kanthi [ 32 ]mangkono, sanajan blegering tembung padha, tembung terutami ing sajroné ukara-ukara mau tegesé bisa warna-warna temah tembung kang kanggo nyalini uga ora padha. Contoné, mangkéné.
- 1a. Ingkang baku dipunrembag inggih punika bab tetanèn.
- 1b. Ingkang penting (pokok) piyambak dipunrembag inggih punika bab tetanèn.
- 2a. Pamedaling warga dhusun ngriki punika ingkang baku saking tetanèn.
- 3a. Margi punika sepen sanget, langkung-langkung yèn wanci dalu.
- 4a. Gendhing punika dipunkintunaken déning Mas Yanto mirungganipun kagem Bapak Béndhot.
PENULISÉ ARANING KUTHA KANG MENGKU PAKECAPAN /d/, /dh/, /t/, /th/
Panulisé pakecapan /d/ lan /t/ ing sajroné basa Jawa dibédakaké karo panulisé pakecapan /dh/ lan /th/. Pakecapan /d/ ditulis nganggo aksara dh, pakecapan /t/ ditulis nganggo aksara th, pakecapan /d/ ditulis nganggo aksara d, lan pakecapan /t/ ditulis nganggo aksara t. Contoné, mangkéné.
- Tembung kang anasir pakecapané kudu ditulis nganggo aksara dh: wedhi (krikil lembut), wudhu (ora payu), padha (ora beda).’
- Tembung kang anasir pakecapané kudu ditulis nganggo aksara d: wedi (ora wani), wudu (sesuci arep solat), pada (tetenger adheging ukara).
- Tembung kang anasir pakecapané kudu ditulis nganggo aksara th: bathang (bangké), kuthuk (anak pitik), sotho (jotos).
- Tembung kang anasir pakecapané kudu ditulis nganggo aksara t: batang (pethèk, bedhèk), kutuk (iwak gabus), soto (saoto).
Jalaran ana paugeran kaya mangkono mau, mula banjur ana wong kang nulis araning kutha (désa, dhusun, utawa kampung) [ 33 ]kang uga kalarasaké karo pakecapané, upamané, Kendhal, Kedhiri, Kedhungjati, Pathi, Klathen, Jethis, Kudus, Sidareja, lan sapituruté. Banjur endi kang bener?
Paugeran bab panganggoné aksara dh, th, d lan t kang kapacak ing dhuwur mau satemené paugeran kanggo nulis tembung-tembung lumrah. Éwo semono, paugeran mau uga bisa digunakaké kanggo nulis araning kutha, nagara, désa, dhusun, utawa kampung ing babagan transliterasi (nglatinaké naskah tulisan Jawa) amrih cetha lan cedhak karo tulisan asliné. Ananging, tumrap ing basa umum, luwih-luwih magepokan karo administrasi, panulisé araning kutha, negara, désa, lan sapituruté mau ora kudu dilarasaké karo pakecapané. Dadi, upamané, Indonesia, Medan, Kendal, Pati, Klaten, Mlati, Jetis, cukup ditulis mangkéné iki, ora perlu ditulis Indhonesia, Médhan, Kendhal, Pathi, Klathèn, Mlathi, Jethis. Liré, araning kutha (nagara, désa, dhusun, utawa kampung) kuwi asipat nasional, malah kapara asipat internasional, temah panulisé uga kudu manut paugeran nasional, yaiku paugeran kang dianggo ing basa Indonesia.
KULA SARÉNCANG NYUWUN PAMIT
Tembung saréncang ing sajroné ukara kang kapacak minangka irah-irahané tulisan iki minangka tembung krama, yaiku kanggo ngramakaké tembung sakanca. Ing ukara iku tembung kanca dikramakaké dadi réncang. Tembung réncang dianggo ngramakaké tembung kanca kuwi ing jaman saiki wis rada lumrah lan dianggep bener déning sapérangan warganing masyarakat. Ananging, yèn ditlesih temenan, tembung réncang kanggo ngramakaké tembung kanca kuwi sajatiné kurang trep. Nalaré, mangkéné.
Tembung réncang iku pancén kalebu éwoning tembung krama. Manut paugeran, tembung réncang mau minangka kramané tembung réwang. Déné tembung réwang kuwi maknané ana warna telu, yaiku (1) ‘batur’ utawa ‘abdi’, (2) ‘mara tetulung marang wong kang duwé gawé (mbiyantu olah-olah, lan [ 34 ]sapanunggalané), lan (3) ‘ari-ari’. Kanthi mangkono, cetha yèn tembung réncang kuwi ora trep jalaran réwang utawa réncang kang tegesé padha karo kanca kuwi ora ana, déné ana kang tegesé padha karo batur. Pancèn ana tembung batur utawa batir kang tegesé padha karo kanca, ananging panganggoné tembung iki asipat enggon-enggonan (dhialèktis).
Satemené tembung kanca kuwi kalebu éwoning tembung krama ngoko. Tembung-tembung krama ngoko kuwi éwoning tembung kang bisa dianggo ing tataran ngoko lan ing tataran krama tanpa kudu ngowahi utawa ngganti wujuding tembung-tembung mau. Jalaran kalebu tembung krama ngoko, mula tembung kanca bisa dianggo ing tataran ngoko lan uga ing tataran krama tanpa kudu ngowahi utawa ngganti wujuding tembung mau. Kanthi mangkono, ukara ing dhuwur mau beneré mangkéné. Kula sakanca nyuwun pamit.
Amrih cetha, ing ngisor iki dipacak sawatara conto panganggoné tembung réncang, réwang, lan kanca.
- 1. Mengko aku arep ngajak kanca telu.
- 1a. Mangké kula badhé ngajak kanca tiga.
- 2. Bocah kaé mau kancaku sekolah, Pak.
- 2a. Laré punika wau kanca kula sekolah, Pak.
- 3. Ibu lagi réwang nèng dalemé Bu Nata.
- 3a. Ibu saweg réncang wonten ing dalemipun Bu Nata.
- 4. Aku arep ngréwangi Mas Yanto nata buku.
- 4a. Kula badhé ngréncangi Mas Yanto nata buku.
- 5. Aku arep ngancani Kang AIi tunggu omah.
- 5a. Kula badhé ngancani Kang Ali tengga griya.
- 6. Bocah iki mau réwangipun Bu Nata?
- 6a. Laré punika wau réncangipun Bu Nata?
JAGAT RAYA
Ana wong kang nulis tembung jagat ing tetembungan jagat raya kanthi sigegan aksara t ing pungkasaning tembung lan ana uga wong kang nulis tembung mau kanthi sigegan aksara d, [ 35 ]dadi jagad raya. Panulisé tembung jagad (kanthi sigegan aksara d) iku jalaran kadayan saka pakecapané aksara g kang dumunung ing sangarepé, sairib karo panulisé tembung saged, reged, wragad. Ananging yèn ditlusur saka sejarahé, panulisé tetembungan jagad raya (tembung jagad ditulis kanthi sigegan aksara d) iku ora trep. Liré, mangkéné.
Tetembungan jagat raya iku dumadi saka rong tembung, yaiku jagat lan raya. Tembung jagat kuwi lumrahé ditegesi ‘jagat gedhé’, yaiku jagat kang gumelar iki utawa jagat salumahing bumi sakurebing langit. Teges iki satemené wis mingset saka teges kang sakawit. Manut sejarahé, tetembungan jagat raya iku minangka tembung Kawi (basa Jawa Kuna) kang asalé saka basa Sansekerta. Ing sakawit panulisé jagat raya iku jagat traya. Tembung traya minangka owah-owahan tembung tri kang mengku teges ‘telu’. Kanthi mangkono, tetembungan jagat traya kang ing jaman saiki banjur dadi jagat raya kuwi mengku teges ‘jagat telu’, yaiku donya, suwarga, lan ngisor bumi (naraka). Tembung tri owah dadi traya iku minangka owah-owahan dhapukaning tembung ing basa Sanskerta. Kajaba bisa owah dadi tembung traya, tembung tri iku bisa owah dadi trai, trayo, lan sapanunggalané kang kabèh mau isih mengku anasir teges ‘telu’, upamané, trailokya ‘jagat tetelu’, trailokyarajya ‘pepréntahan jagat tetelu’, trayodaŠa ‘tetulas’, trayodaŠí ‘bengi kang kaping tetulas’ (diétung saka setengah sasi kang sapisan manut pétungan rembulan). Kanthi mangkono, panulisé tembung jagat ing tetembungan jagat raya kuwi sing bener kanthi sigegan aksara t.
NGENTAS PITULUS
Ana pitakon kang inti sari utawa wosing pitakon mau mangkéné, “Kapriyé nalaré déné ana tetembungan ngentas pitulus lan tetembungan mau dianggo gegantiné tetembungan ngomah-omahaké anak?”
Tetembungan ngentas pitulus kang dianggo minangka lira-liruné utawa gegantiné tetembungan ngomah-omahaké anak iku [ 36 ]lumrahé dianggo déning juru sesorah utawa panata cara ing pasamuwan dhauping pangantèn. Wong sesorah kuwi lumrahé mesthi mbudi daya amrih narik kawigatèné wong kang padha ngrungokaké. Carané narik kawigatèn iku warna-warna. Salah sawijining cara kang asring ditindakaké déning para juru sesorah (panata cara), yaiku njaga amrih basané bener, becik, nengsemaké, ora njuwarèhi. Amrih basané ora njuwarèhi utawa ora mboseni, juru sesorah (panata cara) mbudi daya golèk tembung utawa tetembungan kang trep maknané, laras rasa basané, éndah dirungokaké, lan ora mung ajeg nganggo tembung satembung kang dibolan-balèni. Kanggo nyebut “dhayoh”, upamané, juru sesorah (panata cara) bisa nganggo tetembungan para tamu (ingkang minulya), para rawuh (ingkang dahat kinurmatan), para lenggah (ingkang kula urmati), lan sapituruté kanthi lira-liru.
Tembung utawa tetembungan ing basa Jawa kang bisa dianggo kanthi lira-liru iku satemené wis cukup akéh. Ewa samono, ana sawenèhing wong (juru sesorah, panata cara) kang ora marem yèn ta mung nganggo tembung utawa tetembungan kang wis lumrah dianggo ing akèh. Kanggo nuruti mareming ati lan ngiras pantes mekaraké basa Jawa, wong mau banjur dhudhah-dhudhah tembung lawas ing susastra Jawa Kuna nyipta utawa ndhapuk tetembungan anyar kang dianggep luwih trep, laras, lan pèni.
Tetembungan ngentas pitulus kuwi kalebu tetembungan dhapukan anyar. Tetembungan iku dumadi saka rong tembung, yaiku ngentas lan pitulus. Tembung ngentas mengku teges (1) ‘njupuk saka ing (paméméan, kebon, pategalan, lan sapituruté)’, (2) ‘njupuk saka jeron (anglo, panggorèngan, banyu, lan sapituruté)’, (3) ‘ngunggahaké saka ing papan kang jero (kali, jurang, jugangan, lan sapituruté)’, (4) (teges entar) ‘mitulungi saka ing (bebaya, reribed, lan sapituruté)’, (5) (teges entar) ‘ngomah-omahaké’. Tembung pitulus kadhapuk saka tembung lingga tulus olèh wuwuhan ater-ater pi-. Tembung lingga tulus mengku teges warna-warna, déné teges kang cundhuk utawa trep karo kang [ 37 ]dikarepaké ing kéné, yaiku ‘terus utawa lestari slamet, ora ana sambékala’. Dadi, tembung pitulus kuwi tegesé ‘kang nerusaké (kaslametan)’ utawa ‘kang nglestarékaké (kaslametan)’. Sing dikarepaké ‘kang nglestarékaké kaslametan’ ing kéné, yaiku anak utawa turun, jalaran anak utawa turun kuwi kang bakal nerusaké sejarahé wong tuwané utawa leluhuré, kang digegadhang tansah mujèkaké kaslametan, kang bisa mikul dhuwur mendhem jero. Kanthi mangkono, tetembungan ngentas pitulus kuwi maknané padha karo ngomah-omahaké anak utawa ngrabèkaké anak. Genéa ing kéné migunakaké tembung ngentas? Jalaran, anak kang wis diwasa kang isih urip legan kuwi kena diupamakaké ana ing sajroné juranging kasangsaran. Yèn anak mau nemu reribed ing uripé, luwih-luwih yèn wong tuwa wis ora ana ing mengkoné, mesthi waé ora ana kang diajak rembugan kanggo ngudhari reribed utawa sangganing uripé. Mula, anak kang wis diwasa banjur diomah-omahaké utawa dipalakramakaké supaya duwé kanca kanggo ngembat ruwet rentenging uripé. Kanthi mangkono, malakramakaké anak kuwi kena dibasakaké ngentas anak utawa tembungé kang pèni ngentas pitulus.
JUMBLAHIPUN SEDANTEN WONTEN TIGANG ATUS
Ukara kang kapacak iki awujud ukara krama. Ukara mau manawa dingokokaké kurang luwih dadi, “Gunggungé kabéh ana telung atus” utawa “Cacahé kabèh ana telung atus.” Ing kéné bisa disumurupi manawa tembung jumblah iku kanggo nyalini (ngramakaké?) tembung cacah utawa gunggung lan tembung sedanten kanggo ngramakaké tembung kabèh.
Tembung jumblah iku kalebu tembung kang, ing jaman saiki, wis arang kanggoné. Tembung mau asalé saka basa Arab jamala (ja-ma-la) kang saterusé banjur dadi tembung jumlah, tegesé ‘cacah, gunggung, kèhé’. Sanajan ora luput, tembung jumlah iku arang kanggoné jalaran ing basa Jawa ana tembung kang padha tegesé karo tembung mau. Tembung Jawa kang tegesé padha karo tembung jumlah lan panganggoné luwih kaprah, yaiku [ 38 ]gunggung, cacah, lan (a)kèhé. Tembung gunggung lan cacah kalebu tembung krama ngoko, déné tembung kèhé kalebu tembung ngoko lan tembung iki yèn dikramakaké dadi kathahipun.
Tembung sedanten ing ukara mau kanggo ngramakaké tembung kabèh. Pancèn bener tembung kabèh iku kalebu tembung ngoko, ananging manut pranatan kramané tembung kabèh kuwi sadaya, dudu sedanten. Kanthi mangkono, cetha yèn tembung sedanten iku malah kanggo ngramakaké tembung sadaya (sedaya), ora kanggo ngramakaké langsung saka tembung kabèh. Jalaran tembung sedaya iku kalebu tembung krama baku, mula tembung sedanten kena diarani tembung krama kang nyebal saka paugeran utawa tembung krama enggon-enggonan. Tembung krama kang wis baku ora kena dikramakaké manèh.
Kanthi katrangan iki, ukara kang kapacak minangka irah-irahan mau bisa didandani, upamané, mangkéné.
- (1) Gunggungipun sadaya wonten tigang atus.
- (2) Cacahipun sadaya wonten tigang atus.
- (3) Kathahipun sadaya wonten tigang atus.
TEMBUNG-TEMBUNG KANG LUMRAHÉ KANGGO NYEBUT PARA TAMU
Ing sajroné sesorah ana sawenèhing panata cara utawa juru sesorah kang kumudu-kudu nyebut utawa ngaturi sawiji-wijiné para tamu kanthi tlesih, ing pangajab amrih aja nganti ana tamu kang gerah panggalihé amarga ora disebut banjur rumanggsa dikiwakaké. Anggoné nyebut utawa ngaturi tamu kuwi lumrahé diurutaké adhedhasar kalenggahan utawa pepangkatané wiwit kang dhuwur dhéwé mangisor, utawa adhedhasar yuswa utawa umuré. Adhedhasar jejer kalenggahané diurutaké, upamané, bupati, camat, lurah, dhukuh (kepala dhusun), lan sapituruté; adhedhasar umur kasebut wiwit kang sepuh nganti kang enom dhéwé. Panyebuté para tamu adhedhasar umur iki, upamané, mangkéné.
- | Para sepuh ingkang minangka pancering lelenggahan (ingkang dahat binektènan, ingkang sinudarsana tinulad tinuladha déning |
sagunging putra wayah tuwin para wiranèm sadaya, lan sapituruté). | ||
- | Bapak-bapak sarimbit Ibu-ibu ingkang dahat kinurmatan. | |
- | Para kadang (para sadhèrèk), inggih ingkang kapernah werdha tuwin mudha, saha anak-anak kula kakung putri ingkang saèstu kula tresnani …. |
Bab panyebuté para tamu kanthi tlesih mangkono kuwi kena waé, ananging yèn dibolan-balèni tundhoné njuwarèhi (mboseni) tur ngentèk-entèkaké wektu. Kajaba kuwi, ing babagan panyebuté para tamu iku perlu digatèkaké (1) ana lan orané tamu kang bakal disebut (yèn lurahé ora rawuh, upamané, ya ora perlu disebut; yèn ing kono ora ana tamu kang pantes disebut anak-anak, ya ora perlu nyebut anak-anak kula, lan sapituruté), (2) anggoné nganggo tembung kudu sing bener (tembung leluhur lan para leluwur, upamané, sanajan tembung asalé padha, ananging tegesé wis béda; tembung leluhur lan leluwur, sanajan ing sakawit tegesé padha nanging cak-cakané saiki wis béda), (3) aja nganti nganggo tembung-tembung mung apalan (marga tiru-tiru) ananging ora mangerti maknané. Amrih ora kléra-klèru, ing ngisor iki diterangaké teges utawa maknané sawatara tembung kang asring dianggo nyebut para tamu.
- | para sepuh: | |
wong-wong (tamu) kang umuré pancèn wis kagolong tuwa | ||
- | pinisepuh: | |
wong kang dianggep tuwa (sok dadi juru rembug, lan sapituruté) | ||
- | sesepuh: | |
| ||
- | kasepuhan: | |
|
- | para luhur: | |
| ||
- | para jamhur: wong-wong kang pinunjul ing kawruh; | |
- | leluhur : wong kang nurun-nurunaké; | |
- | leluwur: wong (wong-wong) kang nurun-nurunaké, ananging wis ora ana (saiki wis mati); | |
- | para tamu : wong-wong kang rawuh (teka) ing kono; dhayoh; | |
- | (para) pepundhèn: wong (barang) kang dipundhi-pundhi (sesembahan). |
PARA TAMU…, KEPARENGA KULA NGADEG (JUMENENG) SAWATAWIS….
Tembung ngadeg manut paugeran kalebu éwoning tembung krama ngoko, yaiku golonganing tembung kang bisa dianggo ing tataran ngoko lan ing tataran krama tanpa luwih dhisik ngowahi utawa nyalini wujuding tembung mau. Contoné, mangkéné.
- (1a) Adhiku lagi bisa mbrangkang, durung bisa ngadeg. (ngoko)
- (1b) Adhi kula saweg saged mbrangkang, dèreng saged ngadeg. (krama)
Ukara (1b) iku kanggo ngramakaké ukara (1a) lan manut paugeran dianggep bener, rasa basané uga dianggep wis laras. Ananging ing jaman saiki ana wargananing masyarakat kang nganggep yèn tembung ngadeg iku sejajar karo tembung ngoko temahan ora laras rasa basané yèn dianggo ing tataran krama, luwih-luwih yèn dipacak ing ukara kang jejering ukara mau utama purusa (sesulihé wong kapisan), kayata, kula, kawula, adalem, abdi dalem kawula. Upamané, mangkéné.
- (2a) Para tamu ingkang minulya, keparenga kula ngadeg sawatawis wonten ing ngarsa panjenengan sadaya saha sumela atur.
Sanajan ora nyebal saka pranatan, ukara (2a) iki lumrahé diarani degsura (ora ngerti tata krama) jalaran migunakaké tembung ngadeg. Amrih rasa basané ora nggronjal, ana sawenèhing wong [ 41 ]kang banjur ngganti utawa nyalini tembung ngadeg mau nganggo tembung jumeneng, mangkéné.
- (2b) Para tamu ingkang minulya, keparenga kula jumeneng sawatawis wonten ing ngarsa panjenengan sedaya saha sumela atur.
Ing pangangkah anggoné nyalini tembung ngadeg nganggo tembung jumeneng ing ukara kasebut supaya rinasa luwih alus lan urmat.
Wis kasumurupan ing akèh manawa tembung jumeneng iku kalebu éwoning tembung krama inggil, yaiku tembung krama kang urmat banget. Tembung iku lumrahé kanggo ngajèni marang wong liya kang pantes diurmati, yaiku madyama purusa utawa pratama purusa (sesulihé wong katelu). Kanthi mangkono, ukara (2b) iku malah kena diarani luwih degsura tinimbang ukara (2a). Amrih ukara mau, yaiku (2a) lan (2b), dadi ukara kang becik, ing kéné perlu golèk tembung kang luwih mardika kanggo nyalini tembung ngadeg lan jumeneng tumrap utama purusa ‘kula’. Carané golèk tembung mau ana dasanamané, banjur ngancik tataran kapindho, yaiku nyurasa teges utawa maknané tembung mau lan dasanamané pisan. Ing tataran iki perlu digatèkaké teges bakuning tembung, ajining rasa kang dumunung ing tembung, trap-trapan kang kalumrah tumrap panganggoné tembung gegayutan karo unggah-ungguh, leléwaning basa, lan sapituruté. Tataran kang pungkasan, yaiku milih tembung kang trep, kang laras sakabèhé (tegesé pas, surasané becik, dudu tembung enggon-enggonan, lan sapituruté).
Tembung ngadeg iku bareng ditlusur tetéla darbé dasanama pirang-pirang, kayata: jumeneng, jejer, mandhiri, ngayer, nganyur, nganyor, nganyot, lan sapituruté. Tembung ngadeg tegesé ‘njejer jejeg’, minangka tembung umum (dudu enggon-enggonan), kalebu tembung krama ngoko; jumeneng tegesé ‘njejer jejeg’, kalebu tembung umum, éwoning tembung krama inggil; mandhiri tegesé padha karo ngadeg, uga kalebu tembung Kawi; jejer tegesé padha karo ngadeg, uga kalebu tembung umum (dudu enggonenggonan), minangka tembung krama ngoko; déné nganyer, [ 42 ]nganyur, nganyor, nganyot tegese padha karo ngadeg nanging mengku surasa ‘murang tata’ lan minangka tembung enggon-enggonan. Kanthi cara nlusur dasanamaning tembung, nyurasa tegesing, lan milah-milah pangetraping dasanamané tembung siji lan sijiné bisa disumurupi yèn tembung kang luwih trep lan luwih mardika kanggo nyalini tembung ngadeg utawa jumeneng tumrap ukara (2a) lan uga (2b), yaiku tembung jejer. Kanthi mangkoo, ukara kasebut wujudé banjur dadi kaya kang kacetha ing ngisor iki.
- (2c) Para tamu ingkang minulya, keparenga kula jejer sawatawis wonten ing ngarsa panjenengan sadaya saha sumela atur.
DIPENDHEM, DIKUBUR, DIMAKAMAKÉ
Tembung dipendhem iku mengku teges ‘didokok sajroning lemah (diurugi)’. Tembung iki minangka tembung kang mardika, bisa kanggo nyebut apa waé kang dipendhem ing lemah. Ananging, yèn kang dipendhem iku ragané wong kang wis mati utawa layon, luwih-luwih layoné wong kang perlu diajèni, arep nyebut nganggo tembung ‘dipendhem’ kuwi lumrahé ora mentala, ora tegel, utawa rasané ora tekan. Jalaran ana sambung rapeté karo rasa (alus-kasar, nranyak-urmat), ing mangka ukuran iku mung gumantung masyarakat lan ukuraning rasa mau ora padha tumrap masyarakat siji lan liyané, mula kanggo nyebut ‘dipendhem’ mirunggané tumrap layon banjur warna-warna tembungé, kayata, dipetak, dikubur, dimakamaké, disarèkaké. Panganggoné tembung kang warna-warna iki ing pangangkah kanggo nyingkiri rasa kang dianggep nranyak, kasar, ora ngajèni.
Tembung dipetak iku kalebu tembung madya-krama, dumadi saka tembung lingga petak (krama) olèh wuwuhan aterater di- (ngoko). Tembung petak kalebu tembung krama, yaiku kanggo ngramakaké tembung pendhem. Kanthi mangkono tembung dipetak (madya-krama) utawa dipunpetak (krama lugu) kuwi tegesé padha waé karo dipendhem. Bédané, ajining rasa kang dumunung ing tembung dipunpetak luwih dhuwur sathithik [ 43 ]tinimbang tembung dipendhem awit tembung dipunpetak kuwi kalebu tembung krama utawa tembung urmat.
Tembung dikubur iku kadhapuk saka tembung lingga kubur. Tembung kubur asalé saka tembung Arab qubuuran kang tegese ‘pendhem’ utawa ‘kubur’. Dadi, tembung dikubur kuwi tegesé padha karo ‘dipendhem’. Jalaran asalé saka basa manca lan bokmanawa durung dhamang temenan tegesing tembung mau, déning masyarakat tartamtu tembung dikubur rasa basané dianggep luwih alus sathithik tinimbang dipendhem.
Tembung dimakamaké kadhapuk saka tembung lingga makam oleh wuwuhan di-/aké. Tembung makam asalé saka tembung Arab maqom kang tegesé ‘papan’, ‘panggonan’, ‘kalenggahan (drajat) kang anggoné olèh kanthi laku kang abot (tumrap kyai sufi)’. Tembung maqom kang mengku teges ‘kalenggahan’ iku, upamané, ing ukara, ‘Maqomé Kyai A kuwi luwih dhuwur tinimbang maqomé Kyai B’. Tembung maqom ing ukara iki tegesé ‘drajad kalenggahan’ dudu ‘papan’ utawa ‘panggonan’. Kanthi katrangan iki bisa disumurupi yèn tembung dimakamaké (ngoko) utawa dipunmakamaken (krama) tumrap layon iku manawa ditlusur saka basa asalé mengku teges ‘dipapanaké’ utawa ‘didokok ing panggonan’. Déné karepé, layon iku ‘dipapanaké’ ing panggonan kang langgeng’, yaiku ‘kuburan’.
Kajaba tembung-tembung mau, ana manèh tembung kang luwih alus utawa luwih urmat kanggo nyebut ‘dipendhem’ tumrap layon, yaiku disarèkaké utawa dipunsarèkaken. Tembung disarèkaké (dipunsarèkaken) iku kalebu tembung krama inggil kang mengku teges wantah ‘diturokaké’. Déné teges ‘dikubur’ utawa ‘dipendhem’ ing tembung mau kalebu teges éntar. Dadi, panganggoné tembung disarèkaké (dipunsarèkaken) tumrap layoné wong kang perlu diajèni iku laras karo rasa urmat jalaran layon ing kéné dianggep (dipindhakaké) wadhag kang saré (turu) lan layon kang dikubur dipindhakaké wadhag kang disarèkaké (diturokaké). [ 44 ]ROH-ARWAH
Ing sajroné basa Jawa kejaba ana tembung roh, uga ana tembung arwah. Panganggoné tembung loro iki sok digebyah uyah utawa dicaruk banyu. Liré, tembung roh lan tembung arwah iku anggoné nganggo asring lira-liru kanthi mardika, ora dibédakaké. Bokmanawa tembung loro mau dianggep padha teges utawa maknané. Buktiné, ing upacara sripah utawa ing kalodhangan liyané sok ana wong (panatacara, juru sesorah, kaum utawa modin) kang gawé ukara, upamané, mangkéné.
- (1) Para tamu, mugi wonten keparengipun kula dhèrèkaken ngunjukaken pandonga kagem arwahipun Almarhum Bapak …
- (2) Kanthi pandonga kala wau, mugi-mugi anggènipun sowan rohipun Almarhum Bapak … wonten ing Ngarsa Dalem Allah …
- (3) Ziarah kubur iku, sing baku, ndongakaké arwahé para leluhur kang sumaré ing kono.
- (4) Ndongakaké rohé para leluhur kuwi ora kudu ana ing kuburan.
Panganggoné tembung roh lan arwah ing ukara-ukara iki mau wis trep apa durung?
Tembung roh lan arwah iku asalé saka basa Arab. Tembung loro mau tegesé padha karo nyawa, yaiku ‘dat kang njalari urip’. Bédané, tembung roh iku mengku teges ‘nyawa kang cacahé mung siji’, déné tembung arwah mengku teges ‘nyawa kang cacahé akèeh’. Kanthi mangkono, yèn kang dikarepaké iku ‘nyawa kang cacahé mung siji’ anggoné nyebut beciké nganggo tembung roh. Déné yèn kang dikarepaké iku ‘nyawa kang cacahé akèh’, anggoné nyebut prayogané nganggo tembung arwah supaya laras karo maknané tembung ing basa asalé. Kanthi mangkono, panganggoné tembung arwah ing ukara (1) iku ora trep jalaran kang dikarepaké ing ukara mau arwah kanggo nyebut ‘nyawa kang cacahé mung siji’. Tembung kang trep tumrap ing ukara (1) iku tembung roh, kaya kang tumrap ing ukara (2). Ing kéné uga perlu disumurupi manawa basa Jawa lan basa Arab kuwi duwé cara [ 45 ]dhéwé-dhéwé kanggo mahyakaké cacah utawa akèhing barang. Contoné, mangkéné (kanggo nggampangaké anggoné nulis, basa Arab ing kéné ditulis nganggo aksara Latin).
Bahasa Arab | Bahasa Jawa |
1. Illa arwahi ahlil qubuuri … | 1. Dhumateng arwahipun ahli kubur … |
1a. Dhumateng rohipun para ahli kubur… | |
1b. Dhumateng roh-rohipun (para) ahli kubur… | |
1c. Dhumateng sadaya rohipun (para) ahli kubur… | |
2. Illa ruhi Almarhumah Ummi… | 2. Dhumateng rohipun Almarhumah Ibu… |
Ing kéné bisa digawé dudutan, sing baku, yèn nyebut ‘nyawa kang cacahé mung siji’ beciké ora nganggo tembung arwah.
NIMBALI-NGATURI
Tembung nimbali lan ngaturi iku tegesé padha karo tegesing tembung ngundang, yaiku (a) ‘akon mara’, ‘nyeluk’, (b) ‘nyebut’, (c) ‘ngulemi’ utawa’nyuruhi’. Bédané, tembung nimbali lan ngaturi kalebu éwoné tembung krama ngoko. Mbokmenawa amarga tatarané padha, ing jaman saiki panganggoné tembung nimbali lan ngaturi iku sok cawuh utawa klèra-klèru, luwih-luwih tumrap para nom-noman. Contoné mangkéné.
- (1a) Bu Guru, kala wau punapa saèstu ngaturi kula?
- (1b) Bu Guru, kala wau punapa saèstu nimbali kula?
- (2a) Pak Lurah punika menawa ngaturi kula ngagem tembung ‘Thole’.
- (2b) Pak Lurah punika menawi nimbali kula ngagem tembung ‘Thole’.
- (3a) Rikala kagungan kersa mantu Pak Nata inggih ngaturi kula sakanca.
- (3a) Rikala kagungan kersa mantu Pak Nata inggih nimbali kula sakanca.
- (4a) Aku arep nimbali Bu Guru supaya mriksani kadadéan iki.
- (4a) Aku arep ngaturi Bu Guru supaya mriksani kadadéan iki.
Manut paugeran, sanajan teges lan tataran ing unggah-ungguhing basa padha, ananging panganggoné utawa trap-trapané [ 46 ]tembung nimbali lan ngaturi iku béda utawa dibédakaké. Panganggoné tembung ngaturi itu, ing antarané
- (a) tumrap wong enom marang wong tuwa utawa wong kang luwih tuwa,
- (b) tumrap murid marang guru,
- (c) tumrap andhahan (karèhrèhan, abdi) marang pandhuwurané (bandarané), lan
- (d) tumrap pawongan marang kanca utawa wong liya sababagané, luwih-luwih kang srawungé durung pati raket, kang kudu diajèni.
Déné panganggoné tembung nimbali iku minangka kosok baliné panganggoning tembung ngaturi, yaiku
- (a) trumrap wong tuwa marang wong kang luwih enom kang wis kulina banget,
- (b) tumrap wong tuwo marang anak, putu, buyut, prunan, lan sapituruté, lan
- (c) tumrap pandhuwuran (panggedhé, bandara) marang andhahan (karéhréhan, abdi, lan sapituruté).
Adhedasar paugeran iki, panganggoné tembung nimbali lan ngaturi kang bener yaiku ing ukara (1b), (2b), (3b), lan (4b).
KERANTEN WEKDAL … PEPANGGIHAN DIPUNMILAI
Ana wong kang mbuka sawijining parepatan dhusun kanthi ukara kurang luwih mangkéné, “Para rawuh, warganing dhusun ingkang kula tresnani, keranten wekdal sampun dalu, sumangga pepanggihan punika tumanten dipunmilai!” Bab kang perlu olèh kawigatèn ing kéné dudu bab racikaning ukara, ananging bab panganggoné tembung keranten lan dipunmilai.
Tembung keranten ing ukara iku kanggo ngramakaké tembung karana (kerana utawa krana). Ing kéné perlu disumurupi manawa tembung karana (kerana, krana) kuwi kalebu èwoné tembung krama ngoko, yaiku golonganing tembung kang wis bisa dianggo ing basa tataran ngoko lan krama tanpa ngowahi utawa [ 47 ]nyalini wujuding tembung mau. Dadi, manut pranatan, tembung karana iku ora perlu dikramakaké dadi keranten. Manawa nganggo tembung karana ora tekan ing rasa, jalaran rumangsa yèn tembung mau kaya tembung ngoko, bisa disalini nganggo dasa namané tembung mau kanthi milih endi kang dianggep laras. Dasa namané tembung karana iku, kayata, jalaran, awit, sabab (sebab), amarga (marga) utawa amargi (krama).
Tembung dipunmilai iku kanggo ngramakaké tembung dipunmulai. Ing mangka, tembung dipunmulai kuwi kalebu éwoning tembung Indonesia, durung kalebu wargané tembung Jawa. Sanajan wong kang diajak guneman utawa rembugan racaké ya wis ngerti apa kang dikarepaké, prayogané tembung dipunmilai mau disalini nganggo tembung kang wis kaprah ing basa Jawa, kayata, tembung dipunawiti, dipunwiwiti, utawa dipunayati.
NYAOSI-MARINGI
Tembung nyaosi lan maringi iku tegesé ‘awèh … marang’, padha tegesé karo tembung mènèhi lan nyukani. Bédané, mènèhi kalebu golonganing tembung ngoko, nyukani kalebu golonganing tembung krama, déné nyaosi lan maringi kalebu éwoning tembung krama inggil.
Tembung nyaosi iku kalebu kriya tanduk (verba aktif). Tembung iki kadhapuk saka tembung lingga caos kawuwuhan aterater anuswara m- lan panambang –i. Dhapukaning tembung kriya mangkéné iki lumrahé diarani rimbag tanduk i- kriya. Tembung maringi lan uga nyukani iku sajinis karo tembung nyaosi, yaiku kalebu golonganing tembung kriya tanduk. Rimbagané tembung loro iki uga padha, yaiku kalebu rimbag tanduk i-kriya. Tembung maringi kadhapuk saka tembung lingga paring olèh wuwuhan ater-ater anuswara ng- lan panambang –i, déné nyukani kadhapuk saka tembung lingga suka olèh wuwuhan ater-ater anuswara ny- lan panambang i-.
Ing jaman saiki asring tinemu panganggoné tembung nyaosi, maringi, lan nyukani kang nyebal saka paugeran, cawuh, utawa [ 48 ]klèra-klèru, luwih-luwih tumrap para nom-noman. Klèra-klèru utawa cawuhé panganggoning tembung iku ora mung winates ing ukara tanduk (aktif) nanging uga ing ukara tanggap (pasif). Contoné, mangkéné.
- (1a) Aku ora bisa nyaosi apa-apa marang Pak Lurah.
- (1b) Aku ora bisa maringi apa-apa marang Pak Lurah.
- (2a) Bénjing kula nyaosi kabar dhumateng panjenengan.
- (2b) Bénjing kula maringi kabar dhumateng panjenengan.
- (3a) Buku kalih punika ingkang satunggal badhé kula caosaken Pak Danu, satunggalipun malih badhé kula caosaken Pak Umar.
- (3b) Buku kalih punika ingkang satunggal badhé kula paringaken Pak Danu satunggalipun malih badhé kula paringaken Pak Umar.
- (4a) Bu, sopipun dèrèng kula sukani sarem, lho!
- (4b) Bu, sopipun dèrèng kula caosi sarem, lho!
- (4c) Bu, sopipun dèrèng kula paringi sarem, lho!
- (5a) Bu, sop punika sampun panjenengan paringi sarem punapa dèrèng?
- (5a) Bu, sop punika sampun panjenengan sukani sarem punapa dèrèng?
Manut paugeran, tembung nyaosi (takcaosi, kula caosi, dipuncaosi, kula caosaken, dipuncaosaken, lan sapituruté) iku dianggo guneman tumrap
- (a) anak katujokaké marang wong tuwa (bapa biyung),
- (b) wong enom katujokaké marang wong kang awuné utawa umuré luwih tuwa,
- (c) murid katujokaké marang guru,
- (d) andhahan katujokaké marang pandhuwuran,
- (e) padha-padha kanca kang durung pati rumaket, utawa
- (f) padha-padha kanca kang wis rumaket ananging perlu ngajèni sawatara.
- (a) wong tuwa katujokaké wong enom,
- (b) guru katujokaké marang murid, utawa
- (c) padhuwuran katujokaké marang andhahan kang umuré luwih enom, lan sapituruté.
Déné tembung nyukani (uga nyukakaken, dipunsukakaken, kula sukani, kula sukakaken, lan sapituruté) lumrahé dianggo guneman tumrap sapadha-sapadha, guneman mardika (nétral) kang ora mligi katujokaké marang madyama purusa (wong kaloro) utawa pratama purusa (wong katelu), upamané, ngandhakaké resèp jamu, resèp olah-olahan (mangsak), andharan babagan ilmu, lan sapituruté.
Adhedasar pranatan iki, bisa disumurupi manawa ukara (1a), (2a), (3a), (4a), lan (5a) kalebu golonganing ukara kang manut paugeran, déné ukara-ukara liyané bisa diarani ukara kang nyebal saka pranatan. Kagem lelimbangan, ing ngisor iki kapacak ukara-ukara kang panganggoné tembung sing dadi wosing rembug ing tulisan iki trep karo paugerané.
- (1) Jeng Sus, yèn wis rampung diwaos, buku kuwi paringna méja kono waé!
- (2) Para kadang sadaya, saka kaparengipun Bapak Camat, ménda-ménda punika badhé kaparingaken dhumateng para putra ing dhusun ngriki ingkang taksih sinau ing SD.
- (3) Sinaosa sampun dipunsukani tandha boten angsal ménggok nengen, ananging wonten kémawon tiyang ingkang nékad nerak awisan punika.
- (4) Pak Umar sampun kula caosi jadwal acaranipun.
- (5) Serat uleman saraséhan ingkang panjenengan paringaken kula kala wingi punika kula caosaken Pak Agung awit kula sampun dipunkintuni piyambak déning panitia.
- (6) Cèt témbok punika katingal sumeblak awit kula sukani obat makaten punika. Menawi panjenengan ngersakaken, mangké
- kula caosi. Perlu kula caosi priksa, anggèn panjenengan maringi obat punika sampun kathah-kathah, cekap satunggal séndhok saben satunggal kilonipun.
SUWARGI-ALMARHUM
Ana pitakon, “Kanggo nyebut wong kang wis mati kuwi sing bener nganggo tembung suwargi apa almarhum?”. Pitakon iki bisa diwangsuli kanthi cekak, “kabèh bener”. Nalaré, tembung-tembung mau wis ditampa déning masyarakat lan banjur didadèkaké tembung dasa nama (sinonim). Mung waé, tembung loro iku béda asalé.
Tembung suwargi (utawi swargi) iku kanggo ngramakaké tembung suwarga utawa swarga. Tembung suwarga utawa swarga asalé saka basa Sansekerta svàrga (svarga). Déné tegesé svàrga, yaiku ‘cahya, sumorot’, ‘taman’, ‘papan kang sumorot’, ‘taman firdaus’. Ing basa Jawa, tembung suwarga utawa swarga banjur ditegesi ‘alam kanikmatan padunungané’ para sukma (kang padha utama rikala urip ing donya)’. Kanthi mangkono, nyebut wong kang wis mati kanggo tembung suwargi utawa swargi kuwi mengku karep (1) ngajèni utawa ngurmati wong kang wis mati mau, (2) nggadhang utawa ngajab becik yèn wong kang wis mati mau manggon ana ing suwarga.
Tembung almarhum iku asalé saka basa Arab. Tembung iki kanggo nyebut wong kang wis mati tumrap wong lanang, déné yèn sing mati mau wong wadon anggoné nyebut nganggo tembung almarhumah. Panganggoné tembung iki uga mengku karep ngurmati lan pangajab becik marang wong kang wis mati mau salaras karo teges utawa maknané tembung almarhum utawa almarhumah. Teges utawa maknané tembung almarhum (almarhumah) yaiku ‘kang rinahmatan’ utawa ‘kang olèh sih kawelasan’ (kang olèh sih kawelasan saka Ngarsa Dalem Pangéran Ingkang Maha Kuwasa).
Kajaba tembung-tembung mau, ana manèh tembung kang uga sok dianggo nyebut wong kang wis mati, yaiku tembung [ 51 ]sregi lan jenat. Tembung sregi iku minangka tembung enggon-enggonan (dhialèk). Tembung iki asalé saka ingsedaning pakecapan tembung suwargi utawa swargi. Déné tembung jenat, asalé saka basa Arab jannatun kang tegesé ‘swarga’. Ananging, panganggoné tembung jenat iku lumrahé kanggo nyebut wong kang wis mati tumrap wong biasa (lumrah) kang ora perlu diurmati banget, upamané, jenaté si Dhadhap, jenaté si Suta, lan sapituruté.
PANCA DASA WARSA: “SÈKET TAUN” APA “LIMALAS TAUN”?
Ing sajroné basa Jawa ana tembung wilangan kang dianggo ing tataran ngoko (siji, loro, telu, papat, lima, lan sapituruté), ana tembung wilangan kang dianggo ing tataran krama (satunggal (setunggal), kalih, tiga, sekawan, gangsal, lan sapituruté), lan ana tembung wilangan kang mung sok dianggo ing basa éndah utawa basa susastra (éka, dwi, tri, catur, panca, lan sapituruté). Tembung wilangan kang saiki kelumrah dianggo ing tataran ngoko lan tataran krama iku asalé saka tembung wilangan basa Kawi utawa basa Jawa Kuna, déné tembung wilangan éka, dwi, tri, lan sapituruté iku asalé saka basa Sanskerta.
Bab panganggoné tembung wilangan ing tataran ngoko katoné ora ana pakèwuhé. Ananging panganggoné tembung wilangan ing tataran krama, luwih-luwih tumrap para nom-noman, sok ana seling surupé. Tembung wilangan, upamané, selikur, rolikur, telu likur, patlikur, selawé, nem likur, lan sapituruté sok dikramakaké dadi kalih dasa setunggal, kalih dasa kalih, kalih dasa tiga, kalih dasa sekawan, kalih dasa gangsal, kalih dasa enem, lan sapituruté. Ing mangka, kramané tembung-tembung wilangan mau kuduné selikur, kalih likur, tiga likur, kawan likur, selangkung, nem likur. Bab iki bokmanawa amarga kadayan basa Indonesia utawa ketonto kayadéné ngramakaké étungan sawisé telung puluh munggah (tigang dasa satunggal, tigang dasa kalih, tigang dasa tiga, lan sapituruté). Kajaba kuwi, panganggoné tembung wilangan [ 52 ]kang asalé saka basa Sanskerta asring uga ana tuna dungkapé. Sawenèhé dhalang, upamané, ngojahaké déwa cacah telung puluh kang (kabèh) darbé watak sanga kanthi tetembungan déwa tri dasa awatak nawa. Tembung tri dasa kang dikarepaké déning dhalang mau cetha yèn kanggo nyalini tembung telung puluh. Ing mangka, tembung tri dasa iku asliné ateges ’tetulas’. Semono uga tetembungan panca dasa warsa ing jaman saiki ana kang negesi ’sèket taun’, ing mangka tetembungan mau ing basa Sanskerta tegesé ’limalas taun’. Amrih cethané, ing ngisor iki dipacak urut-urutané tembung wilangan ing basa Kawi, Sanskerta, lan basa Jawa saiki.
Basa Kawi | Basa Sanskerta | Basa Jawa | |
Ngoko | Krama | ||
tunggal | eka | Siji | satunggal |
rwa (dwa) | dwi (dwa) | Loro | kalih |
têlu (tiga) | tri | Telu | tiga |
pat (papat) | catur | Pat, papat | sekawan |
lima | panca | Lima | gangsal |
nêm | sad | nem, enem | nem, enem |
pitu | sapta | pitu | pitu |
wwalu | asta | wolu | wolu |
sanga | nawa | sanga | sanga |
sepuluh | dasa | sapuluh | sadasa |
sawêlas | ekãdasa | sewelas | sewelas |
rwa wêlas | dwadasa | rolas | kalih welas |
tiga wêlas | trayodasa/tridasa | telulas | tiga welas |
pad wêlas | catudasa | patbelas | kawan welas |
lima wêlas | pañcadasa | limalas | gangsal welas |
nêm wêlas/-nêm bêlas | sodasa | nembelas | nembelas |
Basa Kawi | Basa Sanskerta | Basa Jawa | |
Ngoko | Krama | ||
pitu wêlas | saptadasa | pitulas | pitulas |
wwalu wêlas | astadasa | wolulas | wolulas |
sanga wêlas | nawadasa | sangalas | sangalas |
rwang puluh | wimsati | rong puluh | kalih dasa |
salikur | ekawingsati | selikur | selikur |
rwalikur | dwawingsat | rolikur | kalih likur |
têlulikur | triwingsat | telu likur | tiga likur |
pad likur | caturwingsat | pat likur | kawan likur |
lima likur | pañcawingsat | selawé | selangkung |
têlung puluih | tringsat | telung puluh | tigang dasa |
patang puluh | catwaringsat | patang puluh | kawan dasa |
limang puluh | pañcaringsat | sèket | sèket |
nêmang puluh | sasti | sewidak | sewidak |
pitung puluh | saptati | pitung puluh | pitung puluh |
wwalung puluh | asiti | wolung puluh | wolung puluh |
sangang puluh | nawati | sangan puluh | sangang puluh |
Saka cathetan iki bisa disumurupi manawa pañcadasa iku ing basa Sansekerta ateges ’limalas’, déné kang ateges ’sèket’ iku pañcaringsat. Dadi, tetembungan panca dasa warsa iku yèn kapirid saka asalé mengku teges ’limalas taun’, dudu ’sèket taun’. Manawa panca dasa warsa kuwi sing dikarepaké padha karo ’sèket taun’, tri dasa padha karo ’telung puluh’, lan sapitiruté. Bab iku ateges blegeré (wujud utawa dhapukané) basa Jawa, mung tetembungané nyilih basa Sansekerta.
ENDI KANG BENER: “KIYAMBAK” APA “PIYAMBAK”?
Kajaba tembung piyambak, ing sajroné basa Jawa uga ana tembung kiyambak. Tembung loro iki jinis utawa golongané padha, yaiku kalebu éwoné tembung pronominal; wujud utawa blegeré mèh padha mung béda pakecapan ing wiwitané tembung, yaiku [ 54 ]tembung piyambak kawiwitan swara /p/ lan tembung kiyambak kawiwitan swara /k/; sarta teges lan panganggoné uga padha, yaiku kanggo ngramakaké tembung dhéwé. Mula ora mokal yèn banjur ana pitakon, “Endi tembung kang bener, kiyambak apa piyambak?”
Satemené pitakon iku bisa diwangsuli kanthi cekak aos, “Kabéh tembung mau bener, manut empan lan papané.” Nalaré, basa iku darbèké masyarakat. Beciké basa, bener lan luputé basa, sarta mekar tumangkaré basa iku kang nemtokaké ya masyarakat kang nduwèni basa iku mau. Mula, yèn ana tembumg utawa tetembungan kang wis kelumrah dianggo déning masyarakat lan ora ana saru sikuné, tembung utawa tetembungan mau mesthi waé wis dianggep bener déning masyarakaté, yaiku masyarakat kang nduwèni basa mau. Malah ing wilayah tartamtu, upamané, ing wilayah Kebumèn, tinemu tembung piyambek lan kiyambek. Tembung loro iki kelumrah dianggo ing pasrawungan saben dinané minangka lira-liruné tembung piyambak lan kiyambak. Mesthi waé tembung piyambek lan kiyambek iku dianggep bener déning masyarakat ing wilayah mau.
Sawijining téori nyebutaké, yèn ana tembung loro utawa luwih kang béda wujudé utawa béda pakecapané, tembung-tembung mau mesthi ana bédané. Bédané tembung-tembung mau bisa dumunung ing teges utawa maknané, rasa basané, asal-usulé, utawa panganggoné. Jalaran tembung piyambak, kiyambak, piyambek, lan kiyambek iku kabèh dianggep bener, teges lan panganggoné uga dianggep padha, yaiku kanggo ngramakaké tembung dhéwé, bédané wujud utawa pakecapan tumrap tembung-tembung mau banjur mbédakaké apa?
Pitakon iki ora bisa diwangsuli kanthi cekak aos kaya pitakon sadurungé. Kanggo mangsuli pitakon iki butuh katrangan rada rowa, mangkéné.
- Tembung piyambak asalé saka tembung Jawa Kuna prihambak kang ateges ’dhéwé’. Basa Jawa Kuna iku ing sakawit utawa asliné ditulis nganggo aksara Jawa Kuna. Kanggo nglatinaké [ 55 ]
- aksara Jawa (Kuna) lumrahé ana kang nganggo aksara h lan ana uga kang ora. Mulané, ing basa Jawa banjur tinemu sawatara tembung kang wujudé kembar (dhobel), kayata, hamba – amba, haywa – aywa, bahu – bau, grahita – graita, rahina – raina, wahing – waing. Kanthi mangkono, tembung prihambak sok uga ditulis priambak. Ing pakecapan tembung priambak banjur swarané /r/ ilang dadi piambak, kayadéné tembung priyayi dadi piyayi, prawira dadi pawira, prakara dadi pekara. Kanggo ngluwesaké pakecapan, tembung piambak banjur dadi piyambak, kayadéné tembung priangga dadi priyangga, piandel dadi piyandel. Dadi, tembung piyambak (kawiwitan swara /p/ iku luwih cedhak karo tembung asalé (Jawa Kuna) tinimbang tembung kiyambak.
- Tembung piyambak iku panganggoné sok lira– liru karo tembung kiyambak. Tembung-tembung kang wujudé kembar kanthi lira-liru swara /p/ karo /k/ kayadéné tembung piyambak lan kiyambak iku ing basa Jawa dianggep rada lumrah. Déné sawatara tembung kang wujudé kembar kanthi lira-liru swara /p/ karo /k/ saliyané piyambak lan kiyambak, kayata: pipa – kipa, pompa – kompa, piyik – kiyik, jupuk – jukuk, pisang – kisang. Ananging manawa ditliti kanthi tlesih, tetéla tembung-tembung kang wujudé kembar iku mau ora kelumrah dianggo lira-liru kanthi mardika ing sadhéngah papan. Tembung-tembung kang mengku swara /k/ iku (kipa, kompa, kiyik, jukuk, kisang) lumrahé mung dianggo ing basa lisan padinan utawa ing basa enggon-enggonan. Déné tembung-tembung kang mengku swara /p/ (pipa, pompa, piyik, jupuk, pisang) bisa dianggo ing basa resmi (lisan utawa tinulis) lan bisa ditampa lan dipahami déning wong Jawa ing ngendi waé. Kanthi mangkono, tembung pipa, pompa, piyik, jupuk, pisang, lan uga piyambak iku kena diarani tembung kang baku.
- Tembung piyambek lan kiyambek iku mujudaké lira-liruné tembung piyambak lan kiyambak kanthi nyalini a kang
- dumunung ing wanda pungkasané tembung mau nganggo e (pepet). Lira-liruné tembung piyambak – piyambek utawa kiyambak – kiyambek satemané uga ora ngijèni, ananging ana tunggalé, upamané, ditekak – ditekek, keselak – keselek, ngidak – ngidek, picak – picek, dhedhak – dhedhek, kebak – kebek.
Sanajan tembung-tembung piyambek, kiyambek, ditekek, keselek, ngidek, picek, dhedhek, lan kebek iku kelumrah dianggo déning masyarakat, ananging tembung-tembung mau mung winates ing basa lisan ing wilayah-wilayah tartamtu. Kanthi mangkono, tembung piyambek, kiyambek, ditekek, keselek, lan sapituruté iku kalebu éwoning tembung enggon-enggonan, dudu tembung kang baku.
Kanthi katrangan iki bisa disumurupi bédané tembung piyambak lan kiyambak. Tembung piyambak kalebu éwoné tembung kang baku, déné kiyambak ora kalebu tembung kang baku.
TEGESÉ TETEMBUNGAN “WIWARARUKMI”
Pagelaran macapat iku minangka udyana kang becik banget kanggo ngipuk-ipuk amrih mekar tumangkaré basa lan sastra Jawa. Liré, pagelaran macapat iku kajaba bisa kanggo nggegulang seni tembang, uga bisa minangka sarana dhudhah-dhudhah kagunan adiluhung kang pinacak ing sajroné susastra Jawa lan uga nyinau basané. Bab iki bisa disumurupi jalaran ing pagelaran macapat sawisé layang wacan ditembangaké lumrahé banjur dirembug apa isiné layang wacan mau lan uga dirembug tegesing sawatara tembung utawa tetembungan kang dianggep peteng utawa angèl. Pagelaran macapat kang cak-cakané kaya mangkono iku racaké ditindakaké déning pakumpulan macapatan kang wargané ajeg lan uga ajeg nganakaké pagelaran. Kajaba kuwi, ing saben pagelaran macapat mesthi ana wong kang dianggep mumpuni utawa ahli ing babagan basa lan sastra Jawa kang bisa dadi paran pitakonan utawa parampara yèn ana bab-bab kang perlu dirembug. Temahan, yèn ana bab-bab kang dadi [ 57 ]rembug banjur bisa diudhari ing wektu iku uga. Kanthi mangkono, wong-wong kang teka ing pagelaran macapat mau padha marem atiné amarga olèh bebathèn tambahing sesurupan.
Ananging ora kabèh pagelaran macapat cak-cakané kaya kang wis dibèbèraké ing dhuwur mau. Ana pagelaran macapat kang mung nengenaké tembangé, ora ngrembug apa isiné layang wacan kang ditembangaké lan uga ora ngrembug basané. Ana manèh pagelaran macapat kang cak-cakané kaya kang wis dibèbèraké ing dhuwur mau ananging ora ana wong kang bisa dadi paran pitakonan. Ing satemah, rembug bab basa lan sastrané dadi ora tumanja. Bab iki kaya kang dingendikaké Bapak Msd kang naté rawuh ing Balai Bahasa Yogyakarta saperlu nggenahaké tegesing sawatara tembung ing sajroné layang wacan. Layang wacan kang adhapur tembang macapat iku tau dianggo macapatan nalika wungon tirakatan ing malem tanggal 17 Agustus kapungkur saperlu mèngeti dina kamardikan Republik Indonesia. Manut pangadikané Bapak Msd, ing sakawit pagelaran macapat tumindak kanthi rancag. Sawatara warganing dhusun gentènan maju nembang mamèraké moncèring swara, ngesing céngkok, lan kèwesing gregel. Dadi, swasana bengi kuwi mèmper karo pagelaran sayembara nembang. Ananging bareng tekan giliran ngrembug bab isiné layang wacan lan tegesé tembung, swasanané dadi malik grémbyang kaya nyang-nyangan pitik ing ngarep pasar, oncor-oncoran rega, rebut bener. Ana sawatara tembung kang tegesé dianggep peteng dadi rembug muyeg. Amarga ora ana wong kang bisa dadi paran pitakonan, nganti rampung pagelaran tembung-tembung mau durung bisa diudhari kanthi cetha. Sawenèhing tembung kang kalebu digenahaké apa maknané déning Bapak M sd yaiku tembung wiwara ing tetembungan wiwara rukmi kang kapacak ing sajroné tembang gambuh ngisor iki.
Kamardikan mrih jumbuh,
dipunisi tandang kang sumaguh,
wit mardika iku lir wiwara rukmi,
kanggo nuju jaman maju,
nggayuh gesang lair batos.
Cundhuk karo tegesé tembung wiwara ing tembung mau ana kang nggathukaké karo tembung wara-wara kang ateges ’awèh weruh’ utawa ’pengumuman’, kanggo gantiné tembung proklamasi, déné rukmi ditegesi ’emas’. Jalaran wiwara rukmi ditegesi ’proklamasi emas’, mula ukara wit mardika iku lir wiwara rukmi banjur ditegesi kanthi pangothak-athik dadi ’jalaran mardika iku pindhané proklamasi emas’. Ana manèh kang nggathukaké tembung wiwara karo tembung biwara, bayawara, lan pariwara kang tegesé ’awèh weruh’ utawa ’awèh kabar’ lan ana uga kang nggathukaké tembung wiwara karo tembung wara kang ateges ’pilihan, pinilih’, ’linuwih’. Banjur endi sing bener?
Tembung wiwara kang kapacak ing sajroné tembang ing dhuwur iku satemené ora ana gandhèng cènèngé karo tembung wara-wara, bayawara, pariwara, biwara, lan wara kang disebut mau. Tembung wiwara iku asalé saka basa Sanskerta kang ateges ’bolongan’, ’lèng’, ’lawang’, ’kori’, utawa ’guwa’. Tembung rukmi tegesé ’emas’. Kanthi mangkono, tetembungan wiwara rukmi iku bisa ditegesi ’bolongan emas’, ’lèng emas’, ’guwa emas’, ’lawang emas’, utawa ’kori emas’. Mesthi waé ora kabèh teges iki jumbuh karo apa kang dikarepaké ing sajroné tembang gambuh kasebut. Teges kang cocog yaiku ’lawang emas’ utawa ’kori emas’, utawa malah bisa ditegesi ’gapura emas’. Dadi, ukara “wit mardika iku lir wiwara rukmi” ing tembang mau bisa ditegesi ’jalaran mardika iku pindhané gapura emas’. Bab iki jumbuh karo pangandikané Bung Karno (Presiden I Republik Indonesia) kang kurang luwih, mangkéné, “Bahwa kemerdekaan itu bukanlah tujuan utama dari perjuangan bangsa Indonesia, …kemerdekaan itu merupakan pintu gerbang emas untuk menuju masyarakat Indonesia yang adil makmur dan merata ….” [ 59 ]DALEM – ADALEM
Wong (bocah) yèn ditimbali (diundang) déning wong tuwa utawa wong kang kudu diajèni (diurmati), ana kang anggoné wangsulan mangkéné, “kula, Pak… “, “kula, Bu …”, “kula, Dèn …”, “dalem, Pak …”, “dalem, Bu …”, “dalem, Dèn …”, lan sapituruté. Tembung dalem kang dianggo miwiti ukara wangsulan iku mau apa padha tegesé karo tembung kula lan panganggoné tembung mau apa wis laras karo parama basa Jawa? Kanggo mangsuli pitakon iki perlu katrangan rada rowa, mangkéné.
Tembung dalem iku kalebu éwoning tembung polisemi. Kaéwokaké tembung polisemi jalaran tembung iki mengku teges warna-warna utawa pirang-pirang lan béda-béda. Amrih cetha, ing ngisor iki kapacak sawatara warna-warnané teges tembung dalem (krama inggil dicekak ki, krama ngoko dicekak kn, tembung engon-engonan (dhialèk) dicekak engg, déné tegesing tembung utawa ukara diapit nganggo tandha ’…’).
- dalem ki ’omah’; dalem ageng ki ’omah gedhe’, ’omah pokok’ (dudu omah gandhok, pringgitan, pandhapa, èmpèr, lan sapituruté); dedalem ki ’manggon’, ’dedunung’, ’omah-omah: dedalem ing kitha ’dedunung (manggon, omah-omah) ing kutha’
- dalem kn (a) ’(ing) sajroné wektu (mangsa)’: dalem sesasi mulih sepisan ’sajroné wektu sesasi mulih sepisan’; (b) ’saben’ dalem sekiloné dibayar Rp100,00 ‘saben sekiloné dibayar Rp100,00’
- dalem ki (a) ’-mu’: putra dalem ‘anakmu’; (b) ’-é, -né’ (tumrap panjenengané ratu): kagungan dalem gangsa ’gamelan duwèké ratu’, gamelané Sang Prabu’: (c) (utawa adalem) ’aku, -ku’: dalem (adalem) nyuwun pamit ’aku njaluk pamit’, anak dalem (adalem) punika saweg umur tigang taun ’anakku iki lagi umur telung taun’
- dalem kn engg ’njero, sajroné’: piwulang kang kapacak ing dalem kitab ’piwulang kang kapacak ing sajroné (njero) kitab’
Ing pratélan iki bisa disumurupi manawa tembung dalem iku bisa mengku teges ’-mu’, yaiku sesulih pandarbé madyama [ 60 ]purusa (kata ganti empunya persona kedua), lan uga bisa mengku teges ’aku’ utawa ’-ku’, yaiku tembung sesulih utama purusa (kata ganti persona pertama) utawa sesulih pandarbé utama purusa (kata ganti empunya persona pertama). Généa tembung dalem bisa mengku teges ’-mu’ utawa ‘kowé’ lan ’-ku’ utawa ’aku’?
Tembung dalem kang kapacak ing angka 3 iku ing sakawit mengku teges ’-mu’ (sesulih pandarbé madyama purusa) utawa ’kowé’ (sesulih madyama purusa). Tembung dalem iku banjur olèh wuwuhan a- kang mengku teges ’dudu’ dadi adalem. Tembung adalem kuwi tegesé ’dudu kowé’, yaiku ’aku’, lan dianggo ing tataran krama inggil. Dhapukaning tembung kaya mangkéné iki padha karo dhapukaning tembung Jawa Kuna sura ’déwa’ dadi asura ’dudu déwa’, yaiku ’raseksa’, ’buta’.
Ing sabanjuré tembung adalem ’aku’ iku panganggoné asring kacekak dadi dalem kanthi teges kang isih tetep ’aku’. Kadadéan mangkéné iki ing basa Jawa ana tunggalé. Tembung marta, upamané, ing sakawit mengku teges ’mati’ (asalé saka tembung mºta, ’mati’). Tembung amarta tegesé ’urip’ (’ora mati’). Panganggoné tembung amarta iku sok banjur dicekak dadi marta kanthi teges isih ajeg, yaiku ’urip’. Tetembungan tirta marta, upamané, yèn dijupuk saka tata gelaré utawa wujudé, mesthiné ateges ’banyu mati’ (banyu sing matèni). Ananging, tetembungan tirta marta ing kéné kang dikarepaké mengku teges ’banyu panguripan’.
Kanthi andharan iki bisa digawé dudutan manawa tembung dalem kang asalé saka cekakané tembung adalem iku mengku teges ‘aku’. Panganggoné tembung iki bisa lira-liru karo tembung kula (sesulih utama purusa). Bédané, tembung kula kelumrah dianggo ing tataran krama lan dalem (adalem) dianggo ing tataran krama inggil. Dadi, ukara wangsulan, ’Kula, Pak …’ iku krama lumrah, déné “Dalem, Pak …” iku krama inggil. Panganggoné tembungtembung mangkéné iki ora nalisir saka parama basa Jawa. [ 61 ]RESÈPSI – PASAMUWAN – PAWIWAHAN — PISTA
Ing sajroné basa Jawa akèh tinemu tembung-tembung kang asalé saka basa manca (Sanskerta, Arab, Cina, Portugis, Walanda, Inggris, lan sapituruté). Tembung-tembung saka basa manca mau ana kang dianggo kanthi wantahan (pakecapan lan panulisé isih padha karo ing basa asalé), kayata, waskom, halte, wortel, amplifier, broiler, lan ana uga kang wis dibesut (pakecapan lan panulisé wis dilarasaké karo pranatan basa Jawa), upamané, gordhèn, kusir, pit, kompor, mandhor, kakus, bingkil, mesin, televisi, akuarium, oprasi.
Tembung-tembung saka basa manca iku mlebuné ing basa Jawa baka sathithik, kawiwitan atusan taun kepungkur (wiwit basa Jawa isih diarani basa Kawi utawa basa Jawa Kuna) nganti tumekané saiki. Amarga anggoné mlebu ing basa Jawa wiwit atusan taun kepungkur, mula ora mokal yèn cacahé tembung saka basa manca iku akèh banget, ana kang anyar lan ana uga kang wis lawas. Malah saking lawasé, wong Jawa dhéwé sok ora rumangsa utawa ora nglegéwa manawa satemené tembung-tembung kang dianggo ing saben dinané iku akèh kang asalé saka basa manca. Tembung-tembung saka manca kang kapétung lawas iku, kayata, aksara, basa, swara, srati, geni, (saka basa Sanskerta), lair, pikir, kursi, mripat, jenat, (saka basa Arab), gendéra, méja, clana, gréja, béla (saka basa Portugis), cawan, tèh, soto, kécap, bakmi (saka basa Cina), bingkil, bangku, lampu, kakus, karcis, sepur (saka basa Walanda).
Ing donya iki ora ana basa kang sampurna temenan, kang duwé tembung sarwa pepak lan ora kekurangan. Semono uga basa Jawa. Amarga ing sajroné basa Jawa ana kekuranganing tembung, mula wong Jawa banjur mbudidaya ngganepi kekurangan mau kanthi cara gawé tembung anyar utawa njupuk tembung-tembung saka basa manca. Pamrihé, yèn tembung-tembungé pepak, basa Jawa bisaa dadi saya cancingan (praktis), bisa dianggo ing sadhéngah papan lan kaperluan. Saupama wong Jawa kuwi ora gelem nampa babar pisan tembung-tembung saka [ 62 ]basa manca lan kabèh tembung kang asalé saka basa manca banjur dibuwangi, bokmanawa basa Jawa ora kena dianggo caturan ing jagating pasrawungan saiki. Pancèn wong Jawa kuwi ora gampang nampa sadhéngah tembung manca, ananging ora ateges emoh nampa babar pisan tembung-tembung saka basa manca. Wong Jawa yèn arep njupuk tembung saka basa manca (tembung anyar), racaké diétung luwih dhisik tuna lan bathiné, luwih dhisik digolèki ing sajroné basa Jawa wis ana apa durung tembung kang tegesé padha karo tembung saka basa manca mau, sawisé iku banjur dilelimbang pakecapané nggronjal apa ora, lan sapituruté. Kanthi mangkono, saben tembung manca kang arep dianggo ing basa Jawa kuwi luwih dhisik kudu disaring kanthi setiti, dilelimbang cocog lan orané teges sarta rasa basané, lan sabisa-bisa dilarasaké pakecapan sarta panulisé karo lagu lagéhan lan pranatan ing basa Jawa. Sanajan wis diréka kaya mangkono, éwasemono tembung-tembung saka basa manca kang dianggo ing basa Jawa iku tetep akèh, satemah ora gampang anggoné ngéling-éling lan muwuhi kangélané wong kang nyinau basa Jawa. Dadi, panganggoné tembung-tembung saka basa manca iku kajaba ana perluné uga ana risiko utawa pitunané.
Wong Jawa iku anggoné nyinau basané lumrahé mung adhedhasar basa lisan, kanthi cara ngrungokaké yèn ana wong caturan, ngrungokaké yèn ana wong sesorah, ngrungokaké yèn ana dhalang kojah, lan sapituruté, banjur nitèni utawa nyathet ing sajroné batin apa waé kang dianggep becik. Olèh-olèhané ngrungokaké lan nenitèni mau ing mengkoné banjur dianggo utawa ditiru nalika caturan, sesorah, lan sapituruté. Arang wong kang nyinau basané, kalebu tembung-tembungé, saka buku piwulang basa, saka buku palapuran asil panalitiné para ahli basa, utawa saka bausastra (kamus). Jalaran anggoné nyinau basa Jawa iku akèh-akèhé mung adhedhasar basa lisan kanthi cara ngrungokaké (ora dicathet nganggo tulisan), mesthi waé panampané bisa seling surup tur yèn lali ora bisa dibalèni. Awit, basa lisan iku gampang ilang, bakda diucapaké wis ora ana [ 63 ]tabeté, satemah ora bisa dibolan-balèni utawa ditamataké. Mula ora jeneng aèng yèn ing jaman saiki sok tinemu sawatara wong (panatacara, juru sesorah, lan liya-liyané) kang tumpang suh anggoné ngetrap tembung saka basa manca amarga saka kurang pangertiné.
Tembung-tembung kang panganggoné asring cawuh utawa tumpang suh iku ana sawatara, kayata, wiwahan utawa pawiwahan sok dianggo nyalini tembung resèpsi, pasamuwan, utawa pista; kuwanda, kunarpa, jasad, jisim, layon sok dianggo lira-liru kaya-kaya tanpa ana bédané; udyana, panti, sasana, asana, sana uga sok dianggo kanthi lira-liru awit dianggep tegesé padha, lan sapituruté. Gandhèng rupaking papan, ing kalodhangan iki mung arep dirembug tembung resèpsi, pawiwahan, pasamuwan, lan pista.
- resèpsi saka tembung receptie (Walanda) utawa reception (Inggris), tegesé ’lenggahan (pista, jejagongan) dhines kang diadani kanggo nampa lan mahargya tamu (ing pista wisudhan gubernur, bupati, présidhèn, utawa panggedhé liyané, ing pista dhauping pangantèn, lan sapituruté)
- wiwahan utawa pawiwahan asalé saka tembung lingga wiwaha (Sanskerta) kang mengku teges ’pikrama’, ’dhaup’; wiwahan utawa pawiwahan tegesé ’pista utawa bawahan ketemuning pangantèn’
- pasamuwan asalé saka tembung lingga samuwa utawa samuha (Sanskerta) kang mengku teges (a) ’pakumpulan’, ’gegolongan’, (b) “regeng”, ngengreng,’sarwa becik’; pasamuwan tegesé (1) ’pakumpulan’, (2) ’karamaéan ing pista’, (3) ’gebyagan utawa kepyakan wayang wong, lan sapituruté’
- pista asalé saka tembung feest (Walanda) kang tegesé ’seneng-seneng utawa sukan-sukan (mangan énak, tanggap warsa, lan sapituruté)’
Katrangan iki nuduhaké yèn tembung-tembung mau tegesé ora persis padha. Kanthi mengkono, panganggoné tembung papat iki mau ora kena digebyah uyah digawé padha, ora prayoga yèn dianggo lira-liru kanthi mardika. [ 64 ]KULA – KAWULA
Ing sajroné basa Jawa ana tembung kula lan ana uga tembung kawula. Tembung loro iki sok bisa dianggo lira-liru kanthi mardika lan sok ora bisa. Tembung kawula ing ukara, upamané, “Dhuh Gusti,kawula marak sowan wonten ing ngarsa Paduka …”, bisa diganti nganggo tembung kula, “Dhuh Gusti, kula marak sowan wonten ing ngarsa Paduka ….” Ananging, tembung kawula kang dadi linggané tembung ngawula, upamané, ora bisa diliru utawa diganti nganggo tembung kula.
Tembung kula iku kalebu polisemi. Tembung kula kang sepisan asal saka basa Sansekerta tegesé ’turun’, ’darah’, ’trah’, ’sanak sadulur’, ’suku bangsa’, ’kasta’. Tembung iki sabanjuré bisa didhapuk dadi tembung, kayata, kulawarga ’sanak sadulur’, kula mitra ’sanak lan kanca-kanca’, kula wangsa ’sanak sadulur’, kula sentana ’sanak sadulur’. Tembung kula kang kapindho kalebu éwoning tembung krama, ateges ’aku’ (sesulih utama purusa). Panganggoné tembung iki, upamané, mangkéné.
- Kula dèrèng mangertos bab punika. ’Aku durung mangerti bab kuwi.’
- Lembunipun sampun kula guyang. ’Sapiné wis dakguyang.’
- Kanggo mangsuli yèn diundang, upamané, “Kula, Bu Guru….”
Tembung kawula iku asalé saka basa Jawa Kuna, tegesé ’abdi’, ’batur’. Ing basa Jawa saiki tembung kawula mengku teges (1) ’abdi’, ’batur’, (2) ’rakyat’, ’karèrèhan’. Satemené teges kang kasebut ing angka (2) iku minangka pamekaring teges kang kasebut ing angka (1). Jalaran, ’rakyat’, utawa ’karèrèhan’ iku ing panganggep kayadéné abdi utawa baturé dhedhuwurané (ratu, adipati, lan sapituruté). Tembung kawula kang mengku teges loro iku kalebu éwoné tembung krama ngoko (bisa dianggo ing tataran ngoko, krama, utawa krama inggil). Ing sabanjuré, tembung kawula dianggo gegantiné tembung sesulih utama purusa (aku) kanthi ancas ngajèni wong kang diajak guneman (madyama [ 65 ]purusa). Ing kéné kang ngajak guneman (aku utawa utama purusa) ngesoraké pribadiné kanthi madhakaké awaké dhéwé karo abdi utawa batur nganggo sebutan kawula. Tembung kawula kang dianggo sesulih utama purusa utawa wong kapisan (kula) kuwi kalebu éwoné tembung krama, ananging krama enggon-enggonan.
Andharan iki bisa digawé dudutan, mangkéné.
- Tembung kula lan kawula bisa dianggo gegantiné tembung sesulih utama purusa (wong kapisan).
- Tembung kula kalebu éwoné krama lumrah, tembung kawula kang ateges ’aku’ kalebu tembung krama enggon-enggonan.
- Tembung kula bisa dianggo ing tataran krama kanthi mardika ing sadhéngah papan lan kanggo sapa waé, déné tembung kawula kang ateges ’aku’ beciké mung dianggo, upamané, yèn ndonga utawa sembahyang, utawa yèn matur marang wong kang sesambungané asipat kawula – gusti, kayata, ratu.
KÉRATA BASA
Kérata basa yaiku bab negesi tembung utawa nggolèki surasaning tembung kapirid saka wancahané tembung utawa wandané tembung kang ditegesi mau, dijupuk cundhuk prayogané, diothak-athik, digathuk-gathukaké supaya mathuk. Tembung guru, upamané, yèn arep dikérata basa luwih dhisik kudu diwancah utawa dipecah didadèkaké wanda-wanda, yaiku dadi wanda gu lan wanda ru. Saben wandané tembung mau banjur diréka, dianggep kaya-kaya minangka tembung wod (tembung wod kuwi éwoning tembung kang mung dhapur sawanda), nuli diothak-athik diwènèhi teges kang gathuk lan mathuk karo tegesing tembung kang lumrah. Tembung guru kuwi mengku teges ’wong kang pagawéné mulang muruk ing pamulangan’. Tembung iki yèn dikérata basa bisa ditegesi ’digugu lan ditiru’, yaiku wanda gu diwènèhi teges rékan ’digugu’ lan wanda ru diwènèhi teges rékan ’ditiru’. Kanthi pangothak- athik, teges ’digugu lan [ 66 ]ditiru’ kuwi dadi katon gathuk lan mathuk karo tegesé tembung guru. Conto tembung kérata basa liyané, kayata:
siti : isi bulu bekti rambut : éramé kok lembut jangan : sejané dipangan kathok : diangkat baka sithok sruwal : saru yèn uwal
Kérata basa kuwi asring uga diarani jarwa dhosok. Diarani jarwa dhosok (jarwa = teges, dhosok = dhesuk) jalaran anggoné negesi tembung ing kérata basa kuwi mung adhedhasar pangéntha-éntha utawa pangothak-athik, kaya-kaya kanthi peksan, kanthi dhesekan utawa dhosokan. Ora mokal yèn tembung siji kuwi bisa dikérata basa dadi warna-warna. Tembung guru, upamané, kajaba bisa dikérata basa dadi ’digugu lan ditiru’, uga bisa dikérata basa dadi ’wagu tur kuru’, ’luguné yèn tanggal tuwa ora bisa turu’, lan sapituruté.
Kérata basa iku ana sambung rapeté karo étimologi, yaiku sesurupan bab nlusur asal-usulé (tegesing) tembung. Ananging, étimologi ing kéné dudu étimologi murni, dudu étimologi ilmiah, mung adhapur étimologi rakyat (volks etymologie). Diarani mangkono jalaran anggoné negesi tembung ing kérata basa kuwi mung adhedhasar rékan, adhedhasar pangéntha-éntha, kaya-kaya saben tembung kuwi minangka camboraning tembung-tembung wod. Pangerti bab tembung wod ing kéné mesthi waé uga ora padha karo pangerti bab tembung wod kang dicungulaké déning A.C. Vreede (1883) lan R. Brandstetter (1910). Téori bab tembung wod iku ing sakawit muncul saka panalitiné ahli basa rikala nliti basa-basa Indo-German, kayata, basa Sanskerta. Manut panaliti, tembung-tembung Sanskerta iku akèh kang didhapuk saka tembung wod. Amarga tembung-tembung Jawa iku ana (akèh) kang asalé saka basa Sanskerta, mula banjur ana panganggep yèn tembung-tembung Jawa iku uga didhapuk saka camboraning tembung wod. Kanthi mangkono, jeneng kérata [ 67 ]basa kuwi bokmanawa kapirid saka tembung Sanskerta basa, banjur ing pakecapan dadi kerta basa – kérata basa.
Lumrahé wong kang wasis ngérata basa kuwi banjur dianggep ahli utawa empu basa, yèn jejagongan banjur dadi paran pitakonan bab kérata basané sawernaning tembung. Panganggep kaya mangkono iki mesthi waé ora bener, ora trep karo nyatané, jalaran ngérata basa kuwi dudu pakarti ilmiah, mung dhapur othak-athik utawa pangéntha-éntha. Mulané, kérata basa utawa jarwa dhosok iku prayogané ora perlu diwulangaké marang murid utawa marang para siswa. Kérata basa beciké mung kanggo dhagelan utawa geguyon.
TEMBUNG KRAMA INGGILÉ APA?
Masyarakat Jawa kuwi duwé tata cara kanggo njaga beciking srawung utawa beciking sesambungan antarané warga siji lan sijiné. Tata cara kaya mangkono mau diarani tata krama, subasita, udanagara, utawa unggah-ungguh. Jalaran wis manjing dadi padatan, sanajan tanpa tinulis lan ora diundhangaké, sapa waé wong kang nindakaké sesambungan karo wong liyané (amarga pakaryan, dedagangan, utawa sesambungan lumrah saben dinané karo kanca, tangga teparo, lan sapituruté) racaké padha mbudidaya amrih bisa nuhoni tata cara kang wis kelumrah dianggo ing masyarakat mau.
Tata krama iku kejaba ketitik (katon) saka solah bawa (kalebu sandhang panganggo), uga ketitik saka panganggoné basa. Yèn wong Jawa, upamané, madhayoh menyang panggonané wong kang luwih tuwa utawa luwih dhuwur drajat pangkaté saperlu ulem-ulem, anggoné nyandhang mung kaosan, anggoné lungguh lèyèh-lèyèh sikilé tumpang tali, lan anggoné jawab utawa matur mung kanthi ngoko, patrap kang kaya mangkono mau kena diarani degsura utawa ora ngajèni marang wong kang didhayohi. Dadi, panganggoné basa iku kalebu anasir kang wigati ing sajroné pasrawungan lan dadi salah sawijining ukuran tata krama utawa subasita. [ 68 ]Wong diarani ngerti ing subasita manawa wong mau bisa lan gelem mapanaké utawa ngenggonaké dhiri pribadiné kanthi trep, ora gumedhé, kepara andhap asor, banjur bisa lan gelem ngajèni liyan kanthi murwat. Ngajèni utawa ngurmati liyan kuwi bisa dilairaké kanthi solah bawa lan panganggoné basa kang laras karo unggah-ungguhé. Kajaba laguning gunem alus, dekung, lan pakecapané cetha, panganggoné basa kang urmat kuwi uga diwujudi salining sawatara tembung kang rinasa dadi tandha pangaji-aji utawa tandha pakurmatan. Tembung-tembung kang dianggo tandha pakurmatan mau diarani tembung krama, déné yèn urmat banget diarani tembung krama inggil.
Tembung krama inggil iku gegayutan karo sarira utawa badan lan anggotané badan, pangangggo, kriya utawa panggawé, kaanan utawa sipat, barang darbé, utawa pamanggoné kang kinurmatan. Wong kang diurmati nganggo tembung krama inggil iku winates tumrap wong kapindho (madyama purusa utawa wong kang diajak guneman) lan wong katelu (pratama purusa utawa wong kang digunem). Tembung krama inggil ora prayoga yèn dianggo tumrap utama purusa utawa wong kang guneman.
Satemené tembung krama lan krama inggil iku gunggunge ora akèh, udakara mung 400 iji. Éwa samono, ora sadhéngah wong apal kabèh tembung krama lan krama inggil mau, luwih-luwih tumrap para nom-noman. Ora mokal yèn jaman saiki yèn ana bocah mlebu toko banjur ditakoni, “Mundhut punapa, Mas?”, anggoné wangsulan, “Badhé mundhut buku ...” utawa, “Badhé mundhut permèn ...”, lan sapituruté. Manut umggah-ungguh, panganggoné tembung mundhut tumrap wong kang guneman (utama purusa) kaya mangkono mau cetha yèn ora trep amarga tembung mundhut kuwi kalebu éwoning tembung krama inggil. Kuduné, tembung kang trep dianggo tumrap utama purusa (wong kang guneman) kaya ing ukara wangsulan mau, yaiku tembung tumbas (tembung krama lugu). Tumpang suh panganggoné tembung mangkéné iki bokmanawa pancèn durung mangerti temenan endi kang kalebu éwoning tembung krama inggil [ 69 ]lan endi kang kalebu éwoning tembung krama lugu utawa krama lumrah. Awit saka iku, ing udyana iki bakal dipacak tembung-tembung krama inggil kang gegayutan karo anggotaning badan, ngiras pantes nanggapi pamundhuté salah sawijining sutresna Puspa Rinoncé. Kanggo nggampangaké anggoné nulis, tembung ngoko ditengeri (N), krama ngoko (KN), lan krama (K). Déné tembung krama inggil tanpa diwènèhi tengeran apa-apa.
Ngoko/Krama Ngoko/Krama | Krama inggil |
alis (KN) | imba |
ari-ari (KN) | tuntunan |
ati (N), manah (K) | galih |
awak (N), badan (KN) | salira; slira |
balung (KN) | tosan |
bangkèkan (KN) | madya; pamekak |
bathuk (KN) | palarapan |
bokong (KN) | pocong |
brengos (KN) | rawis |
cangkem (KN) | tutuk |
dhadha (KN) | jaja |
dhengkul (KN) | jengku |
embun-embunan (KN) | (pa)sundhulan |
endhas (N), sirah (K) | mustaka |
geger (KN) | pengkeran |
gelungan(KN) | ukel |
githok (KN) | griwa; julukan |
gulu (KN) | jangga |
ilat (KN) | lidhah |
irung (KN) | grana |
janggut (KN) | kethekan |
jénggot (KN) | gumbala |
kuku (KN) | kanaka |
kuping (KN) | talingan |
mata (N), mripat (K) | tingal |
pipi (KN) | pangarasan |
pundhak (KN) | pamidhangan |
pupu (KN) | wentis |
rai (KN) | pasuryan |
rambut (KN) | réma |
sikil (N), suku (K) | sampéyan |
susu (KN) | prembayun |
tangan (KN) | asta |
weteng (KN) | padharan |
LUNGGUH-LINGGIH-LENGGAH-PINARAK
Tumrapé wong Jawa, ngajèni utawa ngurmati liyan iku kanthi cara manéka warna, ya kanthi patrap (nyandhang panganggo, solah bawa) lan uga lumantar panganggoning basa. Patrap kang diarani trapsila tumrapé wong Jawa iku, kajaba anggoné manganggo sandhangan sopan, uga diwujudaké kanthi solah bawa kang trep karo kaanané, upamané, yèn lagi omong-omongan karo wong kang diajèni prayogané aja mandeng rai, becik semu ndhungkluk, lan yèn anggoné omong-omongan karo ngadeg, sikil loro-loroné kudu jejeg, aja njangkah, tangané ngapurancang (tangan tengen didokok ing ngarep utawa nyekeli tangan kiwa, aja tangan kiwa kang didokok ing ngarep utawa nyekeli tangan tengen), lan sapituruté. Déné panganggoné basa kang diarani trapsila iku, kajaba kedaling wacana utawa wetuning pangucap kudu cetha, laguné kepara dekung, uga dikanthèni panganggoné tembung-tembung krama utawa krama inggil.
- (1) Sapa sing lungguh madhep ngidul kaé?
- (2) Mengko, yèn Pak Lurah wis kepareng lenggah, unjukané ndang ditokaké!
- (3) Mangga Mas, lenggah ngajeng riki!
- (4) Matur nuwun, kula kepéngin linggih ngriki kémawon, caket kaliyan kanca-kanca ….
Tembung lungguh kang dumunung ing ukara (1) dianggep tembung ngoko, lenggah ing ukara (2) lan (3) dianggep tembung krama inggil, déné linggih ing ukara (4) dianggep tembung krama. Banjur panganggep mangkéné iki apa wis bener? Bab iki perlu ditlusur kanthi tlesih, mangkéné.
Tembung linggih iku mengku teges ’sumèlèh sing katapakaké bokongé’. Tembung iki kalebu éwoning tembung ngoko, malah miturut sejarahé, tembung linggih iku kalebu tembung ngoko baku. Ing jaman saiki tembung linggih ana sing nganggep tembung enggon-enggonan lan banjur arang-arang dianggo ing basa padinan.
Tembung lungguh iku kalebu éwoning tembung ngoko. Tembung iki mengku teges warna-warna, kayata, (a) ’sawah (palemahan) kang digadhuhaké marang pamong désa sing pametuné minangka bayaré’, (b) ’pepangkatan’, ’pangkat’, (c) ’dhodhok sèlèhé prakara’, (d) ’mapan utawa wis becik tumrap pasang rakiting ukara, lan sapituruté’. Déné tembung lungguh kang ateges ’sumèlèh sing katapakaké bokongé’ ing sakawit kalebu tembung ngoko enggon-enggonan. Amarga owah gingsiring jaman, tembung lungguh iku ing wektu saiki dianggep tembung ngoko baku (dudu tembung enggon-enggonan manèh).
Tembung lenggah iku miturut sejarahé kalebu tembung krama, yaiku kanggo ngramakaké tembung linggih lan uga tembung lungguh. Tembungé krama inggil tumrap linggih (ngoko) lan lenggah (krama), yaiku pinarak. Déné tembung lungguh (ngoko, enggon-enggonan) kang dikramakaké dadi lenggah ing sakawit ora ana krama inggilé. Kanthi mangkono, urut-urutan undha usuking tembung kang baku kuwi ing sakawit linggih (ngoko)-lenggah [ 72 ](krama)-pinarak (krama inggil). Éwa semono, yèn ing jaman saiki masyarakat nganggep tembung lungguh kuwi kalebu tembung baku ngoko lan tembung lenggah iku krama inggil, ya bisa waé waton kabèh warganing masyarakat wis gelem nampa, jer basa iku darbèké masyarakat lan owah gingsiring basa kang nemtokaké uga masyarakat. Déné tulisan iki mung dhapur ngélingaké dhodhok sèlèhé tembung-tembung iku mau miturut sejarahé.
ANDANA WARIH-ANDANAWARI
Basa pedhalangan iku kalebu basa éndah utawa basa susastra. Ora mokal yèn ing sajroné basa padhalangan iku akèh tinemu tembung utawa tetembungan kang arang dianggo utawa malah ora kelumrah dianggo ing basa padinan, kepara malah ana uga kang ora disumurupi apa teges kang satemené déning sapérangan warganing masyarakat. Ing wektu kapungkur ana sutresna Puspa Rinoncé kang mundhut priksa bab tetembungan andanawa ri (andenawa ri). Panjenengané olèh tetembungan iki nalika midhangetaké giyaran wayang kulit saka radhio. Panyanané, pocapaning dhalang tumrap tetembungan iki klèru, déné kang dianggep bener yaiku andana warih (dudu andenawa ri). Banjur kapriyé genahé tumrap bab iki? Tetembungan andana warih lan andanawari (andenawari) iku satemené kabèh bener lan minangka tembung loro kang béda tegesé. Tembung andana warih iku mengku teges ’awèh (mènèhi, paring, maringi) banyu’. Gerbané, andana warih kuwi ’pandhita’, yaiku ’wong kang awèh (mènèhi, paring, maringi) banyu kang dimantrani minangka tamba’. Panganggoné tetembungan iki, upamané, mangkènè.
[ 73 ]“Punika ta warnanira Radèn Janaka, satriya pamadyaning Pandhawa. Satriya bagus kang wus kaloka sekti mandraguna, tau taté ngentas karya dadi jagoning déwa nyirnakaké satru sekti. Padha-padha titahing déwa, Radèn Janaka kadunungan kasektèn linangkung jalaran wiwit mudha remen nggegulang kaprigelan olah sawarnining dedamel miwah olah bandayuda. Dhasar satriya trahing kusuma rembesing madu tedhaking andana warih linambaran gentur tapané, datan
mokal yèn ta Radèn Janaka tajem polatané, kukuh bebudèné, sidik paningalé.”
Tetembungan trahing kusuma rembesing madu kang kapacak ing ukara pungkasan iku mengku teges ‘tedhak (turun) pandhita’. Dadi, miturut critané, Radèn Janaka kuwi trahing ratu lan uga trahing pandhita. Disebut trahing ratu jalaran Radèn Janaka kuwi wayahé (putuné) Prabu Pandhu Déwanata lan disebut trahing pandhita jalaran Radèn Janaka kuwi wayah buyuté (putu buyuté) Bagawan Abiyasa.
Tetembungan andanawa ri iku dumadi saka tembung an- + danawa + ari. Tembung danawa asalé saka basa Sanskerta dânawa ’buta’ lan ari (uga saka basa Sanskerta) mengku teges ’mungsuh’. Panulisé tetembungan dânawa ari ing sakawit digandhèng dadi dânawâri, ananging sawatara dhalang anggoné ngucapaké dadi danawa ri (andanawa ri). Adhedhasar tetembungané, danawa ari iku mengku teges ’mungsuh(é) buta’; déné gerbané, tetembungan iki mengku teges ’déwa’ utawa (yèn ing crita wayang) ’satriya’. Kanthi mangkono, tetembungan danawa ari (dânawâri) kang ing pakecapan banjur dadi danawa ri (denawa ri) iku bisa ditegesi ’déwa’ utawa ’satriya’. Panganggoné tetembungan iki, upamané, mangkéné.
“Punika ta warnanira Radèn Abimanyu iya Parta Tanaya. Satriya kang kalok kajanapriya ing saindenging bawana, yèn priya ngondhangaké kasektèné, yèn wanodya ngondhangaké kabagusané. Sanadyan ta kadunungan kasektèn linangkung, Radèn Abimanyu datan kuma-lungkung, bagus datan kumenthus, limpad datan kuméwat, ing satemah kathah jalma gung alit kang samya tresna asih marang Sang Andanawa ri.”
Tetembungan Sang Andanawa Ri kang dumunung ing pungkasaning ukara pethikan panyandra iku mengku teges ’satriya’, dudu ’déwa’. Déné kang dikarepaké Sang Andanawa Ri ing ukara mau, yaiku Radèn Abimanyu, lan wis disumurupi yèn Radèn Abimanyu kuwi kalebu golonganing satriya, dudu golonganing déwa. [ 74 ]NGOMBÉ-NGUNJUK
Tembung ngmbé lan ngunjuk iku tegesé padha, yaiku ’nglebokaké ing cangkem (tutuk) terus diulu (tumrap barang cuwèr, kayata, banyu, wédang, legèn, lan sapituruté)’. Bédané, tembung ngombé kalebu tembung krama ngoko, ngunjuk kalebu tembung krama inggil. Salaras karo paugeran unggah-ungguhing basa, panganggoné tembung-tembung krama inggil iku lumrahé mung tumrap wong (madyama purusa lan pratama purusa) kang pantes diajèni utawa diurmati. Miturut parama basa, panganggoné tembung-tembung krama inggil kang tumrap utama purusa utawa wong kapisan, kajaba ratu, kena diarani degsura utawa ora ngerti tata krama. Sanajan paugerané wis cetha, éwa samono isih asring tinemu panganggoné tembung tembung ngunjuk kang tumrap utama purusa, upamané, mangkéné.
- A: Ngersakaken unjukan punapa, Mas, … kopi?
- B: Tèh mawon, Bu, … kula dipunawisi ngunjuk kopi ….
Tembung ngunjuk kang kapacak ing ukara B iku ora laras jalaran tembung mau dianggo tumrap utama purusa (kula). Amrih laras karo paugeraning parama basa, tembung ngunjuk ing ukara iku prayogané disalini nganggo tembung ngombé kang kalebu tembung krama ngoko, yaiku éwoning tembung kang bisa dianggo ing tataran ngoko lan tataran krama tanpa ngowahi utawa nyalini wujuding tembung mau. Kanthi mangkono, ukara iku wujudé banjur dadi mangkéné (kang laras karo paugeran).
- B. … ngombé kopi …
MRIKI-NGRIKI
Tembung mriki lan ngriki iku kalebu éwoning tembung krama. Panganggoné tembung loro iki, luwih-luwih tumrap bocah-bocah utawa para mudha, asring cawuh utawa tumpang suh. Contoné, mangkéné.
- (1) Sowan kula ing mriki punika, sapisan ….
- (2) Kaparenga kula jejer sawatawis wonten ing mriki saha sumela atur.
- (3) Sampun dangu piyambakipun boten ngriki.
- (4) Piyambakipun manawi ngriki temtu wanci sonten.
Lumrahé, tembung mriki iku kanggo ngramakaké tembung mréné lan tembung ngriki kanggo ngramakaké tembung (ing) kéné. Kanthi mangkono, panganggoné tembung mriki ing ukara (1) lan (2) sarta ngriki ing ukara (3) lan (4) ora laras. Jalaran, ukara-ukara mau yèn dingokokaké manut tembung-tembungé kang dianggo dadiné mangkéné.
- (1a) Sowanku (tekaku) ing mréné iki, sapisan ….
- (2a) Lilanana aku ngadeg sawatara ing mréné lan nyela atur.
- (3a) Wis suwé dhèwèké ora (ing) kéné.
- (4a) Dhèwèké yèn (ing) kéné mesthi wayah soré.
Amrih laras karo ukarané, tembung mriki ing ukara (1) disalini nganggo tembung ngriki; utawa tembung mriki tetep dianggo kanthi ngilangi tembung ancer-ancer ing kang ana ing sangarepé. Samono uga tembung mriki kang kapacak ing ukara (2) kudu disalini tembung ngriki lan tembung ngriki ing ukara (3) lan (4) prayogané disalini tembung mriki. Kanthi mangkono, ukara-ukara mau wujudé banjur dadi mangkéné.
- (1b) Sowan kula ing ngriki punika, sapisan ….
- (1c) Sowan kula mriki punika, sapisan ….
- (2b) Kaparenga kula jejer sawatawis wonten ing ngriki saha sumela atur.
- (3b) Sampun dangu piyambakipun boten mriki.
- (4b) Piyambakipun manawi mriki temtu wanci sonten.
INGGIH – INJIH
Tembung inggih iku asalé saka tembung Kawi utawa tembung Jawa Kuna inggi kang tegesé ’ya’ utawa ’iya’. Tembung Jawa Kuna inggi (tanpa pungkasan h (/h/) ) kang banjur dadi inggih (mawa pungkasan h (/h/) ing basa Jawa saiki mangkono kuwi ora jeneng aèng jalaran ana tunggalé, kayata, gaja dadi gajah ’gajah’, dasi dadi dasih ’batur wadon’, lan wari dadi warih ’banyu’. [ 76 ]Tembung inggih ing basa Jawa saiki kalebu éwoning tembung krama, yaiku kanggo ngramakaké tembung iya (ngoko). Ing basa padinan tembung iki asring dicekak dadi nggih, malah ing papan tartamtu, upamané, ing wilayah Yogyakarta, tembung inggih sok diucapaké injih /injIh/ utawa asring dicekak dadi njih /njIh/ déning masyarakat kono. Tembung ingih kang diucapaké dadi injih iku bener apa luput? Pitakon iki bisa diwangsuli kanthi katrangan mangkéné.
Basa Jawa iku darbèké masyarakat Jawa. Mesthi waé kang nemtokaké bener luputé utawa mekar tumangkaré basa Jawa iya masyarakat Jawa. Sanajan ing sajroné basa iku ana anasir kang satemené (yèn dinalar) luput, ananging yèn kabéh warganing masyarakat wis gelem nganggo lan nganggep bener, bab iku wis ora ana pakéwuhé. Contoné, ing basa Jawa Kuna ana tetembungan tan pamangan, tan panginum, tan panolih. Tetembungan iki ing basa Jawa saiki dadi tanpa mangan, tanpa nginum (tanpa ngombé), tanpa nolèh. Ing kéné cetha tetembungan tanpa mangan lan sapituruté iku yèn digathukaké utawa dijèjèraké karo tetembungan ing basa Jawa Kuna kang dadi sumberé katon gèsèh pedhotané. Sanajan tetembungan tanpa mangan lan sapituruté iku bisa diarani luput anggoné medhot, éwa semono kabèh warganing masyarakat Jawa wis gelem nganggo lan nganggep tetembungan mau bener. Mulané, tumekané saiki tetembungan tanpa mangan lan sapituruté iku kelumrah dianggo ing basa Jawa jalaran dianggep wis bener.
Béda karo tetembungan tanpa mangan lan sapituruté (sanajan luput nanging wis dianggep bener déning kabèh warganing masyarakat), pangucapé tembung inggih dadi inggih /injih/ iku mung winates ing masyarakat tartamtu lan durung kaprah tumrap sadhéngah warganing masyarakat Jawa (masyarakat Jawa iku ora mung winates kang dumunung ing Yogyakarta, nanging uga nyakup warganing masyarakat Jawa kang dumunung ing Jawa Tengah, Jawa Wétan, lan papan liyané). Kanthi mengkono, pakecapan inggih /inggih/ dadi injih /injih/ iku kalebu éwoning [ 77 ]pakecapan engon-engonan. Mulané, pakecapan mangkono iku beciké ora dianggo ing basa resmi, kayata, sesorah, giyaran radhio, lan sapituruté.
GANJARAN, NUGRAHA, BEBANA
Tembung ganjaran, nugraha (anugrah), bebana iku mengku anasir teges kang padha, yaiku ’peparing’ utawa ’pawèwèh’. Jalaran mengku anasir teges kang padha, tembung-tembung iki sok dianggo lira-liru kanthi mardika, yaiku kanggo gegantiné tembung hadiah (tembung Indonesia). Bab iki bisa disumurupi ing ukara, upamané, mangkéné.
- (1) Panjenengané ing taun 1985 nampa bebungah minangka juwara I ....
- (2) Ing taun 1996 panjenengané olèh bebana minangka juwara III ....
- (3) Kajaba ganjaran-ganjaran kasebut, ing taun 2000 panjenengané uga olèh anugrah ing babagan seni sastra saka Pamaréntah ....
Panganggoné tembung bebana, ganjaran, anugrah (nugraha), malah uga bebungah kanthi lira-liru minangka gegantiné tembung hadiah (Indonesia) mangkono iku apa wis trep? Kanggo nyumurupi bab iki perlu ditlusur kanthi tlesih.
Tembung ganjaran iku mengku teges ’apa-apa kang diparingaké (diwènèhaké) minangka gegantiné kabecikan utawa lelabuhan’. Kang diarani kabecikan iku, kayata, ngibadah manut tuntunan agama, tetulung marang wong kang nandhang kasangsaran, mènèhi dana (dhuwit, pangan, sandhangan) kanthi mana suka marang wong kang kesrakat, lan sapituruté. Yèn anggoné nindakaké linambaran éklasing ati, tumindak mangkono iku miturut tuntunan agama bakal olèh ganjaran saka Pangéran Kang Mahaagung (Gusti Allah). Déné kang diarani lelabuhan, kayata, tumindak mèlu nandhang lara lapaning liyan (tetulung marang masyarakat kang kebanjiran, lan sapituruté), ngetohaké jiwa ragané marang negara (mèlu mbrastha kraman, lan sapiturté), njaga [ 78 ]lestariné alas, njaga amrih lestariné kéwan-kéwan kang mèh cures, lan sapituruté, kajaba bakal olèh ganjaran saka Gusti Allah uga sok olèh ganjaran saka pamaréntah (awujud dhuwit, layang pangaji-aji, lan sapituruté). Kanthi mangkono, kang diarani ganjaran iku peparing (pawèh utawa pawèwèh) ora saka sapadha-padha, ananging saka kang luwih dhuwur, kayata, saka Gusti Allah, saka pamaréntah, saka sawijining bebadan, lan sapituruté.
Tembung nugraha tegesé mèh padha karo ganjaran. Bédané, tembung ganjaran asalé saka tembung Jawa Kuna gañjaran (gañjar + -an), yèn nugraha asalé saka tembung Sanskerta anugraha. Tembung anugraha (Sanskerta) dumadi saka anasir anu kang mengku teges ’sawisé’ lan graha (saka wod grah) kang mengku teges ’kecekel’. Gerbané, tembung anugraha kang banjur dadi anugrah utawa nugraha iku mengku teges ’peparing’ (pawèwèh) kang anggoné nampa (kecekel) sawisé nindakaké pakaryan (jejibahan, kabecikan, utawa lelabuhan). Kayadéné tembung ganjaran, peparing kang diarani nugraha iku asalé saka kang luwih dhuwur (Gusti Allah, pameréntah, bebadan, lan sapituruté), ora saka sapadha-padha.
Tembung bebana iku mengku teges ’peparing (pawèwèh utawa pawèh) kang sarana dijaluk utawa dijanjèkaké’. Panganggoné tembung iki, upamané, mangkéné.
- (a) Nggèr, dhawuhé Kanjeng Sultan iku lakonana, nanging nyuwuna bebana Alas Mentaok!
- (b) Bebana ingkang dipuntedha boten awujud bandha donya utawi drajat pangkat, Kanjeng, ananging putri dalem ....
- (c) Sapa wongé kang bisa ngentasi karya numpes kraman iki, nagaraningsun sigar semangka ingsun cadhangaké minangka bebanané.
- (d) Dèwi Sinta mbebana kidang kencana marang Prabu Ramawijaya.
Tembung bebana kang kapacak ing ukara (a) lan (b) mengku teges ’peparing (pawèwèh) kang dijaluk (diarep-arep)’, déné kang [ 79 ]kapacak ing ukara (c) mengku teges ’peparing (pawèwèh) kang dijanjèkaké (dicadhangaké)’. Kajaba tembung bebana, ing ukara (d) ana tembung mbebana. Tembung iki kalebu éwoning tembung kriya (verba) kang kadhapuk saka tembung bebana olèh wuwuhan ater-ater m-. Déné tembung mbebana mengku teges ’ngasih-asih njaluk’. Lumrahé, tembung bebana lan mbebana mung dianggo ing basa éndah utawa basa susastra.
Kajaba tembung-tembung kang wis dirembug iku, ana tembung bebungah lan kekucah kang uga mengku anasir teges ’pawèwèh’. Tembung bebungah minangka tembung aran dhapukan dwipurwa saka tembung lingga bungah lan kalebu éwoning tembung ngoko. Déné tembung bebungah yèn dikramakaké dadi bebingah. Tembung kekucah uga minangka tembung aran dwi purwa kang kadhapuk saka tembung lingga kucah. Kekucah kalebu éwoning tembung krama ngoko.
Tembung bebungah iku minangka tembung padinan. Gerbané teges tembung bebungah yaiku ’pawèwèh (mirunggan) amrih kang diwènèhi dadi bungah atiné’. Pawèwèh kang diarani bebungah iku, upamané, pawèwèh saka bendara marang abdiné ing dina riyaya, pawèwèh mirunggan marang wong kang nyambut gawé sawisé rampung pagawéané (saliyané opah), lan sapituruté. Kanthi mangkono, bebungah iku bisa saka sapadha-padha.
Tembung kekucah iku kalebu éwoning tembung kang mung kelumrah dianggo ing basa éndah utawa basa susastra. Gerbané teges tembung kekucah yaiku ’pawèwèh utawa sih peparing saka pandhuwuran (bendara, ratu, lan sapituruté) marang andhahané (kawulané, abdiné, prajurité, lan sapituruté) kanthi mana suka’.
NINDITA-ANINDITA
Ana pitakon bab tegesé tembung nindita lan anindita, gandhèng ana tetembungan anak anung anindita' lan ana bocah kang dijenengi Priya Nindita.
Tembung nindita lan anindita iku asalé saka basa Sanskerta, kadhapuk saka tembung wod nid utawa nind. Tembung wod nid [ 80 ]utawa nind iku mengku teges baku (pokok) ’cacad’, ’luput’, déné tembung anindita mengku teges ’tanpa cacad’. Tetembungan anak anung anindita tegesé ’anak (bocah) kang linuwih kang tanpa cacad’.
Sawatara tembung kang asalé saka basa Sanskerta utawa saka basa Jawa Kuna (basa Kawi) iku ing basa Jawa saiki sok ngalami owah gingsir. Owah gingsiring tembung iku ana kang magepokan karo pakecapané, upamané, wwai (wway) dadi wé ’banyu’, wwalu dadi wolu, druhaka dadi duraka ’duraka’, dºbya dadi darbé ’darbe, duwe’ lan ana uga kang magepokan karo teges utawa maknané. Tembung marta, upamané, kadhapuk saka tembung wod mºt kang tegesé ’mati’. Tembung marta ing jaman saiki ditegesi ’urip’, tetembungan tirta marta banjur ditegesi ’banyu panguripan’. Ing mangka, tembung kang satemené mengku teges urip utawa panguripan iku amarta ’ora mati, urip’. Saèmper karo owah gingsiring teges tembung marta iku, tembung nindita kang ing sakawit mengku teges ’cacad’, ’luput’, ’ina’ ing jaman saiki ana kang negesi ’tanpa cacad’, ’linuwih’, ’pinunjul’. Kanthi mangkono, anak (bocah) kang dijenengi Priya Nindita iku linambaran panggadhang (pangarep-arep) amrih dadi priya (bocah lanang) kang tanpa cacad (pinunjul utawa linuwih).
KUPIYA, TEGESÉ APA?
Ing sajroné basa Jawa ana sawatara tembung kang arang-arang dianggo ing basa padinan (ana kang amarga tembung mau dianggep wis kuna, ana kang amarga tembung mau mung pantes dianggo ing basa éndah utawa basa susastra, ana kang amarga tembung mau wis ana gantiné kang dianggep luwih trep, lan sapituruté). Jalaran arang kesrambah, ora mokal yèn ana wong kang banjur pangling utawa lali manawa tembung mau satemené uga tembung Jawa lan uga ora mangerti apa tegesé tembung mau kang satenané.
Dururng suwé iki ing Balai Bahasa Yogyakarta ana tamu kang rawuh saperlu nanjihaké utawa nggenahaké bab tegesé [ 81 ]tembung kupiya (tembung iki kalebu tembung kang arang dianggo ing basa padinan). Tembung kupiya kang ditanjihaké mau tinemu ing ukara mangkéné.
- (1). Satemené pamaréntah dhéwé uga wis kupiya ngayomi satwa apadéné taneman langka mau ....
- (2). Rahayuné isih ana sawenèhing pawongan apadéné bebadan kang kesdu cawé-cawé kupiya amrih rusaking alam iki ora kebanjur-banjur.
- (3). Jer kabèh mau minangka pelayanan kang gegayutan karo kupiya nuwuhaké kesadaran penyelamatan lingkungan ....
- (4). Kupiya nglestarèkaké aksara Jawa (irah-irahan karangan).
- (5). ... wis titi wanciné golèk kupiya kanggo nglestarèkaké budaya Jawa ....
- (6). Perda iku minangka gegaran kanggo nindakaké kupiya nglestarèkaké budaya Jawa.
Tembung kupiya kang kapacak ing ukara (1) lan (2) kalebu éwoning tembung kriya (verba), déné tembung kupiya kang kapacak ing ukara (3) — (6) kalebu éwoning tembung aran (nomina). Tegesé tembung kupiya ing ukara (1) lan (2 ) yaiku ’ngudi’, ’mbudidaya’, ’ngréka-daya’, utawa ’mersudi’. Tembung kupiya kang kapacak ing ukara (3), (4), lan (6) mengku teges ’pangudi’, ’pamersudi’, utawa ’pambudidaya’, déné tembung kupiya kang kapacak ing ukara (5) mengku teges ’sarana murih kaleksananing sedya’, ’rerigen’, utawa ’pratikel’.
Tembung kupiya kang tinemu ing ukara (1) - - (6) iku satemené ora padha tegesé karo tembung kupiya kang wis kelumrah kanggo ing basa Jawa. Tembung kupiya kang wis kaprah iku kalebu éwoning tembung aran (nomina) lan mengku teges (a) ’conto’, ’tuladha’, (b) ’pola’, ’tedhakan’, ’turunan’, ’ngèngrèngan karangan (gambar, bathikan, lan sapituruté) kang arep dicap (ditedhak utawa diturun)’, (c) ’lelakon kang wis dialami’ utawa ’kedadéan kang wis klakon’ (kang dianggo conto utawa piwulang). Kanthi mangkono, yèn ana tetembungan, upamané, “golèka kupiya kang prayoga”, tegesé ’golèka conto (tuladha) kang [ 82 ]prayoga’, “wong tuwa iku bisa dadi kupiya tumrap para mudha” tegesè ’wong tuwa iku bisa dadi conto tumrap para mudha’, lan “Serat Tripama iku mengku kupiya lelabuhané satriya marang negara utawa ratuné”, tegesé ’Serat Tripama iku mengku tuladha lelabuhané satriya marang nagara utawa ratuné’.
Généya tembung kupiya kang kapacak ing ukara (1)— (6) iku tegesé ora padha karo tembung kupiya kang wis ana, yaiku kang kapacak ing sajroné kamus? Satemené kang bisa mangsuli kanthi trep tumrap pitakon iki ya mung priyayi kang ndhapuk ukara-ukara mau. Déné wangsulan kang dumunung ing udyana iki mung adhapur pangiraira, mangkéné.
- 1) Tembung kupiya kang tumrap ing ukara (1)— (6) iku sajaké kanggo nyalini tembung upaya utawa berupaya (basa Indonesia) jalaran tembung upaya lan kupiya iku pakecapané mèh padha, banjur dikira tegesé uga padha.
- 2) Priyayi kang ndhapuk ukara-ukara mau bokmanawa ora priksa tegesé tembung kupiya kang kapacak ing sajroné kamus; utawa priksa tegesé tembung mau nanging mung capet-capet.
- 3) Priyayi kang ndhapuk ukara-ukara mau sajatiné priksa apa tegesé tembung kupiya kang wis ana, ananging njarag ora ngagem teges mau lan banjur menèhi teges liya kanthi pangajap tembung kupiya iku supaya mengku teges warna-warna ora mung winates teges kang wis kapacak ing sajroné kamus utawa bausastra.
ATI: MANAH, GALIH, PRANA, WARDAYA, NALA
Ing sajroné basa Jawa ana sawatara tembung kang wis kaprah dianggo minangka dasanamané tembung ati, kayata: manah, galih, prana, wardaya, nala, kalbu. Sanajan dianggep mengku teges padha utawa mèh padha, ananging tembung-tembung iki panganggoné béda-béda. Tembung ati, upamané, dianggo ing tataran ngoko, manah dianggo ing tataran krama, galih dianggo ing tataran krama inggil, déné prana, wardaya, nala, lan kalbu [ 83 ]lumrahé mung dianggo ing basa éndah utawa basa susastra (ora kaprah dianggo ing basa padinan).
Tembung ati iku bisa mengku teges (1) ’pérangan njero kang empuk’, upamané, ati gori, ati kedebog, (2) ’pérangan jeroan kang rupané abang tuwa, dianggo nyaring sarining pangan, lan bisa ngasilaké banyu emperu (tumrap kéwan utawa manungsa)’, (3) ’telenging rasané batin manungsa’, (4) ’rasa pangrasa’ utawa ’pangrasaning manungsa’. Tembung ati kang mengku teges (3), (4), lan (2) mirunggan darbèking manungsa, iku kalebu éwoning tembung ngoko, déné tembung ati kang gegayutan karo barang (ati gori, atiné wit) lan kang gegayutan karo kéwan (ati pitik, ati wedhus, ati sapi ) kalebu éwoning tembung krama ngoko.
Tembung manah asalé saka basa Sanskerta. Ing basa Sanskerta tembung manah utawa sok dadi manah mengku teges ’jiwa (jiwané manungsa)’, ’ati manungsa’, ’rasa pangrasa’, ’angen–angen’, ’pikiran’, ’krenteging ati’, ’panemu’. Ing basa Jawa saiki tembung manah kalebu tembung krama, kanggo ngramakaké tembung ati, yaiku atining wong utawa manungsa, dudu atiné kéwan utawa barang.
Tembung galih asalé saka basa Kawi utawa basa Jawa Kuna. Ing basa Jawa Kuna tembung iki mengku teges (1) ’balung’, (2) ’bebayu’ utawa ’urat dalané getih’, lan (3) ’ati’ utawa ’atèn-atèning wit (kang lumrahé atos lan rupané ireng)’. Ing basa Jawa saiki tembung galih ana warna loro, yaiku (a) galih kang ateges “atèn-atèning kayu kang atos lan rupané ireng’ lan (b) ’ati’ utawa ‘pangrasaning atiné manungsa (wong)’. Tembung galih kang kasebut ing (a) kalebu éwoning tembung krama ngoko, déné kang kasebut ing (b) kalebu éwoning tembung krama inggil.
Kajaba tembung galih, ana uga tembung panggalih. Tembung panggalih iku minangka tembung andhahan kang kadhapuk saka tembung lingga galih kang kasebut ing (b) olèh wuwuhan ater-ater pang-. Salaras karo linggané, yaiku galih kang kalebu tembung krama inggil, tembung panggalih uga kalebu éwoning tembung krama inggil. Tembung iku lumrahé kanggo ngramakaké [ 84 ]tembung ati (ngoko), pamikir (ngoko), utawa pikiran (ngoko). Kanthi mengkono, tembung dipunpanggalih iku mengku teges ’dipikir’, ’dirembug’, utawa ’disurasa ing sajroning ati’.
Tembung prana iku kalebu tembung Kawi utawa Jawa Kuna, déné tegesé (1) ’ambekan’, ’napas’, ’dayaning urip’ lan (2) ’pangrasa’, ’ati’. Tembung iki asalé saka basa Sanskerta prâna kang ateges ’napas’, ’jiwa’, ’nyawa’, ’urip’, ’ati’. Ing basa saiki tembung prana mung kalumrah dianggo ing basa éndah utawa basa susastra kanthi teges (a) ’napas’, ’ambekan’ lan (b) ’ati’, ’pangrasaning ati’. Gandhèng karo teges kang kasebut ing (a), yaiku ’napas’, ’ambekan’, bisa disumurupi ing tetembungan, upamané, aksara mahaprana. Tetembungan iki mengku teges ’aksara kang anggoné ngucapaké dikanthèni wetuné napas kang rosa utawa gedhé. Aksara mahaprana iku, kayata, bh, ph, ch, gh, lumrahé dianggo nulis tembung-tembung Kawi utawa Jawa Kuna, upamané, bhâskara ’srengéngé’, phala ’woh’, ’asil’, ’gan-jaran’, ’opah’, ’piwales’, ’ukuman’, chattra ’payung’, ’pangayoman’, ghana ’méga’, ’mendhung’. Déné tembung prana kang ana sambung rapeté karo teges kang kasebut ing (b), yaiku ’ati’ utawa ’pangrasaning ati’, bisa disumurupi ing tembung utawa tetembungan, kayata, mranani, kepranan, nuju prana. Tembung mranani mengku teges ’nengsemaké’, ’ndadèkaké senenging ati’, ‘nrenyuhaké ati’; kepranan mengku teges ’kesengsem (atiné)’, ’kekenan atiné’, ’kepilut atiné’; lan tetembungan nuju prana mengku teges ’nuju ati’, ’cocog karo pangrasaning ati’, ‘sreg (trep) karo pangrasaning ati’.
Tembung wardaya asalé saka tembung Sanskerta hºdaya kang mengku teges ’ati’ utawa ’pangrasaning ati”. Ing basa Jawa saiki tembung wardaya uga mengku teges ’ati’, ’pangrasaning ati’, utawa ’kalbu’ lan mung kalumrah dianggo ing basa éndah utawa basa susastra (ora kaprah dianggo ing basa padinan).
Tembung nala asalé saka tembung Sanskerta nâla kang mengku teges ’gagang’, ’urat’, ’jantung’, ’ati’.Ing basa Jawa saiki tembung nala mengku teges ’ati’ utawa ‘pangrasaning ati’ lan [ 85 ]mung kaprah dianggo ing basa éndah utawa basa susastra (ora kalumrah dianggo ing basa padinan).
Tembung kalbu asalé saka tembung Arab qalbu kang mengku teges ’jantung’, ’ati’, ’akal’ utawa ’pikiran’, ’punjering rasa batin’. Ing basa Jawa wektu saiki tembung kalbu lumrahé mung dianggo ing basa éndah utawa basa susastra lan ora kaprah dianggo ing basa padinan.
Kajaba tembung-tembung kang wis dibèbèraké iku, ana tembung driya kang asalé saka tembung Sanskerta indriya. Tembung indriya (Sanskerta) mengku teges ’piranti kanggo ngrasakaké, ngganda, ngrungu, nyawang, nggrayang’, ’hawa napsu’, ’sahwat’. Ing basa Jawa saiki tembung driya mengku teges ’tuking prangrasa’ utawa ’ati’ (tumrapé wong Jawa, ati iku dianggep minangka tuk utawa punjering pangrasa). Tembung iki lumrahé uga mung dianggo ing basa susastra utawa basa éndah lan ora kaprah dianggo ing basa padinan.
Tulisan iki bisa digawé dudutan mangkéné.
- Tembung ati kang tumrap kéwan utawa barang iku minangka tembung krama ngoko. Mulané, tembung iki ora perlu dikramakaké, upamané, manah ayam, manah lembu, galih ménda, galih ayam, lan sapituruté. Tembungan mangkéné iki cukup ati ayam, ati lembu, ati ménda.
- Tembung ati kang tumrap manungsa utawa uwong kalebu tembung ngoko. Tembung iki ing tataran krama perlu disalini nganggo tembung manah (krama) utawa galih/panggalih (krama inggil), manah kula, manahipun anak kula, raosing panggalih (galih) panjenengan, lan sapituruté.
- Tembung-tembung prana, wardaya, nala, lan driya mung kalumrah dianggo ing basa éndah utawa basa susastra, kayata, sesorah ing pahargyan dhauping pangantèn, pagelaran wayang utawa kethoprak, nganggit-anggit tembang macapat, lan sapituruté. Sanajan tembung-tembung iki minangka dasanamané tembung ati, manah, galih/panggalih, ananging ora bisa dianggo lira-liru kanthi mardika ing basa padinan. [ 86 ]
- Kanthi mangkono, tetembungan, upamané, atiku, manah kula, panggalih panjenengan ora prayoga yèn disalini wardayaku, kalbu kula, prana panjenengan, lan sapituruté.
MANGKÉ-SAMANGKÉ
Tembung mangké lan samangké iku mèh padha pakecapané. Bédané, tembung mangké tanpa anasir pakecapan sa-, déné samangké mengku anasir pakecapan sa-. Katone ing lair, bleger utawa wujudé tembung mangké lan samangké iku ana irib-iribé karo tembung, upamané, èstu—saèstu, sana—sasana, lan nadyan—sanadyan. Tembung éstu, sana, lan nadyan blegeré iku mèmper karo tembung mangké, yaiku tanpa mengku anasir pakecapan sa-, déné blegeré tembung saèstu, sasana, lan sanadyan mèmper karo tembung samangké, yaiku mengku anasir pakecapan sa-.
Tembung èstu lan saèstu kalebu éwoning tembung krama lan loro-loroné mengku teges padha, yaiku (1) ’sida’ utawa (2) ’temenan’, ’nyata’.
Contoné, ing ukara mangkéné.
- Tembung èstu lan saèstu kang mengku teges ’sida’.
- 1a. Panjenengan kala wingi saèstu mundhut komputer?
- 1b. Panjenengan kala wingi èstu mundhut komputer?
- Tembung èstu lan saèstu kang mengku teges ’temenan’ utawa ’nyata’.
- 2a. Larénipun pinter saèstu.
- 2b. Larénipun pinter èstu.
- 3a. Kadadosan punika saèstu wonten.
- 3b. Kadadosan punika èstu wonten.
Tembung sana lan sasana, loro-loroné, mengku teges (1) ’papan’, ’panggonan’, utawa (2) ’palinggihan’. Tembung iki lumrahé dianggo ing basa susastra utawa basa rinengga. Contoné, mangkéné.
- Tembung sana lan sasana kang mengku teges ’papan’ utawa ’panggonan’.
- 1a. Sang Nata manjing sasana bujana arsa andrawina kaliyan ingkang garwa.
- 1b. Sang Nata manjing sana bujana arsa andrawina kaliyan ingkang garwa.
- B. Tembung sana lan sasana kang mengku teges ’palinggihan’.
- 2a. Pangantèn sarimbit lenggah ing sasana rinengga ….
- 2b. Pangantèn sarimbit lenggah ing sana rinengga ….
Tembung nadyan lan sanadyan klebu éwoning tembung krama ngoko. Teges lan panganggoné tembung loro iku padha, yaiku minangka “tembung pangiket kang nerangaké yèn prakara kang sinebut ing candhaké mengku surasa luwih (banget, ora lumrah, lan sapituruté) éwadéné meksa …”.
Contoné, ing ukara mangkéné.
- 1a. Sanadyan omahé adoh meksa diparani amarga péngin ketemu.
- 1b. Nadyan adoh omahé meksa diparani amarga péngin ketemu.
- 2a. Dhimas, sanadyan colok lintang sambung obor mangkata ing dina iki!
- 2b. Dhimas, nadyan colok lintang sambung obor mangkata ing dina iki!
Bèbèran ringkes iki mratélakaké manawa tembung èstu—saèstu, sana—sasana, lan nadyan—sanadyan mengku teges padha utawa mèh padha lan panganggoné bisa digawé lira-liru. Déné kang mbédakaké tumrap panganggoné tembung-tembung mau mung dumunung ing leléwaning basa. Tembung èstu, sana, lan nadyan kelumrah dianggo ing pakecapan utawa ukara kang semu ringkes, déné tembung saèstu, sasana, lan sanadyan dianggo ing pakecapan utawa ukara kang sarwa genep.
Bokmanawa amarga wujud utawa blegeré tembung mangké lan samangké iku mèmper utawa ana irib-iribé karo tembung èstu—saèstu, sana—sasana, lan nadyan—sanadyan, ora mokal yèn banjur ana panganggep manawa tembung mangké lan samangké mau mengku teges padha utawa mèh padha kang satemah banjur [ 88 ]dianggo kanthi lira-liru. Conto panganggoné tembung mangké lan samangké kang lira-liru iku, mangkéné.
- “Samangké saweg pukul tiga”, wangsulanipun anak kula,”pukul gangsal mangké”
- “Samangké saweg pukul tiga”, wangsulanipun anak kula, “ pukul gangsal samangké”.
- “Mangké punika saweg pukul tiga”, wangsulanipun anak kula, “ pukul gangsal samangké”.
- “Mangké punika saweg pukul tiga”, wangsulanipun anak kula, “ pukul gangsal mangké”.
Panganggoné tembung mangké lan samangké kang kapacak ing ukara b, c, lan d iku satemené ora bener . Liré, tembung mangké iku kalebu éwoning tembung krama kanggo ngramakaké tembung mengko kang tegesé ‘wektu kang tumuli bakal kelakon’ utawa ‘sadhela engkas’, padha karo tembung nanti ing basa Indonesia. Déné tembung samangké iku tembung krama kanggo ngramakaké tembung samengko kang tegesé ‘saiki’ utawa ‘ing wektu iki’, padha karo tembung sekarang ing basa Indonesia. Kanthi mangkono, panganggoné tembung mangké lan samangké kang bener dumunung ing ukara a. Conto liyané, mangkéné.
- Samangké mugi wonten kaparengipun Bapak … paring ular-ular dhumateng putra pinangantèn sarimbit minangka sanguning gesang bebrayan ing samadyaning masyarakat mangké.
- Kawontenaning jaman punika tansah éwah gingsir. Gangsal taun, langkung-langkung sadasa taun malih mangké, temtu kawontenanipun boten badhé sami kaliyan kawontenan ing wekdal samangké punika.
KRAMA INGGIL LAN KRAMA ANDHAP
Kajaba tembung mènèhi, ana tembung nyukani, maringi, lan nyaosi. Tembung papat iku mengku teges padha, yaiku ‘awèh … marang’. Bédané, mènèhi kalebu éwoning tembung ngoko, nyukani kalebu tembung krama, déné maringi lan nyaosi kalebu éwoning tembung krama inggil. [ 89 ]Kaya wis kasumurupan manawa tembung kang kalebu éwoning tembung ngoko kuwi lumrahé dianggep mengku rasa lugu utawa lumrah, tembung krama dianggep mengku rasa urmat, lan tembung krama inggil dianggep mengku rasa urmat banget. Tembung-tembung ngoko kuwi kalumrah dianggo ing guneman utawa caturan marang sapadha-padha kang wis kulina banget, marang wong kang kaprenah enom (marang anak putu, murid, sadulur enom, lan sapituruté), utawa dianggo yèn ngunandika. Tembung-tembung krama kang lumrahé dianggo ing guneman kanthi ancas ngajèni utawa ngurmati marang wong kang diajak guneman, kayata, gunemané wong enom marang wong tuwa, murid marang guruné, padha-padha kanca kang durung pati kulina, lan sapituruté. Déné tembung-tembung krama inggil lumarahé dianggo ing guneman kang ngajèni banget utawa ngurmati banget marang wong kang diajak guneman utawa wong kang digunem.
Ing dhuwur wis disebut yèn tembung maringi lan nyaosi kuwi kalebu éwoning tembung krama inggil. Sanadyan mangkono, panganggoné tembung loro kuwi ora padha. Tembung maringi lumrahé dianggo ngajèni utawa ngurmati banget kanthi nginggilaké wong kang diajak guneman (wong II utawa madyama purusa) utawa wong kang digunem (wong III utawa pratama purusa), tembung nyaosi dianggo ngajèni utawa ngurmati banget marang wong kang diajak guneman (wong II utawa madyama purusa) utawa wong kang digunem (wong III utawa pratama purusa) kanthi ngasoraké utawa ngandhapaké awaké dhéwé wong kang ngajak guneman mau (wong I utawa utama purusa). Kanthi mangkono, tembung maringi banjur diarani tembung krama inggil, déné nyaosi diarani tembung krama andhap. Conto panganggoné tembung maringi lan nyaosi iku, mangkéné.
- Panganggoné tembung krama inggil maringi
- Wong kang guneman (wong I utawa utama purusa) ngluhuraké wong kang diajak guneman (wong II utawa madyama purusa).
- Manawi wonten kaparengipun, sapunika panjenengan maringi dhumateng kula arta sapalihipun regi montor punika, déné sapalihipun saged panjenengan cicil.
- Wong kang guneman (wong I utawa utama purusa) ngluhuraké wong kang digunem (wong III utawa pratama purusa).
Nuwun sèwu, Pak Lurah, Pak Carik kala wingi sampun maringi arta Rp10.000,00 dhumateng kula. - Utama purusa (wong I) ngluhuraké pratama purusa (wong III) lan nganggep lumrah marang madyama purusa (wong II).
Panjenenganipun Pak Lurah punapa dèrèng maringi arta dhumateng panjenengan? - Utama purusa (wong I) ngluhuraké madyama purusa (wong II) lan nganggep lumrah marang pratama purusa (wong III).
Panjenengan kala wingi rak sampun maringi arta Rp20.000,00 dhumateng adhi kula. Dados, panjenengan sapunika kantun maringi Rp1.000,00 malih. - Utama purusa (wong I) ngluhuraké pratama purusa (wong III) lan nganggep lumrah marang pratama purusa (wong III) liyané amarga pratama purusa siji lan sijiné béda pangkaté, umuré, lan sapituruté.
Panjenenganipun Bapak Camat sampun maringi arta dhumateng Bapak Lurah kanggé wragad ndandosi margi ingkang pedhot amargi katerak banjir seminggu kepengker.
- Wong kang guneman (wong I utawa utama purusa) ngluhuraké wong kang digunem (wong III utawa pratama purusa).
- B. Panganggoné tembung krama andhap nyaosi
- Utama purusa (wong I) ngandhapaké (ngasoraké) awaké dhéwé kanggo ngluhuraké madyama purusa (wong II).
Wigatosipun, sowan kula mriki punika nyaosi kabar dhumateng panjenenganipun bilih ….
- Utama purusa (wong I) ngandhapaké (ngasoraké) awaké dhéwé kanggo ngluhuraké madyama purusa (wong II).
- Utama purusa (wong I) ngandhapaké awaké dhéwé kanggo ngluhuraké pratama purusa (wong III).
Kula sampun nyaosi kabar dhumateng tiyang sepuhipun laré punika. - Utama purusa ngandhapaké (ngasoraké) madyama purusa (wong II) kanggo ngluhuraké marang pratama purusa (wong III).
Panjenengan sampun nyaosi kabar dhumateng Bapak Lurah punapa dèrèng? - Utama purusa ngandhapaké pratama purusa (wong III) kanggo ngluhuraké madyama purusa (wong II).
Piyambakipun (adhi kula, sadhèrèk kula, murid, lan sapitiruté) punapa dèrèng nyaosi kabar dhumateng panjenengan? - Utama purusa (wong I) ngandhapaké pratama purusa (wong III) kanggo ngluhuraké pratama purusa (wong III) liyané amarga béda pangkaté, umuré, lan sapituruté.
Bapak RT ugi sampun nyaosi kabar dhumateng Bapak Lurah.
- Utama purusa (wong I) ngandhapaké awaké dhéwé kanggo ngluhuraké pratama purusa (wong III).
Tembung-tembung krama inggil kang ana tembungé krama andhap kaya mangkono kuwi (maringi–nyaosi) satemené ora akèh. Déné conto liyané mangkéné.
Ngoko/Krama Ngoko: | Krama: | Krama Andhap: | Krama Inggil: |
takon | takèn | nyuwun priksa | ndangu; mundhut priksa |
njaluk | nedha | nyuwun | mundhut |
ngundang (KN) | - | ngaturi | nimbali |
akon | akèn | ngaturi | dhawuh |
nyilih | nyambut | nyuwun ngampil | mundhut ngampil |
KINABEKTÈN—BINEKTÈNAN—KABINEKTÈNAN
Ana sutresna Puspa Rinoncé kang mundhut priksa bab tembung kinabektèn, binektènan, lan kabinektènan. Anggoné mundhut [ 92 ]priksa bab iki jalaran panjengané asring nyumurupi juru sesorah utawa panatacara kang darbé lagéhan, pakulinan, utawa kamareman dhéwé-dhéwé. Ana juru sesorah utawa panatacara kang kulina migunakaké tembung kinabektèn, ana kang seneng migunakaké tembung binektènan, lan ana uga kang seneng nganggo tembung kabinektènan. Banjur endi kang bener, trep, utawa luwih prayoga?
Tembung kinabektèn, binektènan, lan kabinektènan iki kabèh kadhapuk saka tembung lingga bekti kanthi pangrimbag kang béda-béda. Tembung bekti asalé saka tembung Sanskerta bhakti kang mengku teges ’tresna asih’, ing basa Jawa Kuna utawa basa Kawi sumambung tumekané basa Jawa saiki. Lèrèging pakecapan, tembung bhakti banjur dadi bakti lan pungkasané dadi bekti ’urmat’, setya tuhu’, ’sungkem banget’.
Tembung bhakti ing basa Jawa Kuna (Kawi) kalebu éwoning tembung lingga. Tembung iki bisa digawé tembung andhahan warna-warna, kayata: mabhakti (ma- + bhakti) ’asung pakurmatan’, ’asung bekti’, ’setya tuhu’, kabhaktin (ka- + bhakti + -n) ’pakurmatan’, ’kasetyan’, ’tresna asih’, lan kinabhaktyan (kina- + bhakti + an) utawa kinabhaktin (kina- + bhakti + -n) ’diurmati kanthi andhap asor’, ’diurmati kanthi setya tuhu (tresna asih)’. Tembung kinabhaktyan utawa kinabhaktin iku banjur dadi kinabektèn ing basa Jawa saiki. Tembung kinabektèn tegesé ’diurmati’, ’diajèni’. Ing kéné cetha yèn tembung kinabektèn iku minangka rimbagan warisanané basa Jawa Kuna (basa Kawi). Kanthi mangkono, tembung kinabektèn iku ora luput rimbagané, satemah tetep bisa dianggo ing basa Jawa jaman saiki, mirunggané tumrap ing basa pinacak, basa rinengga, utawa basa susastra. Sanadyan ora akèh, tembung kang rimbagané sairib karo tembung kinabektèn, yaiku mawa wuwuhan kina-/-an utawa kina-/-n, iku ana tunggalé, kayata: kinamulèn ’dimemulé’, ’dimulyakaké’, kinarilan ’dililani’, ’diidini’, ’diparengaké’, lan kinajrihan ’diwedèni’, ’diéringi’.
Kajaba kinabektèn, ana uga tembung binektènan. Tembung binektènan kadhapuk saka tembung lingga bekti olèh wuwuhan [ 93 ]seselan –in- lan panambang –an. Satemené panambang –an kang diwuwuhaké mau ing sakawit awujud panambang –i. Owahé panambang –i dadi –an utawa malah dadi –anan iku kanggo ngluwesaké pakecapan. Owah-owahaning pakecapan mangkéné iki kaya-kaya wis dadi paugeran kang maton, satemah banjur ora ana wuwuhan –in-/-i. Tundhoné, ing basa Jawa saiki tembung-tembung, kayata, binektèni, tinulisi, winadhahi, pinaringi, lansineksèni, banjur dianggep ora lumrah sanadyan adhedhasar parama sastra ora luput. Déné kang dianggep lumrah, amarga trep lan luwes pakecapané, yaiku binektènan, tinulisan, winadhahan, pinaringan, lan sineksènan. Dhapukaning tembung andhahan kanthi wuwuhan seselan –in- lan panambang –an mangkono kuwi diarani rimbag tanggap na i-kriya. Kapirid saka tegesé, rimbag tanggap na i-kriya (pasif adhapur –in- + lingga + -an) iku mèh padha karo rimbag tanggap pratama purusa tegesé mèh padha karo tegesé tembung dibektèni, yaiku ’diurmati (diajèni) kanthi andhap asor’, ’disungkemi banget’. Bédané, dibektèni dianggep tembung lumrah, tembung binektènan dianggep tembung éndah, ngengreng, bregas, satemah banjur kelumrah dianggo ing basa pinacak, basa rinengga, utawa basa susastra.
Pungkasan, bab tembung binektènan. Kapirid saka wujudé, tembung iki kadhapuk saka tembung lingga bekti kawuwuhan seselan –in- lan panambang –an (tanggap na i-kriya) dadi binektènan, sabanjuré binektènan olèh wuwuhan manèh ater-ater ka- dadi kabinektènan. Manut paugeran, ater-ater ka- iku klebu ater-ater kanggo ndhapuk tembung tanggap pratama purusa kayadéné ater-ater di- utawa seselan –in-. Mula saka iku, tembung katulis, upamané, tegesé mèh padha karo ditulis utawa tinulis, kagawa tegesé mèh padha karo digawa utawa ginawa, katimbalan tegesé mèh padha karo ditimbali utawa tinimbalan, lan kabektènan (dudu kabinektènan) tegesé padha utawa mèh padha karo dibektèni utawa binektènan. Kanthi mangkono, kabinektènan iku kena diarani tembung dhapukan tanggap kang rangkep kang yèn disurasa lan disalini kanthi tembung lumrah padha karo didibektèni. Pancèn [ 94 ]ana tembung kang dhapukané sairib karo kabinektènan, upamané kasinungan ’diwènèhi’, ’kadunungan’. Tembung kasinungan kadhapuk saka sinung ’diwènèhi’ kawuwuhan ka-/-an lan sinung dhéwé asalé saka sung ’awèh’ kawuwuhan seselan –in-. Sanadyan padha-padha tembung dhasar, sinung ing tembung kasinungan lan binektènan ing tembung kabinektènan iku ora padha arané: sinung kalebu tembung lingga kang kelumrah diarani lingga andhahan, binektènan ora kena diarani tembung lingga. Dadi, tembung kabinektènan iku pandhapuké ora trep karo paugeraning parama sastra lan prayogané ora dianggo.
Kanthi bèbèran ringkes iki bisa disumurupi manawa tembung kinabektèn lan binektènan iku pandhapuké kabèh bener (manut paugeran kabinektènan ora trep karo paugeran). Tembung kinabektèn kadhapuk nganggo paugeran lawas (Jawa Kuna) lan pandhapuking tembung kaya mangkéné iki (kanthi wuwuhan kina- + -an) mung lumaku tumrap tembung-tembung tartamtu. Déné tembung binektènan, sanadyan uga nganggo paugeran kang wis ana wiwit jaman basa Jawa Kuna, ananging paugeran mau isih kaprah tumekané jaman saiki lan akèh tembung-tembung kang bisa kadhapuk kanthi cara mangkono mau (kanthi wuwuhan –in- + -an). Awit saka iku, tembung kinabektèn lan kinabektènan bisa dianggo manut kasenengan, mirunggané ing basa pinacak.
TEMBUNG KRAMA, NGOKO, LAN KRAMA INGGIL
Durung suwé iki panulis nyumurupi ana bocah nom-noman mlebu ing toko. Sajaké wong kang duwé toko wis tepung becik marang bocah nom-noman mau, katitik anggoné nanggapi katon rumaket, mangkéné.
- + : “Arep mundhut apa, Mas Ar?”
- - : “Anu, … plèster, Bu.”
- + : “Kok mundhut plèster, … kagem apa?”
- - : “Niki, … wau ngrèmpèli pang pelem malah asta kula kebacuk.” [ 95 ]Kapirid saka anggoné ngetrapaké tembung, bocah nom-noman kang disebut Mas Ar iku ketara yèn durung dhamang (durung mengerti temenan) cak-cakan unggah-ungguhing basa. Tembung asta, upamané, déning bocah nom-noman mau dianggo tumrap awaké dhéwé (wong I utawa utama purusa). Kang mangka, tembung asta kuwi kalebu éwoning tembung krama inggil. Miturut paugeraning unggah-ungguh, tembung krama inggil iku mung kelumrah dianggo ngajèni (ngluhuraké utawa nginggilaké) wong kang diajak guneman (wong II utawa madyama purusa) utawa wong kang digunem (wong III utawa pratama purusa) kang pantes diurmati. Kajaba panjenengané ratu (kalebu ratu ing wayang utawa kethoprak), wong guneman (wong I utawa utama purusa) kang migunakaké tembung krama inggil tumrap awaké dhéwé kuwi ora prayoga lan kena diarani degsura (ora ngerti tata krama).
Wus disumurupi ing akèh manawa tembung asta kuwi minangka tembung krama inggil, yaiku krama inggilé tembung tangan . Déné tembung tangan iku kalebu golonganing tembung krama ngoko, yaiku golonganing tembung ngoko kang wis bisa dianggo tembung krama tanpa ngowahi utawa nyalini wujud utawa blegering tembung mau. Kanthi mangkono, tembung krama ngoko kuwi miturut pranatan ora ana tembungé krama, mung waé kala-kala ana tembungé krama inggil. Mulané, miturut pranatan uga, yèn tembung krama ngoko iku dikramakaké, tembung kramané kena diarani krama enggon-enggonan (dhialèk). Mesthi waé, tembung krama ngoko iku béda karo tembung ngoko. Jalaran, saben tembung ngoko kuwi lumrahé mesthi ana tembungé krama lan kala-kala uga ana tembungé krama inggil utawa krama andhap. Contoné, mangkéné.
Ngoko: | Krama: | Krama Inggil: | Krama Andhap |
abang | abrit | - | - |
arep | ajeng | kersa | - |
mèlu | tumut | - | ndhèrèk |
awèh | suka | paring | caos |
nyukani | maringi | nyaosi |
Bèbèran cekak iki bisa digawé dudutan, mangkéné.
- Tembung krama ngoko iku golonganing tembung ngoko kang wis bisa dianggo ing guneman tataran krama tanpa ngowahi utawa nyalini wujudé tembung kasebut.
- Tembung krama ngoko ora ana tembung kramané, mung waé kala-kala ana tembungé krama inggil.
- Tembung krama ngoko ora perlu dikramakaké. Yèn dikramakaké, tembung kramané kalebu tembung krama enggon-enggonan (dhialèk).
- Tembung krama inggil, kalebu tembung-tembung krama inggilé tembung krama ngoko, mung kelumrah dianggo ngajèni (nginggilaké, ngluhuraké) liyan kang pantes diurmati (wong II utawa wong III). Tembung krama inggil yèn dianggo tumrap awaké dhéwé (wong kang guneman, utama purusa, utawa wong I) kena diarani nyebal saka pranatan, satemah wong kang nganggo tembung mau dianggep degsura (kajaba panjenengané ratu).
Tembung-tembung kang kalebu éwoning tembung krama ngoko kuwi akèh cacahé, sapérangan ana tembungé krama inggil lan sapérangan gedhé ora ana. Ing ngisor iki conto sawatara tembung krama ngoko kang ana krama inggilé.
Krama Ngoko: | Krama Inggil: |
adhi | rayi |
adus | siram |
balung | tosan |
bangkèkan | madya; pamekak |
cangkem | tutuk |
clana; kathok; sruwal | lancingan |
dadah; ndadah | ginda, ngginda |
dolan | ameng-ameng |
entut | sarip |
BASA KRAMA INGGIL KANG ORA PENER PANGANGGONÉ
Tulisan iki kababar adhedhasar panalitèn bab kanyatan panganggoné basa krama déning bocah-bocah saiki. Panalitèn mau asesirah “Pemakaian Basa Krama pada Anak-Anak Sekarang: Studi Kasus” (1995).
Bab panganggoné basa krama iku kalebu babagan undha-usuking basa. Ing wektu iki ana kaanan basa kang rada katon menjila, yaiku panganggoné basa krama inggil kang asring dienggo mbasakaké awaké dhéwé (ngramakaké awaké dhéwé). Kaanan mau bisa dipirsani nalika bocah-bocah saiki guneman utawa mangsuli pitakon kang migunakaké basa Jawa krama. Ing ngisor iki diaturaké tuladha pethilan tuturan (ukara) minangka wangsulan kang dituturaké déning sawenèhing bocah nalika ditakoni nganggo basa Jawa krama déning wong kang luwih tuwa.
- (1) Dalem ajeng saré kaliyan ibu kémawon.
- (2) Kula badhé dhahar rumuyin.
- (3) Wah, saweg nanggel sanget, dalem nembé siram.
- (4) Dalem ajeng ameng-ameng sekedhap.
- (5) Nuwun sèwu, badhé maringaken undhangan menika dhateng Pakdhé.
- (6) Dalem takkondur rumiyin.
Tembung-tembung kasebut (saré, dhahar, siram, ameng-ameng, maringaken, lan kondur) klebu basa krama inggil utawa krama alus. Basa krama inggil mau dienggo guneman utawa matur karo wong kang luwih tuwa lan diurmati. Nanging, ing kanyatan saiki, gunemé bocah-bocah kaya tuladha (1)—(6) kuwi akèh tinemu ing saben dina. Gegayutan karo bab kasebut, kita bisa mbeneraké [ 98 ]panganggoné basa krama kang ora pener kuwi kanthi cara ngganti tembung-tembung kaya ing ngisor iki:
- tembung saré ing ukara (1) diganti tembung tilem;
- tembung dhahar ing ukara (2) diganti tembung nedha;
- tembung siram ing ukara (3) diganti tembung adus;
- tembung ameng-ameng ing ukara (4) diganti tembung mlampah-mlampah;
- tembung maringaken ing ukara (5) diganti tembung ngaturaken;
- tembung kondur ing ukara (6) diganti tembung mantuk utawa wangsul; lan
- tembung dalem ing ukara (1), (3), lan (6) diganti tembung kula.
Muga-muga rembug sapala iki ana gunané tumrap para maos.
KANYATA – KABUKTI
Tembung kanyata lan kabukti kaya kang kacetha ing dhuwur mau kerep tinemu ing basa Jawa saiki. Tembung-tembung mau asring tinemu ing kalawarta Jaka Lodhang lan Mekar Sari utawa rinungu saka pawarta basa Jawa Yogya Warta ing Televisi Ngayogyakarta. Tuladha panganggoné tembung-tembung mau kang kapethik saka kala warta Mekarsari kaya kacetha ing ngisor iki.
- 1) Kabukti sasuwené iki wis ora tau metu pari varietas anyar (MS 16: 13-6- 1997:4).
- 2) Trap-trapané JBM ing Trimurti, sing éntuk dukungan masyarakat, utamané kalangan pendidik, kanyata éntuk pangalembana saka Pemerintah Prop.DIY (MS 15:6-6- 1997:21).
Ukara-ukara ing dhuwur mau apa ya ukara kang njawani tenan? Manut pandugaku, ukara mau dudu ukara Jawa, nanging ukara basa Indonesia kang tembung-tembungé nganggo tembung Jawa. Liré, ukara-ukara ing dhuwur mau, polané ukara [ 99 ]basa Indonesia, nanging tembung-tembungé Jawa. Mula, dadiné, tumrap priyayi sepuh utawa priyayi kang pana marang basa Jawa, ukara mau isih krasa banget yèn iku ukara basa Indonesia. Mungguh ukara basa Indonesiané, manut pandugaku kaya ing ngisor iki.
- 1a) Terbukti selama ini sudah tidak pernah keluar padi varietas baru.
- 2a) Pelaksanaan JBM di Trimurti, yang mendapat dukungan masyarakat, khususnya kalangan pendidik, ternyata mendapat penghargaan dari Pemerintah Prop.DIY.
Tembung kabukti lan kanyata ing dhuwur mau minangka jarwan saka tembung basa Indonensia terbukti lan ternyata. Mungguh nalar-nalaré kepriyé déné tembung basa Indonesia terbukti lan ternyata dadi tembung kabukti lan kanyata iku?
Ing basa Indonesia, ater-ater ter- utawa awalan ter- ing basa Indonesiané, duwé teges, antara liya, ’ora kanthi kasengaja’. Upamané tembung terbawa, terpukul, terinjak ateges ‘ora sengaja digawa, ora sengaja diantem, ora sengaja dipidak’. Ater-ater ter- ing basa Indonesia mau kang maknané ora kanthi sengaja ing basa Jawa padha karo ater-ater ke- utawa ka- (ka- dudu ater-ater tanggap ing rimbag tanggap ka-kang ateges di -). Mula, terbukti lan ternyata mau dijawakaké dadi kabukti lan kanyata. Kang mangka, tembung Jawa bukti, saliyane ateges ’cihna’, uga ateges ‘pangan’. Mulané, kabukti bisa uga ana kang negesi ‘kapangan’. Mungguh ing tembung Jawa kang tegesé padha karo terbukti lan ternyata, yaiku buktiné lan nyatané. Dadi, ukara mau supaya katon Jawané bisa dibeneraké kaya ing ngisor iki.
- 1b. Buktiné, nganti sawetara wektu iki ora metu manèh pari varietas anyar.
- 2b. Tumindaké JBM mau ing Trimurti, kang éntuk panyengkuyung déning masyarakat, mliginé kalangan pendhidhik, nyatané éntuk bebungah saka Pamaréntah Prop.DIY.
- Wayang wong Sriwedari mujudaké salah sijiné asèt kabudayan Jawa (MS.15: 6-6-1997:36)
- Wong 25 mujudaké guru SD ing désa kepencil lan sing ditugasaké ing Sléman wong 1... lan Gunung Kidul 65 (MS 15: 6-6-1997:31).
- Wus disumurupi ing akèh manawa tembung asta kuwi mujudaké tembung krama inggil, yaiku krama inggilé tembung tangan.
- Ing kéné cetha yèn tembung kinabektèn iku mujudaké tembung rimbagan warisanané basa Jawa Kuna (basa Kawi).
Tembung mujudaké ing ukara dhuwur mau, saliyané tinemu ing kalawarta basa Jawa uga asring kapireng ing Yogya Warta, pawarta basa Jawa kang kagiyaraké lantaran televisi Yogyakarta.
Manut pangrimbagé, tembung mujudaké asal saka tembung lingga wujud olèh ater-ater hanuswarta (h)am lan panambang –aké. Rimbagé diarani rimbag tanduk ké-kriya. Mungguh rimbag tanduk ké-kriya tumrap tembung andhahan mujudaké mono ngemu teges ‘njalari ana wujudé’ utawa ‘ndadèkaké ana wujudé’. Dadi, upama tembung mujudaké ing ukara mau ditegesi kaya mangkono, dadiné ukara kaya ing ngisor iki.
- 1a. Wayang wong Sriwedari ndadèkaké/njalari ana wujudé salah sijiné asèt kabudayan Jawa.
- 2a. Wong 25 ndadèkaké/njalari ana wujudé guru SD ing désa kepencil lan sing ditugasaké ing Sléman wong 1 ... lan Gunung Kidul 65.
Bareng ditegesi kaya tegesé rimbagé tembung mau, rak cetha banget yèn ukara mau katon ora bener. Lan, ya dudu iku kang dikersakaké kang nulis/nyusun pawarta ing kalawarta utawa ing pawarta mau. Manut pandugaku, apa sing dikersakaké déning kang nulis pawarta mau, sajaké, yèn basa Indonesiané mono kaya ukara ing ngisor iki. [ 101 ]
- Wayang orang Sriwedari merupakan salah satu aset kebudayaan Jawa.
- Dua puluh lima orang merupakan guru SD di desa terpencil dan yang ditugaskan di Sleman seorang ... dan di Gunung Kidul 65 orang.
Yèn sing dikersakaké kang nulis utawa ngrakit pawarta kaya mangkono, jarwané ing basa Jawa ora bakal kaya ukara 1) lan 2). Sajaké panganggit ndasanamakaké (menyinonimkan) tembung rupa mau karo tembung wujud, sabab, yèn dijarwakaké nganggo tembung rupa tembungé andhahan dadi ngrupakaké dhumpyuh karo tembung rupak ‘sempit’ mula banjur didasanamakaké kanthi tembung wujud (kebeneran tembung wujud ing basa Indonesia lan Jawa padha). Mungguh jarwan kang trep tumraping tembung wujud ing ukara dhuwur mau, ora liya ya minangka utawa pinangka. Dadi, ukara mau bisa diganti dadi kaya ing ngisor iki.
- 1b. Wayang wong Sriwedari mono minangka/pinangka salah sijiné asèt kabudayan Jawa.
- 2b. Wong 25 mau minangka/pinangka guru SD ing désa kang adoh lor kidul. Lan, sing ditugasaké ing Sléman wong siji ..., ing Gunung Kidul wong 65.
- 3b. Wus disumurupi ing akèh manawa tembung asta kuwi minangka/pinangka tembung krama inggil, yaiku krama inggilé tembung tangan.
- 4b. Ing kéné cetha yèn tembung kinabektèn iku minangka/pinangka tembung rimbagan warisanané basa Jawa Kuna (basa Kawi).
Déné panganggoné tembung mujudaké mau kang pas kaya ukara ing ngisor iki.
- Kanggo mujudaké gegayuhané kang luhur mau, dhèwèké kudu nglakoni pandadaran kang abot.
- Pancèn ora gampang mujudaké gegayuhan kang dianggep aèng déning bebrayan agung. [ 103 ]SASTRA
CRITA CEKAK SATLÉRAMAN
Crita cekak itu minangka subgenre (cakrik) sastra adhapur gancaran. Crita cekak iki wis oleh kawigatèn gedhé saka masyarakat temah kalawarti basa Jawa, kayata, Mekar Sari, Djaka Lodhang, Panjebar Semangat, lan Djaya Baya saben nomeré mesthi ngemot crita cekak. Kejaba kuwi, saiki uga wis ana antologi crita cekak kang kacithak, kayata, Pangilon Panjurung, Rembulan Padhang ing Ngayogyakarta, lan Mutiara Sagegem.
Cakrik sastra adhapur ganjaran iki diarani ‘crita cekak’ amarga isi utawa critané pancèn ya mung cekak. Miturut Hudson, crita cekak iku bisa rampung diwaca sekali duduk. Crita cekak béda karo novèl utawa roman. Novèl utawa roman nggarap seri crita (èpisode-èpisode) lelakoné paraga (tokoh), yèn crita cekak mung nggarap salah sajining seri crita (èpisode) lan kang digarap uga mung sakiwatengené paragatama mau. Sanajan mangkono, dhapuring crita cekak ora béda karo novèl utawa roman, yaitu ana lataring crita, gegelitaning crita (alur), paraga, téma, lan pirantining crita liyané.
Jumedhuling crita cekak ing sastra Jawa iku ing taun 1930-an lumantar kalawarti Kadjawèn lan Panjebar Semangat. “Djedjodowan Woeroeng” ing rubrik “Panglipoer Manah” (Kadjawèn, 1930) minangka prototipe crita cekak sepisanan kang kababar. Di arani [ 104 ]prototipe (modhèl utawa wujud kang kawitan) jalaran crita mau satemené durung bisa diarani crita cekak temenen, amarga anasiring crita durung digarap kanthi tlesih. Kalawarti Kadjawèn ing taun-taun candhaké ngemot crita kang wujudé cekak ing rubrik “Dongèng Cekak” lan “Carijos Cekak”.
Kang kawitan nganggo jeneng “crita cekak” iku kalawarti Panjebar Semangat (20 Januari 1934) ing crita “Gara-garané Main Kertu” anggitané Srikanah. Wiwit taun 1936 kalawarti mau banjur wis mantep migunakaké jeneng “crita cekak” ing rubriké.
Ing jaman Jepang kalawarti Pandji Poestaka-kalawarti kang kawetokaké déning Balai Pustaka, kang wektu kuwi dadi corong propagandhané pamaréntah Jepang-uga ngemot crita cekak. Crita cekak mau lumrahé nyritakaké semangat perjuwangan ngadhepi Sekutu, upamané, “Tanggap lan Tandang ing Garis Wingking” karangané Poerwadhie Admodiharjo lan “Njuwun Pamit Kjai” karangané Soebagijo Ilham Notodidjojo.
Cerita cekak urip ngrembaka sawisé kamardikan, bebarengan karo ngrembakané kalawarti basa Jawa, kaya ta, Penjebar Semangat, Djaja Baya, Tjrita Cekak, Kekasihku, Tjendrawasih, Waspada, lan Praba, kang ngemot crita cekak mau. Kejaba kuwi, para prangripta mudha ing wektu semana uga akèh kang ngripta crita cekak. Kanthi mangkono, ngrembakané crita cekak iku disengkuyung déning “penerbit”, prangripta, lan masyarakat (wong kang maca crita cekak mau).
Ing tahun 1950-an prangripta crita cekak iku cacahé puluhan. Prangripta crita cekak kayata, Subagijo Ilham Notodidjojo, Poerwadhie Atmodhihardjo, Soedharma K.D., R. Noegroho, Satim Kadarjono, Soemarno, Liamsi (Ismail), Hasdi Kaswadhi, lan St. Iesmaniasita.
Ing taun1960-an pangripta crita cekak saya tambah akèh. Kajaba pagripta kang wis kasebut mau, ana manèh pagripta, kayata, Rakhmadi K., Tamsir A.S., Esmiet, Susilamurti, Anie Soemarno, Trim Sutedjo, Muryalelana, Lesmanadewa Purbakusuma, Hardjana Hp., Maryunani Purbaya, Is Jon, Herdian [ 105 ]Suarjono, Widi Widayat, lan Suparto Brata. Déné ing taun 1970-an pangripta anyar kang uga mèlu nggrengsengaké mekaring crita cekak, ing antarané, A. Y. Suharyono, Kuswahyo SS Raharjo, Djaimin K., Ragil Suwarno Pragolapati, Khrisna Mihardja, Husen Kertanegara, Suwardi Endraswara, Kenya Giriseta (Rita Nuryanti).
Crita cekak asiling para pangripta mau ana kang wis mlebu ing jagating suréalis (njaban kanyatan). Khrisna Mihardja, upamané, pangripta crita cekak kang onjo ing babagan karya suréalis, asil karyané wis ana kang dijarwakaké ing basa Indonesia lan kapacak ing Kompas lan Horison. Bab iki ora ateges yen asiling cipta ripta kang asipat suréalis iku luwih moncèr tinimbang wohing cipta ripta kang asipat réalis (crita bab kang nyata/kanyatan). Kang cetha, wohing cipta ripta kang asipat réalis lan suréalis iku kabèh becik lan bisa muwuhi kasugihaning kasusastran Jawa. Muga-muga crita cekak antuk papan kang becik ing jagating kasusastran Jawa, tetep disenengi déning masyarakat, lan tetep ngrembaka ing tembé mburiné.
GEGURITAN
Tembung geguritan utawa guritan iku asalé saka tembung lingga gurit. Tembung gurit mengku teges ‘tulisan tatahan‘, ‘kidung‘, utawa ‘tembung‘. Kanthi mangkono, geguritan (guritan) bisa ditegesi ‘tulisan (karangan) kang awujud tembang‘. Kapirid saka wujud lan isiné, geguritan iku bisa kapérang dadi loro, yaiku geguritan gagrag anyar utawa geguritan modhèrn lan geguritan gagrag lawas.
Geguritan gagrag lawas (geguritan tradhisional) iku darbé paugeran mangkéné.
- (1) Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithik-sathithiké ana patang gatra (patang larik).
- (2) Cacahing wanda saben gatrané ajeg, yaiku ana wolung wanda.
- (3) Dhongdhingé swara ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara (kaya syair ing kasusastran Melayu/Indonesia).
- (4) Geguritan iki lumrahé dipurwakani nganggo tetembungan sun anggurit
- (5) Geguritan gagrag lawas lumrahé isi piwulang, upamané, bab tata krama.
Conto geguritan gagrag lawas.
Sun-gegurit
Kaanan jaman saiki
sipat pemudha-pemudhi
srawungané saya ndadi
raket wewékané sepi
tan kadi duk jaman nguni
srawung sarwa ngati-ati
Yèn manut wasitèng kuna
priya srawung lan wanita
gampang ketaman panggodha
nerak ing laku susila
temah darbé jeneng ala
wasanané tibèng papa
Geguritan kang dipethik iki dhapukané mèmper tembang Girisa (arané tembang gedhé). Ananging, sanajan bisa ditembangaké, geguritan iku ora kalebu tembang macapat, tembang tengahan, utawa tembang gedhé.
Geguritan gagrag anyar utawa geguritan modhèrn iku wujudé wis béda karo geguritan gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya paugerané geguritan gagrag lawas. Jalaran geguritan iki wujudé mèmper karo puisi bébas ing kasusastran Indonesia, mula geguritan gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bébas”. Ananging, [ 107 ]owah-owahan saka geguritan gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku dumadi kanthi prosès.
Pangripta kang miwiti nulis geguritan gagrag anyar iku R. Intojo (pangripta susastra Indonesia Angkatan Pujangga Baru). Conto geguritan gagrag anyar anggitan R. Intojo iku mangkéné.
DAYANING SASTRA
R. Intojo
Tembung kang ginantha lelarikan,
Tinata binaris kadya bata,
Sinambung pinutung manut ukuran,
Dene banjur kasinungan daya !
Kumpulé bata dadi yayasan,
Aweh nggon apik, brukut, santosa,
ngepénakaké wong urip bebrayan,
samono dayaning bata tinata.
Gegedhongan tembung kang mawa isi,
Katiyasané ngungkul-ungkuli,
Wohing laku, pamikir, lan pangrasa,
Para empu, pujangga, sarjana.
Simpen, ginebeng ing gugubahan,
Mawindu-windu dadi turutan.
(Kajawèn, nomer 26, 1 April 1941)
Geguritan iki wis ora nganggo pambuka “sun-gegurit” lan cacahing gatra saben sapadané dalah cacahing wanda saben gatrané ora ajeg. Éwa semono, geguritan mau durung kena diarani mardika temenan jalaran isih nganggo paugeran kaya paugeraning sonéta ing kasusastran Indonesia (gatrané ana 14, dumadi saka kuartrèin telu lan distikhon siji, purwakanthiné a-b-a-b, b-c-b-c, c-d-c-d, e-e). Kanthi mangkono, geguritan gagrag [ 108 ]anyar iku isih kaprabawan déning céngkok sonéta kang lagi kondhang ing wektu kuwi.
Déné geguritan gagrag anyar utawa modhèrn wujudé béda banget karo geguritan gagrag lawas, ora kaiket déning paugeran apa waé, klebu paugeraning sonéta. Geguritan gagrag anyar kang wis mardika iku wiwit ngrembaka ing taun 1950-an lan kapacak ing kalawarti-kalawarti basa Jawa. Contoné geguritan modhèrn mangkéné.
JAKARTA
Susilomurti
Nembé waé dakungkuraké layang pamitan
Paman aku klilan ninggal pabaratan
Nuju menyang gubug-gubug dhuwur
Kelonan gunung lan lungur
Lan esemé tanah-tanah ngaré
….
(Jaya Baya, nomer 36, 3 Mei 1964)
SUPARTO BRATA: PANGARANG JAWA KANG MANDHIRI
Sastra Jawa nalika ngancik ing taun 1950-an saya regeng amarga akèh pangarang anyar. Salah sijiné pangarang anyar iku Suparto Brata. Pangarang iki lair 16 Oktober 1932, ing Surabaya. Dhèwèké wiwit ngarang taun 1952. Karangané awujud crita cekak, novèl utawa crita sambung, sandiwara, lan ésai. Kajaba ngarang nganggo basa Jawa, panjenengané uga ngarang nganggo basa Indonesia. Wiwit taun 1952 karanganing abasa Indonesia wis dipacak ing kalawarti Kisah, Gelanggang (Siasat), Mimbar Indonesia, Genta (Majalah Merdeka), Aneka, Hidangan, Gelora Tanah Air. Karangané sing abasa Jawa kawiwitan 1958 lan kapacak ing Jaya Baya, Penyebar Semangat, Mekar Sari, Djaka Lodhang, lsp. Pangarang iki asring antuk juwara, kayata (1) Juwara Panglipur ing Sayembara Kumpulan Naskah-Naskah Sandiwara PP dan K [ 109 ]Ngayogyakarta (1958), (2) Juwara I Sayembara Crita Sambung ing Kalawarti Penyebar Semangat (1959), (3) Hadiah I Kesusastraan ing babagan prosa saka Kota Praja Surabaya (1960), (4) Juwara I Sayembara Crita Cekak saka Kalawarti Jaya Baya (1964), (5) Juwara III Sayembara Crita Cekak sing diadani majalah basa Jawa Ilmiah Populer sing diadani déning Departemen Pendidikan dan Kebudayaan (1983).
Suparto Brata kawentar saka tulisan-tulisané sing awujud crita dhétèktif, kayata Kadurakan ing Kidul Dringu, Lara Lapané Kaum Republik, Kaduk Wani, Kena Pulut, Emprit Abuntut Bedhug. Karangané Suparto Brata nduwèni ciri sing mirunggan. Titikan mau, upamané, tokoh-tokohé mesthi wong sèkèng saka pérangan fisik (awaké cilik, ora gagah) nanging onjo yèn ngrampungaké prakara. Pangarang siji iki manawa gawé crita dhétèktif muyeg lan pinter gawé suspense. Tundhoné, karya-karya anggitané akèh sing dialem apik lan para maos seneng karo crita-critané. Titikan sing mangkono mau tekan saiki tansah dipepetri. Mula, pangarang Suparto Brata bisa dadi gambaré pangarang sastra Jawa gagrag anyar sing pantes tinulad. Nalika taun 1960-an akèh pangarang Jawa sing padha nulis crita panglipur wuyung, nanging Suparto Brata ora mèlu-mèlu.
Crita-crita karangané Suparto Brata banget njawani. Upamané, novèl Kadurakan ing Kidul Dringu lan Lara Lapané Kaum Republik. Tegesé njawani yaiku karya-karyané bisa nggambaraké swasana kaluwarga sarta adat Jawa. Ing novèl loro mau Suparto Brata ngangkat konsèp namur kula. Namur kula ing kéné wong pinter (priyayi luhur) sing ora kepéngin ngétokaké pribadiné minangka wong pinter. Tokohé membaur karo wong-wong cilik lan tumindak salumrahé wong cilik. Sanajan tokohé kaya wong lumrah, nanging saka tandang lan pikirané bisa mènèhi crita marang wong pinunjul. Konsep namur kula lumrahé tinemu ing kabudayan Jawa klasik nalika jaman kraton-kraton Jawa isih mandeg lan mandhiri. Akèh para priyagung Jawa utawa ratu Jawa sing namur kula amarga kepéngin ndarmabektèkaké kawruhé marang sapadha-padha. [ 110 ]Konsèp ngono iku diangkat déning Suparto Brata ing karya-karyané.
KI PADMASUSASTRA LINGUIS JAWA
Ki Padmasusastra iku kalebu linguis (ahli basa) Jawa lan sastrawan kang kaloka ing jamané. Ki Padmasusastra luwih akèh nulis buku kang gegayutan karo basa Jawa tinimbang buku sastra Jawa.
Buku-buku karyané Ki Padamasusastra kang ngrembug basa Jawa, yaiku Layang Paramabasa (Surakarta, 1987), Serat Warnabasa (1900), Serat Pati Basa (1912), Serat Madubasa (1912), Serat Urap Sari (1896), Layang Basa Sala (1911), lan ensiklopedi kang asesirah Serat Bauwarna (1898).
Buku-buku sing kasebut iku digunakaké minangka sumber déning para pangripta buku wulangan basa lan kamus ing wektu iku.
SASTRA JAWA JAMAN JEPANG
Jepang njajah Indonesia suwéné udakara 3½ taun. Sanajan kena dipindhakaké mung saumuré jagung, nanging penjajahan mau nuwuhaké panandhang kang luwih saka kad tumrap bangsa Indonesia. Akèh wong kang nandhang lara bèri-bèri amarga kurang pangan, nganggo sandhangan saka goni amarga sandhangan kang salumrahé larang banget, lan isih akèh panandhang liyané kang disangga déning bangsa Indonesia wektu semana.
Menawa katandhing karo penjajahan sadurungé, penjajahan Jepang tetéla luwih kejem. Lan manèh, sadhéngah bab kang magepokan karo politik, ékonomi, keamanan, sosial, lan kabudayan diawasi temenan. Layang kabar, kang awujud ariwarti utawa kalawarti, kang abasa Walanda lan basa dhaérah, kalebu kang nganggo basa Jawa, dibrèdhel (ora oleh metu manèh). Kalawarti basa Jawa, kayata Penjebar Semangat lan Kadjawèn, kang nalika penjajahan Walanda minangka udyana (taman) kiprahé sastra Jawa uga dibrèdhel. Balé Pustaka, bebadan kang kalebu [ 111 ]peng-pengan nyithak lan ngetokaké buku-buku kasusastran Jawa, ditutup. Kanthi mangkono, ing wiwitané penjajahan Jepang sastra Jawa kena diupamakaké mlebu ing pepeteng banjur semaput utawa klenger, nanging ora mati.
Amrih gampang anggoné ngendhalèni Nusantara, Jepang kepéngin ngilangi basa Walanda lan basa dhaérah, kalebu basa Jawa. Kanggo gantiné, Jepang mulangaké basané, yaiku basa Jepang, marang para murid ing sekolahan-sekolahan lan marang warganing masyarakat ing padésan utawa ing kampung-kampung. Ananging pepénginané Jepang iki ora kasil kanthi becik. Ing mangka, Jepang butuh piranti propagandha perang ngadhepi Sekutu. Jepang banjur rumangsa yèn tumindak arep ngilangi basa dhaérah iku klèru amarga basa mau bisa dianggo piranti nyebar propagandha marang masyarakat, luwih-luwih masyarakat padésan. Mulané, Jepang banjur mènèhi papan mirunggan kanggo ngemot tulisané para pangarang sastra Jawa ing kalawarti Pandji Poestaka, yaiku kalawarti kang bakuné nganggo basa Indonesia.
Kanggo ngurusi tulisan utawa karangan basa Jawa kang bakal dipacak ing Pandji Poestaka mau, Jepang matah uwong, kayata, Subagio Ilham Notodijoyo, Poerwadi Admodihardjo, lan Poerwadarminta, lan wong-wong mau sabanjuré didadèkaké pegawé. Wong-wong kang kasebut iku kalebu pangarang (penulis) basa lan sastra Jawa kang peng-pengan. Ora mokal yèn tulisan kang di mot ing kalawarti mau akèh-akèhé ya tulisané wong-wong mau. Mula kondhangé pangarang sastra Jawa ing Pandji Poestaka kuwi sinebut “orang dalam” amarga kang nulis ya pegawéné kalawarti iku mau. Ananging, kepriyéa waé Pandji Poestaka kuwi kena diarani juru selamat tumrap ing sastra Jawa.
Para pangarang sastra Jawa ing jaman penjajahan Jepang kuwi kena dipindhakaké wong siji apengawak loro. Sapisan, pangarang mau dadi pegawéné Jepang kang ditrapi jejibahan nyebar propagandha supaya masyarakat gelem mbantu ngadhepi Sekutu. Kapindhoné, pangarang mau uga pérangané bangsa Indonesia kang lagi nggayuh kamardikan. Mula, asil karyané pangarang iku [ 112 ]diangkah bisa dadi pemecut tumrap masyarakat supaya gregeté nggayuh kamardikan mau saya makantar-kantar. Supaya slamet sakabèhé, rékadaya iki tansah sinamun ing karang-karangané. Tata lairé nyèngkuyung Jepang anggoné ngadhepi perang karo Sekutu, nanging sajatiné duwé karep nggugah lan ngobong semangaté masyarakat Indonesia supaya aja nganti kendho anggoné nggayuh kamardikan.
Amarga kaanan, asil karyané para pangarang ing jaman penjajahan Jepang iku ora akèh. Sastra Jawa kang kacithak awujud buku mung ana siji, yaiku novèl Trimurti anggitané Ki Lumbung (jeneng sesinglon). Novèl iki awujud besutan saka crita sinambung kang wis tau kapacak ing kalawarti Moestika, dudu crita gawéan anyar. Déné asil karangan liyané awujud crita cekak, geguritan, lan tembang macapat kang kapacak ing Pandji Poestaka.
Pangarang kang seneng nganggit tembang macapat ora akèh. Ing kéné bisa disebut, upamané, K. Goenadi nganggit tembang macapat kanthi irah-irahan Katur para Dermawan (1994) lan Bas Hadimidjojo nganggit tembang macapat kanthi sesirah Welingipun Bapa Guru (1944).
Pangarang kang sregep nganggit geguritan ing jaman Jepang, yaiku Subagio Ilham Notodijoyo. Asmané panggurit iku sok mung ditulis Subagio I.N. lan penjenengané uga asring nganggo jeneng sesinglon Satrio Wibowo, Angga Jali, Damayanti, utawa Endang Murdiningsih. Geguritan asil karyané pangarang iki akèh kang kapacak ing Pandji Poestaka, kayata, Kekasihku…, Kasampurnaning Dhiri, Biyungku, Ilat, Ginawé Pribadi, Tepa Palupi, lan Rerengganing Ngaurip. Geguritan Kekasihku …minangka wohing cipta ripta “monumèntal”. Ing geguritan iki pangarang tansah ngantu-antu tekané kamardikan tumrap bangsa Indonesia. Kamardikan mau dipindhakaké kekasih kang banget dikangeni.
Kekasihku…
Layu lesu atmaku pindha taru
Ngantu-antu nunggu tekamu
Alum tumiyung malengkung
Kucem surem tanpa sunar manguwung
…………………………………
Lan….
Sajroning aku cengklungen nganti-anti
Nora lali daksisihi santi pepuji
Ndedel mandhuwur marak Hyang Manon
Nyuwun supaya kita bisa sapatemon
…………………………………………
Ing telengé pangangen-angen
Banget nggonku kapang kangen
Kepéngin wruh wujudmu kang sanyata
Dhuh kekasihku
Kamardikan Bumi Nusantara
NOVÈL JAWA MODHÈRN PASCAKAMARDIKAN (1945-1965)
Ing Puspa Rinoncé kang kapungkur wis diandharaké babagan sastra Jawa jaman Jepang. Ing andharan iki para sutresna bisa nyimak kaananing novèl Jawa modhèrn sawisé kamardikan. Kapriyé mungguh nasibé sastra Jawa sawisé kamardikan taun 1945? Sadurungé taun 1945 Balé Pustaka (Balai Pustaka) minangka penerbit novèl kang pengpengan. Balé Pustaka malah kena diarani minangka raja penerbit novèl Jawa modhern prakarmardikan. Anané sesanggan abot mbélani kamardikaning bangsa saka pokalé Walanda anggoné kepéngin njajah Indonesia manèh njalari pamaréntah durung bisa mbabar novèl Jawa, nganti taun 1952. Para maos mesthi émut anané agresi militer Belanda ing antarané taun 1945 tumekané 1950. Lagi ing taun 1952 Balé Pustaka bisa mlabar novèl manèh. Ing wektu iku (kepara) wiwit 1950) akèh penerbit kang nyithak novèl Jawa kang diarani novèl panglipur wuyung. Para pangarang novèl panglipur wuyung kang kondhang ana sawatara, kayata Any Asmara lan Widi Widayat.
Nitik saka penerbit novèl Jawa modhèrn mau kena kapilah dadi loro, yaiku (a) novèl Balé Pustaka, kang sok sinebut novèl [ 114 ]sèrius lan (b) non-Balé Pustaka, kang lumrah diarani novèl panglipur wuyung utawa novèl pop. Kajaba iku, isih akèh novèl kang kababar ing majalah utawa kalawarti Jawa awujud crita sambung (cerbung). Kalawarti mau, kayata Panjebar Semangat.
Sajroning udakara wektu limalas taun Balé Pustaka mung ngetokaké novèl wolu, yaiku O, Anakku (Th. Surata), Jodho kang Pinasthi lan Serat Gerilya Solo (R.M. Sri Hadidjojo), Sri Kuning (R. Hardjawiraga), Sinta (Sunarna Siswaraharja), Kembang Khantil (Senggono), Ayu ingkang Siyal (Sugeng Cakrasuwignya), lan Kumpulé Balung Pisah (A.M. Saerozi). Novèl-novèl Balé Pustaka iku isiné isih kaya novèl nalika sadurungé kamardikan, kayata, cengkah utawa gèsèhing panemu ing antarané golongan mudha lan golongan tuwa ing babagan pamilihing jodho. Ana ing novèl O, Anakku, Sri Kuning, lan Kembang Kanthil dicritakaké manawa wong tuwa isih kepéngin njodhokaké anaké wadon karo priya saka kulawarga kang sugih. Kosok baliné, para mudha (Rr. Supeni lan Sri Kuning) luwih seneng jejodhoan karo priya weton pamulangan luhur, wis cekel gawé, lan turun priyayi. Malah paraga kang aran Rr. Supèni nékad minggat kanggo nyingkiri pameksané wong tuwané kang kepéngin njodhokaké dhèwèké karo Karna, anaké Martadinata sudagar kang kondhang sugihé. Supeni gembleng tekadé kepingin duwé sisihan kang cocog karo pilihané dhéwé.
“Sanajan aku dipeksa wong tuwaku, aku ora gelem, awit ora dadi cocoging atiku, mula yèn aku nganti diomah-omahké éntuk anaké wong sugih tur ora pengajaran, aku ora bakal suwé ana ing alam padhang kéné, dadi mesthi ora bakal klakon” (O, Anakku, kaca 13-14)
Sikepé Supèni mau laras karo tékadé Sinta (ing buku Sinta anggintané Sunarna Siswaraharja) kang ora kepéngin urip dimaru. Dhèwèké luwih seneng urip ijèn katimbang diwayuh déning Sajarwa.
[ 115 ]“Leloroné pisahan, déné Sinta ngantepi “emoh dimaru”. Yèn Sajarwa isih éling Setyasih, Sinta pilih ijèn, rasaning
atiné dikira kepénak dadi randha, tinimbang duwé bojo, nanging dimaru. Duwé maru iku jaréné rasaning ati kaya digarang sadina-dina” (Sinta, kaca 66-67)
Novèl Kumpulé Balung Pisah béda karo novèl liyané. Pangarang A.M. Saerozi ngangkat babagan kelimput ékonomi sajroning kulawarga pagawé negeri (Mas Sastrasudira). Amarga ora kuwat nampa panandhang urip rekasa awit cupeting blanjané sisihané, Bu Sastra minggat lan urip kumpul kebo karo sawijining sudagar. Pisahing kulawarga mau malah dadi jalaran kamulyané anak-anaké. Ora kajarag, Bu Sastra bisa kumpul karo bojoné lan anak-anaké. Sabanjuré, kabèh padha ndhadha ing kaluputané.
Novèl panglipur wuyung (roman picisan) saya ngrembaka ing taun 1960-an. Novèl Panglipur Wuyung ngemot bab-bab kang gegayutan karo katresnan. Novèl panglipur wuyung uga kanggo ajang propagandha, mliginé kang gegayutan karo babagan mbélani negara.
Novèl-novèl kang kena kagolongaké panglipur wuyung, kayata tangisé Kenya Ayu (Anyi Asmara), Dhawet Ayu, (Widi Widayat), Randha Gandrung (Sutarno), Sukma Nungka Tresna (Sudharma K.D.), lan Gelung Sala Gawé Gendra (Anis, B.A.) Amarga crita lan gambar-gambar ilustrasi ing novèl-novèl mau sajak vulgar, mula ana sawenèhing novèl panglipur wuyung kang ora olèh sumebar ing masyarakat amarga diarani novèl porno (lékoh). Ana uga novèl picisan kang ngemot bab politik lan social. Racaké bab-bab mau diolah ing crita asmara. Pemberontakan G 30 S/PKI uga kaangkat déning pangarang ing novèl-novèl saku.
SANDI ASMA LAN SANDI KARSA
Para sutrisna mesthi wis tau utawa asring midhanget tembung sandi asma, nanging bokmenawa arang mrangguli tembung sandi karsa. Tetembungan iku mau wis kaprah ing jagating kasusastran Jawa, mirunggané ing tembang macapat. Bédané, sandi asma kuwi wis ana wiwit tembang macapat gagrag lawas (klasik), déné sandi karsa lagi tinemu ing tembang macapat utawa [ 116 ]geguritan gagrag anyar (modhèrn). Banjur apa sandi asma lan sandi karsa kuwi?
1. Sandi Asma
Tembung sandi asma kuwi dumadi saka tembung sandi kang mengku teges ‘wadi, winadi, sinamun, sinamar, ora melok’. Jeneng kang sinamun kuwi lumrahé jeneng utawa asmané pangarang, pangripra, utawa pujangga.
Sandi asma kuwi béda karo jeneng sesinglon (jeneng samaran). Jeneng kang diwedharaké ing sandi asma kuwi jeneng utawa asmané pangripta (punjangga) kang satenané (jeneng asli), yèn jeneng sesinglon awujud jeneng liya, dudu jenenging asli pangarang. Soebagiyo Ilham Notodidjojo (nalika jaman Jepang), upamané, sok nganggo jeneng sesinglon Angga Jali, Arga Lawu, Satria Wibawa, Damayanti, utawa Endang Murdiningsih nalika ngarang geguritan utawa crita cekak. Contoné manèh, Poerwadi Atmodiharjo ing karangané uga sok nganggo jeneng sesinglon Harja Lawu, Habra Markata, Sri Ningsih, Sri Juwariyah, Abang Istar, utawa Kenthus. Bèdané manèh, sandi asma iku ditulis sinamun sajroné karangan; jeneng sesinglon ditulis cetha lan pisah saka blegering karangan.
Panulisé sandi asma kuwi lumrahé mangkèné.
- (a) Jenenging pangarang (pujangga) dipilah-pilah, dipedhot-pedhot, utawa diprèjèngi adhapur wanda-wanda utawa aksara-aksara.
- (b) Prèjènganing jeneng kang adhapur wanda-wanda utawa aksara-aksara mau banjur dipacak ing saben wiwitaning gatra, ing wiwitan saben pedhotaning tembang, utawa ing saben pungkasaning gatra (ukara).
Panganggoné sandi asma kuwi mengku ancas warna-warna, kayata, pangarang (pujangga) ora kepéngin mamèraké jenengé kanthi mélok, supaya asil cipta riptané ora gampang diaku déning wong liya, bisa kanggo marsudi keprigelan ngolah tembung, lan sapituruté. Sandi asma kuwi dianggo mratah wiwit jaman [ 117 ]Surakarta. Ing wektu iku pujangga kang gambèn nganggo sandi asma (kena diarani kang mandhégani), yaiku Radèn Ngabèi Ranggawarsita.
Supaya cetha, ing ngisor iki kapethikaké conto tembang kang mengaku sandi asma.
Rarasing kang sekar sarkara mrik, dènaksama dèning sang sudyarsa, ngawekani wengkuning rèh, bèrawèng para ratu, ilangé kang sesengker sarik, rongas wèsthining angga, gagating tyas antuk, wartaning kang para tama, sinung tengran sembah trus sukaning budi, tataning kang carita.
Wanda-wanda wiwitan saben gatrané tembang iki yèn digathukaké saka kang sapisan nganti pungkasan minangka asmané pujangga kang nganggit tembang mau, yaiku Raden Ngabèi Ranggawarsita.
Conto manèh panulis sandi asma kaya kang tumrap ing tembung dhuwur mau bisa disemak ing pethikan tembang Kinanthi ngisor iki. Yèn wanda-wanda kawitan saben gatraning tembang iki digathuk-gathuké, bakal tinemu jeneng utawa asmané wong kang ngripta tembang, yaiku Ki Martosuwita.
Kinanthi sujanma idhup, mardi mardawèng palupi, tama tumanem mrih bisa, susulangé janma nguni, winuruk ing tapa brata, tatané wirit puniki.
2. Sandi Karsa
Tembung sandi karsa dumadi saka sandi lan karsa. Kaya kang wis dirembug ing dhuwur mau, sandi mengku teges ‘wadi, winadi, sinamar, sinamun, ora melok’. Dèné sandi karsa kuwi ‘karep, ancas, tujuan kang sinamun, sinamar, utawa winadi’.
Ana wong kang ngarani sandi karsa kuwi sandi ukara. Sanajan béda tetembungané, sandi ukara kuwi tegesé ora béda karo sandi karsa. Ukara kang dikarepaké ing kéné yaiku ‘rerangkèning tembung kang kanggo mahyakaké (medharaké) cipta utawa gagasan, rasa pangrasa, utawa kekarepan’. Karep utawa gagasan kang [ 118 ]lumrahé kapacak kanthi sandi karsa kuwi mèh padha karo carané nulis sandi asma. Conto panulisé sandi karsa bisa disemak ing pethikan tembang Dhandanggula anggitané T. Ismoyo (Jaya Baya, Mei 1991) ngisor iki.
Memanisé sastra kang rinakit, atur puji kinarya pambagya, hardiknas ing warsa mangké, anggung dènémut-émut, rinten dalu tan bisa lali, gegayuhan jinangka, yekti kudu runtut, ambangun mekaring bangsa, pangudiné tumuju bebrayan sam,i èdi éndah sinedya.
Nyata luhur lelabuhanéki, gegebengan rinegem pra dwija, éwuh gugup ben dinané, tansah anular tutur, anyrambahi sagung pra murid, nggegulang tri prakarsa, dimèn lebdèng kawruh, ing pakaryan mrih trengginas, nalar mulur rinengga ambeg bèr budi, anjrah mring para siswa.
Pepénginan kang samya kaèsthi, esthining tyas maujud kanyatan, nyata bisa kalakoné, dina-dina kepungkur, iku dadi landhesanèki, dina kang bakal teka, ing pangangkah tumus, kita bangsa Indonesia, anemahi jaman lir kencana rukmi, nyrambahi Nusantara.
Tembang karangané T. Ismoyo iki minangka mèngeti Hari Pendidikan Nasional. Yén aksara-aksara saben wiwitaning gatra kabèh, wiwit gatra sapisan nganti pungkasan ing tembang telung pada iku, digathuk-gathukaké kanthi urut, bakal tinemu unèn-unèn utawa tetembungan “Mahargya Pèngetan Dina Pendidikan” kang minangka sandi karsa sing dipacak ing tembang mau.
GOLÈK GENI ADEDAMAR
Unèn-unèn kang kapacak ing dhuwur iki yèn disurasa kanthi wantah ora kalebu ing nalar. Liré, apa ana wong golèk geni kok nggawa damar? Ing mangka, damar utawa diyan kuwi rak wis ana geniné?
Unèn-unèn kuwi pancèn dudu ukara lumrah, ora mathuk yèn mung disurasa kanthi wantah adhedhasar tetembungané. Jalaran, unèn-unèn mau adhapur (ukara) isbat, yaiku ukara pepindhan kang mengku piwulang ngèlmu tuwa (ilmu gaib), filsafat utawa ngèlmu kasampurnan. Tetembungan golék geni ing [ 119 ]unèn-unèn mau pepindhané wong ‘golèk ngélmu’. Tembung adedamar (nggawa damar utawa diyan) mengku surasa pepindhan ‘sangu (nggawa) ngèlmu’. Kanthi mangkono, unèn-unèn golék geni adedamar kuwi mengku surasa ‘wong golèk ngèlmu (maguru) kudu nduwèni pawitan ngélmu utawa kawruh kang bakal dicecep utawa disinau’.
Ukara isbat kuwi wus ajeg panganggoné, ora kena diowahi. Saupama owah, owah-owahan mau mung dumunung ing dhapukané, ananging surasané tetep ora owah. Conto ukara isbat kang surasané padha karo golèk geni adedamar nanging béda pandhapuké, upamané, ngangsu apikulan warih. Tembung ngangsu (golèk banyu) iku mengku surasa pepindhan ‘golèk ngèlmu’ utawa ‘maguru’, apikulan warih (mikul banyu utawa nggawa banyu dipikul) mengku surasa pepindhan ‘sangu ngèlmu’. Kanthi mangkono, unèn-unèn ngangsu apikulan warih kuwi surasané padha karo golèk geni adedamar, yaiku ‘wong maguru (golèk ngèlmu) kuwi kudu wis nduwéni pawitan ngèlmu kang bakal disinau’.
Unèn-unèn kang dirembug iki diarani isbat. Déné isbat utawa ibarat pepindhan ing ilmu gaib iku ana sawatara, upamané, mangkéné.
- Golèkana tapaké kuntul nglayang.
Surasané: ‘Wong urip iku ngertia marang keplasing sukma kang ana ing sajroné raga, menyang ngendi samengkono’. - Golèkana gigiring punglu.
Surasané: ‘Wong urip iku ngertia jatining urip sing temenan’. - Kodhok ngemuli lèngé.
Surasané: ‘Jiwaning manungsa (sukma) iku bisa ngerèh marang ragané’.
PARIBASAN, BEBASAN, SALOKA
Ing jagating kasustraan Jawa ana unèn-unèn kang diarani paribasan, bebasan, lan ana kang diarani saloka. Unèn-unèn kayata, (a) kebo nusu gudèl, (b) anak polah bapa kepradhah, (c) ancik-ancik [ 120 ]pucuking eri, katonè wis mbalung sungsum tumrapé wong Jawa. Éwa semono, ora sadhéngah wong bisa milah endi unèn-unèn kang diarani paribasan, bebasan, lan saloka kuwi. Ana wong kang duwé panemu yèn kang diarani saloka iku ora ana bédané karo paribasan, lan sapituruté. Mula ora mokal yèn ana wong kang ngarani unèn-unèn kang kasebut ing dhuwur iku kabèh kalebu paribasan. Ing mangka, unèn-unèn kang kasebut ing (a) iku kalebu saloka, unén-unén (b) iku paribasan, lan unèn-unèn (c) kalebu bebasan. Katerangané, mangkéné.
(1) Paribasan
Paribasan iku unèn-unèn kang ajeg panganggoné, ora mengku surasa pepindhan, lan tetembungané (kabèh utawa sapérangan) mawa teges éntar. Jalaran ajeg panganggoné, ukara paribasan iku ora kena diowahi tatanané, ora kena disalini tetembungé, lan uga ora kena dikramakaké.
Jumbuh karo paugeran iki, unèn-unèn kang kasebut ing (b), yaiku anak molah bapa kepradhah, kalebu éwoning paribasan. Unèn-unèn iki ajeg panganggoné, lan ora bisa dikramakaké upamané, dadi anaké molah bapaké bakal kepradhah; bapa bakal kepradhah yèn anaké molah; putra molah bapa kepradhah.
Unèn-unèn anak molah bapa kepradhah mengku surasa ‘menawa anak tumindak ora prayoga, bapa utawa wong tuwané mesthi kesempyok tumindaké mau (mèlu ngrasakaké)’. Ing kéné cetha yèn unèn-unèn iki mengku surasa saluguné, ora mengku surasa pepindhan, jalaran apa kang kasebut ing unèn-unèn iki padha utawa jumbuh karo surasané, yaiku ngandharaké bab sesambungané anak karo bapa (wong tuwané).
Tetembungan kang dianggo ing unèn-unèn iki sapérangan mengku teges éntar, yaiku teges silihan utawa teges kang ora saluguné. Tembung molah tegesé kang lugu ‘obah, polah’. Tembung pradhah tegesé kang lugu ‘dhadhag (saguh nampa samubarang pagawéan, loma, gelem nyenyuguh)”. Ing unèn-unèn iki pradhah mengku teges ‘ngrasakaké (kasempyok) tumindaké anak kang ora prayoga’. [ 121 ]Conto unèn-unèn kang kalebu éwoning paribasan, upamané, mangkéné.
- | Bapa kesulah, anak kepolah. ‘Menawa wong tuwa wis mati, mangka ninggal prakara, anak wajib tanggung jawab.’ Kesulah ‘kena ukuman’, ‘diukum sarana dikrocok ing gegaman (ditumbaki)’. | |
- | Blilu tau, pinter durung nglakoni. ‘Sanajan wong bodho yèn kulina nindakaké mesthi luwih prigel katimbang wong pinter nanging durung tau nindakaké’. | |
- | Tuna satak, bathi sanak. ‘Tuna (rugi) dhuwit sathithik ora dadi ngapa, angger wuwuh mitrané.’ |
(2) Bebasan
Bebasan iku unèn-unèn kang ajeg panganggoné, ngemu surasa pepindhan, lan tetembungané mengku teges éntar. Déné kang dipindhakaké yaiku kaanané wong, wewatakan utawa sesipatané wong, utawa tindak-tanduké uwong. Kanthi paugeran iki bisa disumurupi yèn unèn-unèn ing dhuwur mau kang kalebu éwoning bebasan yaiku unèn-unèn (c) ancik-ancik pucuking eri.
Unèn-unèn iki ajeg panganggoné lan ora kena diowahi, upamané, dadi ngadeg ing pucuking eri, ancik-ancik pucuking edom, lan sapiturute. Unèn-unèn iki ngemu surasa ‘kaanané’ wong kang samangsa-mangsa bisa kena ing bebaya’. Ing kéné kaanané wong kang kaya mangkono kuwi dipindhakaké ‘ancik-ancik pucuking eri’.
Kabèh tetembungan kang dianggo ing bebasan kuwi mengku teges éntar, ora mengku teges kang saluguné. Tembung ancik-ancik iku tegesé kang lugu ‘napak, mancad, utawa ngadeg ing sadhuwuring…’, pucuking eri tegesé kang lugu ‘lanciping eri’. Ananging, ing sajroné bebasan mau ancik-ancik mengku teges ‘kaanané’ wong lan pucuking eri mengku teges ‘bebaya’ utawa ‘kasusahan’, was sumelang’.
Conto unèn-unèn kang kalebu éwoning bebasan, upamané, mangkéné. [ 122 ]
- | Madu balung tanpa isi. ‘Prekaran (regejegan) bab kang sepélé, saupama menang ora ona pituwasé’. | |
- | Didhadhunga medhot, dipalangana mlumpat. ‘Gemblenging tékad kanggo nggayuh idham-idhaman kang ora kena dipenggak, kudu didindakaké.’ | |
- | Ora ganja, ora unus. ‘Dhasar ala rupané, ala pisan bebudèné (ora ana pilihané rupa lan bebudèné)’. |
(3) Saloka
Saloka iku unèn-unèn kang ajeg panganggoné, ngemu surasa pepindhan, lan tetembungané mengku teges éntar. Déné kang dipindhakaké yaiku wongé, kang kanggo pepindhan bisa kéwan utawa barang.
Jumbuh karo paugeran, unèn-unèn kang kasebut ing (a), yaiku kebo nusu gudèl, kalebu éwoning saloka. Unén-unèn iki ora kena diowahi tatanané, ora kena disalini tetembungané, lan ora bisa dikramakaké, upamané, dadi gudèl nusoni kebo; sapi nusu pedhèt; maésa nesep gudèl, lan sapituruté.
Unén-unèn kebo nusu gudèl mengku teges ‘wong tuwa njaluk wulang (ngangsu kawruh) marang wong kang luwih enom’. Ing kéné cetha yèn saloka iku ngemu surasa pepindhan, kang dipindhakaké wong, yaiku wong tuwa kang dipindhakaké kebo lan wong kang luwih enom dipindhakaké gudèl. Kejaba kuwi, tetembungan ing sajroné saloka mengku teges éntar. Tembung nusu ing saloka iki tegesé njaluk wulang, ngangsu kawruh’, ora mengku teges saluguné ‘ngombé banyu susu (saka ing susu)’.
Conto saloka liyané, mangkéné.
- | Asu gedhé menang kerahé. ‘Wong kang gedhé panguwasané yèn prekaran karo wong cilik, amarga kuwasa, mesthi menang wong gedhé’. | |
- | Belo mèlu seton. ‘Wong kang anut grubyug, ora ngerti kang dirembug.’ | |
- | Timun mungsuh durèn.’Wong ringkih memungsuhan karo wong kang gagah prakosa’. |
- | Palang mangan tandur. ‘Wong kang dipracaya njaga keslametan, nanging malah ngrusak kang dijaga’. |
PARIKAN
Ing jagating kasusastran Jawa ana unén-unén kang diarani parikan. Unén-unèn kang diarani parikan kuwi dhapukané nganggo purwakanthi, lumrahé purwakanthi guru swara. Saben parikan dumadi saka rong pérangan, yaiku pérangan sapisan diarani purwaka utawa bebuka lan pérangan kapindho diarani wos, nges utawa isi. Pérangan sapisan diarani purwaka utawa bebuka jalaran tetembungan kang dianggo ing pérangan iki ora mengku teges utawa ancas kang wigati kajaba mung kanggo narik kawigaténé wong supaya nggatèkaké wos utawa isining pitutur, panemu, lan sapituruté kang diwahyakaké ing pérangan kapindho. Saben sapérangan dumadi saka rong gatra lan saben gatrané ana kang adhapur 4 wanda lan ana uga kang adhapur 8 wanda. Contoné mangkéné.
- Parikan kang adhapur (4 wanda + 4 wanda) x 2Parikan (a) nganggo purwakanthi (bi)t – (be)d, - (we)t; (b) nganggo purwakanthi ut –ul, ut – ul; (c) nganggo purwakanthi theng – thong, theng – thong. Parikan telu ing dhuwur iku siji lan sijiné bisa dipérang dadi loro. Pérangan siji awujud purwaka utawa bebuka, yaiku (a) obat-abit, ubad-ubed, (b) ana semut, mlebu gendul, (c) singgah klenteng, anèng genthong. Pérangan loro disebut wos, nges, utawa isi, yaiku (a) ora ubed, ora ngliwet, (b) aja manut, sétan gundhul, lan (c) wongé ngganteng, saké kothong. [ 124 ]
- Obat-abit, ubad-abed
Ora ubed, ora ngliwet - Ana semut, mlebu gendul
Aja manut, sétan gundhul - Singgah klentheng, anèng genthong
wongé ngganteng, saké kothong
- Parikan kang adhapur (4 wanda + 8 wanda) x 2:
Parikan (a) nganggo purwakanthi ar – ar, ar – ar; (b) nganggo purwakanthi yang – tang, yang – tang; (c) nganggo purwakanthi i – i. i – i. Parikan-parikan iki uga dumadi saka rong pérangan. Pérangan sapisan, yaiku larikan dhuwur, diarani purwaka utawa bebuka; pérangan kapindho, yaiku larikan kang ngisor, diarani wos, nges, utawa isiné parikan. parikan (a) nganggo purwakanthi tu – né, tu – né lan parikan (b) nganggo purwakanthi ang – ra, ang – ra.- Kembang mawar, ditandur tengahing latar
Ati bingar, lamun mentas nampa bayar - Kembang puyang, pantesé wadhahi rantang
Awak mriyang, tanggal tuwa tagih utang - Kembang mlathi, dironcé gandané wangi
Ngaku suci, jebulé jago korupsi
- Obat-abit, ubad-abed
Kajaba parikan-parikan kaya mangkono mau, ana uga parikan kang dhapukané rada nyebal saka paugeran, yaiku cacahing wandané ora ajeg papat utawa wolu. Contoné, mangkéné.
- Tembok, ting calonéh (2 wanda + 4 wanda)
Muni kapok, bali manéh (4 wanda + 4 wanda) - Numpak sepur mudhun Tugu (8 wanda)
Ilang sepuré kari tuguné (10 wanda)
Nganggo pupur kétok ayu (8 wanda)
Ilang pupuré kétok panuné (10 wanda) - Lurik-lurik ulané sawa (9 wanda)
Ndhasé cilik buntuté dawa (9 wanda)
Yèn nglirik sing duga prayoga (9 wanda)
Sing dilirik rak wis rumangsa (9 wanda)
- Tembok, ting calonéh (2 wanda + 4 wanda)
Sanajan ora ajeg wilanganing wandané, parikan-parikan ing dhuwur isih ngugemi paugeran (1) dumadi saka rong pérangan, yaiku purwaka lan wos utawa isi, (2) saben pérangan dumadi saka rong gatra, lan (3) migunakaké purwakanthi (purwakanthi guru swara). Kanthi mangkono, unèn-unèn kang disebut parikan iku mesthi nduwèni titikan warna telu mau. [ 125 ]SULUK
Suluk ing budaya Jawa kapérang dadi loro. Pérangan kapisan, suluk ing jagating pewayangan. Pérangan kapindho, suluk ing jagating kasustran Jawa. Suluk ing pewayangan ngemu tujuan kanggo nyandra lan nuwuhaké swasana sing salaras karo babakaning lakon. Suluk ing sastra Jawa, yaiku asiling ulah kagunan sastra sing ngemu piwulang karohanèn tasawuf.
Tembung suluk saka tembung Arab silkun utawa sulukun sing tegesé ‘ngulandara’, ‘uriping wong tapa’, lan ‘benang tetalining inten’. Sanajan mangkono, tembung loro mau ditlesih sacara morfologis asalé saka tembung Arab salaka sing tegesé ‘nempuh’, ‘ngliwati’, utawa ‘nggandhèng’. Saka babagan istilah, suluk tegesé: ngulandara sing asipat karohanèn nuju marang Gusti, utawa ngulandara ing dalan karohanèn tumuju marang “Sang Sumber” kanthi katuntun déning guru karohanèn (pir, syaikh, mursyid). Ing basa Jawa, tembung suluk bisa ditegesi laku. Tembung liyané saka suluk yaiku thariqah sing tegesé ‘dalan’. Pawongan sing nglakoni thariqah disebut ahluthariqah. Ing sastra Arab, ilmu suluk tegesé ilmu tasawuf (sufisme). Ing sastra Jawa, suluk tegesé sastra Islam-Kejawèn sing ngemu piwulang mistik nganggo tembang macapat. Ing adat mistik-kejawèn, kaya sing tinemu ing Serat Dewa Ruci, laku karohanèn pindhané kaya lakuné Radèn Brataséna sajroné ngupadi Déwa Ruci. Brataséna kudu perang lumawan buta loro (minangka lambang nafsu ammarah lan luwwamah sing manjing ing anggané. Dhèwèké kudu ambyur ing samodra sing ombaké gedhé, gelut lan matèni ula naga (lambang nafsu sufiyah). Sawusé kasil meper nafsu telung warna mau, Brataséna lagi bisa ma’rifah, malah manunggal karo Gustiné. Kanthi gegambaran bab suluk sing kaya mangkono mau, laku karohanèn ing donyaning tasawuf katon rumit lan angèl dimangertèni, luwih-luwih tumraping kaum awam. Awit saka iku, tumrap pawongan sing arep nglakoni tasawuf, dhèwèké kudu maguru marang guru tasawuf. [ 126 ]Ing sastra Jawa, sastra suluk kapérang dadi rong jinis, yaiku Sastra Suluk Pesantrèn lan Sastra Suluk Islam-Kejawèn. Miturut sejarah, sastra suluk wus tumus ing madyaning sastra Jawa nalika abad kaping nembelas Masèhi. Miturut panalitèn, Cornelis de Houtman (nakodha kapal Walanda) nalika mulih ing negarané ing wiwitané abad kaping pitulas Masèhi, nggawa naskah loro sing ngemot ajaran tasawuf. Naskah-naskah mau banjur kasimpen ing Bibliotik Universitas Leiden, Walanda (Cod. Or. No.266). Miturut pratélané Rs. Subalidinata (1999), sastra suluk iku cacahé akèh banget, upamané Suluk Abesi, Suluk Acih, Suluk Agama Suci, Suluk Aja Tungkul, Suluk Alip, Suluk Alun, Suluk Asmaralaya, Suluk Aspiya, Suluk Balabak, Suluk Bali, Suluk Barongan, Suluk Bayukbasan, Suluk Bayanmani, Suluk Bayan Maot, Suluk Bayanolah, Suluk Bayan Mujdah, Suluk Bidho Wulung, Suluk Bodho, Suluk Bonang, Suluk Budiman, Suluk Buni Rasul, Suluk Burung, Suluk Bustam, Suluk Craki Jejampi, Suluk Daka, Suluk Darmana, Suluk Dulit, Suluk Durun, Suluk Dhandhang, Suluk Gandrung Purwacampur, Suluk Gedhong, Suluk Humul Brahim, Suluk Hidayatolah, Suluk Jaka Rasul, Suluk Jalma Luwih, Suluk Jatirasa, Suluk Jaya Lengkara, Suluk Jawi, Suluk Jèbèng, Suluk Johar Mungkin, Suluk Kadresan, Suluk Kaga Kridhasopana, Suluk Kahar, Suluk Kakang Dhudha, Suluk Kaki Tuwa, Suluk Kalipa, Suluk Kamar Arjun, Suluk Kedhap Kilat, Suluk Kutub, Suluk Lirdon, Suluk Lonthang, Suluk Luwang, Suluk Madkur, Suluk Makripatolah, Suluk Malang Sumirang, Suluk Mangkin Nembé, Suluk Mangun Sabda, Suluk Martabat Sanga, Suluk Masalah Patih, Suluk Mikrad, Suluk Memiringi, Suluk Murni, Suluk Muswarah, Suluk Mustakarancang, Suluk Naim, Suluk Nalakridha, Suluk Nupirin, Suluk Ngabdulsalam, Suluk Ngatih, Suluk Pancadriya, Suluk Paésan Wahyu Jatmika, Suluk Paésan Jaya, Suluk Paésan Wajib, Suluk Panamar Jati, Suluk Panitibaya, Suluk Pathak Modin, Suluk Pawèstri Samariyah, Suluk Pè, Suluk Peksi, Suluk Pradaya, Suluk Pralaya, Suluk Prasidajati, Suluk Prawan Mbathik, Suluk Prawan Ngantih, Suluk Puji, Suluk Purwadaksina, Suluk Purwakanthi, Suluk Purwa Sari Rasa, Suluk Radèn Putra, Suluk Rahkapi, Suluk Rasamurti, Suluk Ratna, Suluk Resi Driya, Suluk Ronggèng, Suluk Sejati, Suluk [ 127 ]Sakaratul Maot, Suluk Tabarit, Suluk Samud Ibnu Salam, Suluk Sandhi Pasthitha, Suluk Sangkan Paran, Suluk Sèh Abdul Salam, Suluk Sèh Madkur, Suluk Sèh Malaya, Suluk Sèh Maulana, Suluk Sélabranti, Suluk Séwaka, Suluk Sidabrangti, Suluk Sidalamong, Suluk Sirulustad, Suluk Sopanalaya, Suluk Sudarsa, Suluk Sujinah, Suluk Sukarsa, Suluk Sukma Lelana, Suluk Suryalayu, Suluk Surlalengkara, Suluk Suryapralaya, Suluk Tambangraras, Suluk Tékawedi, Suluk Topèng, Suluk Togog, Suluk Tuhu Linglung, Suluk Walèh, Suluk Walisanga, Suluk Wayang, Suluk Wejang, Suluk Wregul, Suluk Waringin Sungsang, Suluk Wujil, lan Suluk Wirid Hidayatjati.
KAWINDRA
Ing madyaning sastra Jawa Kuna ana tembung kawindra. Kawindra, yaiku sawijining kawi ‘juru gurit’ sing kaloka utawa gambèn. Kanthi gelar sing kaya mangkono mau, kawindra oleh kalungguhan minangka ‘pangéran’ ing antaraning para juru gurit kakawin. Sawijing kawi bisa nampa gelar kawindra amarga saka peparingé ratu. Sawusé sawijining kawi oleh gelar kawindra, kawi banjur dadi juru gurit kraton.
Kawi sing wis olèh gelar kawindra uga nuduhaké menawa kawi kasebut satemené sawijining juru gurit sing duwè kapinteran lan kabisan kang linuwih. Amrih bisa olèh gelar kawindra, sawijining kawi kudu sregep nulis lan tansah ngundhakaké kaluwihané ing babagan nulis kakawin sing tundhoné bisa ngungkuli para kawi liyané. Sanajan wis diparingi gelar kawindra, sawijining kawi kudu tansah ngatonaké trapsilaning tindak lan andhap asor. Kawindra ora dikeparengaké sesongaran. Gegambaran iki bisa disimak ing panutuping kakawin. Ing panutup mau, kawindra wajib mblakakaké menawa dhèwèké iku wong bodho lan ora duwé kabisan.
Kalungguhan minangka kawindra sing disandhang déning sawijinig kawi iku satemené kalungguhan sing mirunggan utawa minulya ing madyaning bebrayan agung. Awit saka iku, sapa baé sing dicandra utawa ditulis déning kawindra ing kakawin-é [ 128 ]mesthi rumangsa bombong lan seneng. Ora mung kuwi, para dhayang ing kraton sing wus naté dadi sisihané kawindra dipercaya yèn luwih pinter ing babagan tatakrama lan subasita ing antarané dhayang-dhayang liyané. Menawa sawijing kawindra nggurit kakawin sing isiné ngluhuraké ratu lan ratu kasebut bisa nampa, kawindra bakal diparingi bebungah déning ratu. Bebungah saka ratu marang kawindra mau arupa tanah lan karas. Kanthi bebungah kasebut, sang ratu kagungan pepénginan supaya kawindra tansah bisa ngundhakaké kaluwihané sajroning makarya dadi juru gurit kraton. Kejaba kuwi, ratu uga duwé pangajab menawa panjenengané wis nuduhaké rasa sarujuké marang kawindra anggoné makarya minangka juru gurit kraton.
BABAD
Babad iku jinising sastra Jawa sing isiné arupa campuran sejarah, mitos, lan kapercayan. Adhedhasar isiné, babad bisa kapérang dadi telung warna, yaiku (1) babad sing isiné ngemot sejarah, upamané Babad Tanah Jawa, Babad Kartasura, Babad Banten, Babad Bandawasa, Babad Pacitan, Babad Pathi, Babad Wirasaba, Babad Kebumèn, lan liya-liyané; (2) babad sing isiné ngemot labuh-labeté sawijing tokoh, upamané Babad Ajisaka, Babad Arungbinang, Babad Dipanegara, Babad Mangkubumi, Babad Pakualaman, Babad Sultan Agung, Babad Trunajaya, Babad Untung Surapati, lan sapanunggalané; lan (3) babad sing isiné ngandharaké sawenèhing kadadéan, upamané Babad Bedhah Ngayogyakarta, Babad Giyanti, Babad Pacina, Babad Pakepung, lan liya-liyané.
Puspa
Rinonce
Buku Puspa Rinoncé punika isi katrangan-katrangan bab tembung-tembung Jawi sarta panganggénipun ingkang asring dipunanggé ing padintenan déning masyarakat umum utawi para pamedhar sabda, ingkang sok-sok kirang trep lan boten dipunmangertosi déning ingkang sami mirengaken.
Sanèsipun punika, Puspa Rinoncé ugi ngewrat bab kasusatran lan bab pamilihing tembung Jawi ingkang kirang trep panganggénipun lan katerangaken kados pundi trepipun supados para sutresna basa Jawi, sasampunipun maos Puspa Rinoncé punika lan mangertos étimologi utawi asal-usuling tembung wau, sami saged ngginakaken basa Jawi kanthi laras lan leres.