Menyang kontèn

Fitri Tropica

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Fitri Tropica
LairFitri Rakhmawati
Jeneng liyaFitri Tropica
Pakaryanaktris, model, penyiar, penyanyi, presenter

Fitri Tropica (lair ing Bandung, 26 Sèptèmber 1987; umur 36 taun) ya iku aktris, penyiar radio, lan panatacara Indonesia, Dhèwèké kondhang karo jeneng Fitri 'Lebay' Tropica.[1] Babagan iku amarga Fitri kang meranaké De Rahma ning acara NEW PRIME TIME kang tayang ning Trans TV.[1] Dadi De Rahma, dhèwèké kudu meranaké karakter kang lebay (berlebihan).[1] Awit iku, gaya lebay dadi ciri khas Fitri nalika ning nduwur panggung.[1]

Para artis kang lomba nyipta karakter dhéwé-dhéwé supaya dikenal karo masarakat.[2] Béda karo Fitri, karakteré kang lebay mau gudu digawé-gawé, karakter iku kacipta saka adhaptasi pergaulané ing lingkungan enom.[2] Dhèwèké duwé wadhah kanggo nyiptakaké dinamika kang kadadian ning masarakat.[2]

Awit cilik, Fitri wus seneng ngobrol, nganti guruné nalika sekolah nulis ning rapoté, 'Kurangi ngobrol'.[1] Amarga iku, dhèwèké njajal karir dadi panyiar radio ning Bandung, lan dinobataké dadi Most Female Announcer Ardan FM nalika taun 2007.[1] Saka namung cuap-cuap ning radio dhèwèké nyoba ning dunya akting, Fitri wiwit nyoba donya presenter ning televisi.[1] Karo gayané kang ora diilangaké, Fitri laris dadi pambawa acara.[1] Kaya ta MISSING LYRIC, CERIWIS lan NARSIS.TV.[1] Sinetron kang tau diperanakaé déning dhèwèké ya iku EXTRAVAGANZA ABG, lan SKETSA ABG.[1]

Ning tengah kasibukané dadi aktris lan presenter, nanging urusan pendidikan esih tetep diutamakaké.[1] Buktiné, IPK Mahasiswi Universitas Padjajaran Jurusan Komunikasi iki kagolong gedhé, IPK Fitri 3,5.[1]

Babagan urusan asmara Fitrop tau njalin gayutan karo Riza Shahab, meski akiré ora dilanjutaké manèh.[1] Fitria uga tau dadi model vidio klip Vidi Aldiano ning lagu kang judhulé Status Palsu, anggawa berkah dhéwé-dhéwé.[1] Pisanan iku bisa anggawa bali panghargaan 'Best Model on Clip' nin ajang MTV Indonésia Awards School of Music kang dilangsungaké nalika tanggal 25 November 2009.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o biografi fitri tropica dipununduh tanggal 16 Juli 2011
  2. a b c Fitri Tropica Ciptakan Karakter Dari Pergaulan dipununduh tanggal 16 Juli 2011